Sabtu, 01 Oktober 2016



    LUNGSET ATIKU
         Dening:  Trisna Cahya Safitri
               
      Apa iki sing jenenge tresna? Nalika aku nyanding slirane atiku iki tansah tratapan. Esemane iku agawe atiku bungah. Tresna sing wis agawe aku bedha, agawe atiku ora penak. Turu ora iso merem, mangan ora krasa wareg, sing ana mung ayang-ayange wong sing tak tresnani. Aku wis kedanan tresna marang slirane. Slirane sing agawe atiku rasane ora karu-karuan kaya sakiki.  Jenenge Ratih, wis ana rong wulan aku cedhak karo dheweke. "Kena apa mas kok mesam mesem ngetne aku? Apa ana sing aneh karo penampilaku?" Pitakone dhik Ratih marang aku. "Ora dhik, sampeyan ketok saya ayu dina iki mau". Aku tresna banget marang Ratih, nanging sayange Ratih iku statuse wis randha anak siji. Anake umur patang taun. Sing sakiki di openi mbahene ana ing Jawa Tengah. Bojone sing biyen wis tilar donya amarga kacilakan ing panggonan kerjane. Dhik Ratih sakiki nyambut gawe dadi pembantu ing sanding panggonan kerjaku. Saben aku ngaso mesti dheweke nggawakake panganan dak enggo mangan awan. Kekarepanku, amarga aku lan dhik Ratih uwis cedhak suwi, aku kepingin hubunganku karo dhik Ratih iso luweh raket maneh. Aku wis ngrasa cocog karo dheweke. Dheweke iso pangerten marang awakku, sabar lan sing paling tak demeni yaiku tata kramane sing apik banget, sholehah, ora kaya wong wadon liyane.
      Ananging ana siji sing agawe atiku susah, wong tuwaku ora nyetujoni yen aku nggawe omah-omahan karo dheweke. Amarga dhik Ratih kuwi randha anak siji. Lan ana maneh sing agawe aku soyo ora oleh mbangun omah-omaham karo dhik Ratih, miturut itungan jawa anak mbarep karo anak ke telu iku ora oleh rabi, Amarga ora becik. "Bapak, nyuwun pangapuranipun, kula niki saestu sampun tresna sanget kalian dhik Ratih, ati kula niki sampun srek, mboten enten ingkang saged nggantosi piyambakipun ing ati kula Bapak". Bapakku amung bisa ngelus dada pas aku ngomong ngno mau, bapakku kaget banget  eruh yen anak mbarepe ora gelem manud karo omongane. Bapak amung wedi yen mbesukke yen aku mbangun omah-omahan, akeh pacobaning uripe. "Le, yen kowe panggah arep rabi karo ndhuk Ratih ya karepmu, masalah ati ancene ora iso di peksa le, bapak karo ibuk amung bisa ngelengake, yen Ratih iku wis Randha anak siji. Pikiren maneh mateng-mateng yo le omongane bapakmu iki". Aku soyo bingung kudu piye sakiki, aku wis ora biso yen urip tanpo dhik Ratih, nanging aku ya ora mungkin nglangkahi omongane wong tuwaku. "Nggih bapak, mangke kula rembugaken maleh kalian dhik Ratih pripun penake". Suwi meneng-menengan, bapakku omong maneh "deloken ibukmu kuwi le, nangis ae yen kowe panggah nekat arep rabi karo randha anak siji kuwi, opo kowe ora mesakne ibumu? Ndah ati piye omongane tonggo le thole. Yen kowe sik joko, rabi karo randha anak siji." Omonge bapak karo mripate kaca-kaca.
      Aku kudu piye sakiki? Apa aku nglalekake Ratih ae? Apa aku golek wong wadon liya ae? Sing isih perawan kinyis-kinyis. Tapi cah wadon jaman saiki ora isa di tebak piye watake, piye kelakuane. Bocah enom jaman sakiki wis akeh sing bubrah. Ora manut karo wong tuwa. Aku wis ora iso yen golek ganti, ning ati iki mung enek jenenge Ratih Ratih lan Ratih. Aku kudu omong-omongan sing tenanan soal masalah iki karo dhik Ratih sesuk. Masalah iki ora iso di anggep sepele. Kudi di rembugne sing temenan, kudu isa narima resiko sing bakalan kedadeyan. Kudu siap.
Sesuke aku ketemu karo dhik Ratih ing taman Sukowati, taman sing gawene tak parani karo dhik Ratih yen wayah ketemu ngeculne kangen. "Dhik, apa sampeyan temenan tresna marang aku?" Takokku karo nggegem tangane dhik Ratih. "Ana apa ta mas, sampeyan kok ngendikan ngoten? Apa sampeyan ora percaya karo kasetyanku?". Aku bingung arep nglekasi crita saka ngendi. Aku ora tega yen ngomong masalah iki dening dhik Ratih. "Mas, ana apa ta? Ojo meneng ae ta mas, ojo gawe aku bingung". Akhire aku alon-alon omong ning dhik Ratih. Yen wong tuwaku ora setuju yen aku rabi karo dheweke. "Apa merga aku randha mas?". Mak dhek mak tratap aku ora iso nyauri yen dheweke omong ngno. Aku amung meneng ae. "Mas, yen sampeyan arep ninggalne aku, aku ora ikhlas mas, aku tresna sanget marang sampeyan. Atiku wis ora iso yen ora nyanding sampeyan mas". Karo nangis, dhik Ratih ndekep awakku. Aku soyo bingung, aku kudu piye. "Dhik, apa awake dewe panggah nekat rabi? Apa sampeyan iso nrima resikone mbesuk yen awake dewe rabi? Aku anak mbarep dhik, awakmu anak nomer telu, miturut itungan jawa iku ora becik yen awake dewe mbangung omah-omahan." Karo nggegem tanganku dhik Ratih ngomong "Mas, aku manut sampeyan, yen sampeyan arep golek ganti aku ikhlas mas. Yen sampeyan panggah rabi karo aku, aku seneng banget, dak trima kabeh resikone sing bakalan nimpa awake dewe". Atiku sakiki wis mantep, yen aku panggah rabi karo dhik Ratih, wong loro sing padha-padha seneng ora ana salahe yen mbangun omah-omahan.
      Sesuke aku nekat omong ning bapak ibukku karo nggowo dhik Ratih, nekat ngomong yen aku kepingin rabi karo dhik Ratih, dak trima kabeh resiko. "Yen kuwi wis dadi kekarepanmu, bapak mung bisa manut le, ndhuk, tresna ora isa di peksa. Tapi kowe kabeh ya kudu ngati-ati. Bapak amung bisa ndongakake muga-muga kowe iso langgeng". Aku karo dhik Ratih seneng banget, banjur sungkem ning sikile bapak lan ibukku. Sawise rembugan suwi, akhire awake dewe wis nemu dina kang apik di engge rabi.
      Sesasi, rong sasi, telung sasi, patang sasi, alhamdulillah ora ana kedadeyan apa-apa karo omah-omahanku. Sampek akhire garwaku posotif ngandhut. Atiku bungah banget. Sak suwene iki ora ana kedadeyan sing ala nimpo omah-omahanku. Tapi sakiki aku mumet, amarga bojoku nyidam e aneh-aneh. Kepingin mangan woh pelem sing isik enom, sing marai aku mumet, saiki uduk pas wayah musim pelem. Aku kepingkel-pingkel golek woh pelem, tapi gak onok sing nduwe. Mergo trah ora musime pelem. Bojoku mrengut ae mergo aku gak oleh woh pelem, aku soyo bingung kudu piye. Aku ngendikan ng bapak lan ibu. "Ya ngno kui le. Yen wong lagi nyidam, usahakno golekno le, ibuk mbien yo ngno kui pas metengmu". Aku panggah ora iso nemokne woh pelem enom sing di karepake bojoku. Sampek akhire bojoku metenge uwis 9 sasi. Ora krasa diluk engkas bojoku bakal nglairne anakku. Tapi aku panggah ngrasa bersalah amarga ora iso nggolekne woh pelem enom. Aku wedi yen anakku mbesuk ileran. "Mas, aku tresna sanget ning sampeyan, jaganen awakmu ojo sampek loro nggih mas". Ora eruh ana apa ujug-ujug bojoku omong ngno. Aku amung bisa meneng lan ndekep awake bojoku. "Mas, wetengku loro mas. Apa aku arep babaran. Aduhh mass. Aduhhh loro mas.  Ayoo ng bidan sakiki" omonge bojoku. Aku bingung kudu piye disek sakiki. Aku omong bapak lan ibuk, jarene langsung kon gowo gone bu bidan. Aku ora tega ngetne bojoku jerit-jerit ngrasakake loro ing wetenge. "Mas, loro mas, aku wis ora kuat" kata-kata kui sing agawe aku soyo bingung. Aku mung bisa nggoceki tangane. Lan ngewehi semangat. Pas ning tengah-tengah proses lahiran ujug-ujug bojoku semaput. "Bu bidan, wonten nopo niki, dhik Ratih kok mboten sadar". Bu bidan coba mriksa keadaane bojoku. "Nyuwun pangapuranipun, garwanipun panjenengan sampun seda". Ngipi. Iki rasane kaya ngipi. Ora mungkin bojoku ninggal aku sak lawase. Ora mungkinnnn..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar