Senin, 03 Oktober 2016

Luluhe Ati Panutanku Dening : Mega Puspita S (20)


            Swara tabuhan gong, gendhang, lan kanca-kancane uga swara para senggak jumleger ing alun-alun Ponorogo. Yo bener pancen iki lagi ana Grebeg Suro tahun 2016. Iki wektu sing tak tunggu-tunggu. Amarga iki usume reog ditanggap. Wiwit cilik aku seneng banget joged opo meneh yen kuwi tari jathil. Aku biasane ditanggap kanggo makili daerahku dewe utawa ditanggap daerah liyane. Umurku isih 17 tahun ananging kelincahanku ing nduwur panggung ora gojag-gajeg meneh.
            “Kala nuwun, tok..tok..tok..?” swarane tamu. “Mangga, mangga eh Pak Lurah, mangga, wonten napa nggeh Pak?”, “Nduk Mayang menyang ngendi kok katon sepi mimpring ngene?” pitakonan Pak Lurah marang Bapak. “Niku Pak, Mayang diutus Ibune tumbas gendhis wonten warung Bu Sarmi.”, “Ooo ngono ta.”, “Wonten punapa nggeh Pak, madosi Mayang?”, “Niki Pak dipun ujuk rumiyin.” Ibu nyaosi Pak Lurah kopi. “Ngene Pak, iki lagi Suro, ing alun-alun iki lagi ana FNRP (Festival Nasional Reog Ponorogo), desane dhewe iki yo melu partisipasi ing acara kui mau, mula Mayang arep dak lebokake grup reog desa, pripun?” pitakon Pak Lurah sing marai Bapak mendel. “Mangke rumiyin kula wicanten kalih rayat kula Pak.”, “Ooo yo wis nek ngono aku tak menyang kantor yo?”, “enggeh Pak, ngatos-atos Pak.”
            Aku sejatine krungu apa sing Bapak lan Pak Lurah mau, aku banjur kedodok atiku, netes eluhku ing pipi. Bapak lan ibuku ora seneng yen aku melu jathil ana ing Reog, aku iki mung oleh sekolah, yen melu kegiatan iku ya mung kaya ta Karang Taruna, Remaja Masjid. Bapak lan Ibuku kepingin aku dadi wong wadon sing becik lan ora neka-neka.
            Tanpa pikir dawa maneh aku banjur nemoni Pak Lurah ing Balai Desa. Aku cepet-cepet budhal ben ora kedisikan Bapak. “Assalamu’alaikum.”, “Wa’ailaikumsalam Nduk Mayang ana apa ta nduk kok ketok kesusu ngene?” pitakon Pak Carik marang aku. “Pak Carik, Pak Lurah wonten punapa mboten?”, “Rene, rene lungguha disik tatanen ambeganmu nduk, Pak Lurah lagi wae  metu menyang Kecamatan.”, “Oh nggeh sampun Pak kula badhe mrika rumiyin nggeh Pak, matur suwun” aku banjur nyandhak motor gas banter menyang Kecamatan.
            Ing latar Kecamatan aku ndelok Bapak metu saka Kecamatan, apa Bapak wis ngendika karo Pak Lurah? Aku kudu kepriye saiki? Bapak wis tindak, aku banjur mlebu Kecamatan lan nggoleki ana ngendi Pak Lurah saiki, nah kuwi Pak Lurah... “Assalamu’alaikum Pak?” “Wa’alaikumsalam nduk Mayang ana apa nduk?” “Bapak kala wau sampun mriki nggeh Pak, kula panggeh wonten ngajeng kala wau?” “Iyo nduk, Bapakmu mau ngendika nek awakmu gak oleh melu reog nduk, yen awakmu melu reog aku seneng banget amarga jathile daerah dhewe, lan upama menang awakmu iso dikirim menyang luar negeri nduk.” “Pak kula purun ndherek Reog niku” wangsulanku kanthi ati mantep. “Piye ta nduk la Bapakmu mau wis ngendika ora oleh”, “Mboten napa-napa Pak, kula kedah nderek Pak.”, “Yo wis nduk yen ngono saben dino sore jam 3 latihan ing lapangan Balai Desa yo?”, “Enggeh Pak matur suwun.”
            Amrih keturutan apa sing wis dadi gegayuhanku saben sore mulih sekolah aku latihan reog karo kanca-kanca sak desa sing wis kegabung ana Paguyuban Reog. Aku ora tau pamit nalika arep latihan amarga aku ngerti dhewe yen Bapak karo Ibu ora seneng yen aku melu jathil.
            “Cah kurang rong dina meneh awake dhewe wis tampil, ayo latihan sing tenanan yo?” pelatihku sing ngelingake marang kanca-kanca. “Iyo mas awake dhewe kudu luwih semangat latihan ben oleh juara” sauranku ben kanca-kanca luwih semangat meneh.
            Saiki kurang sedina aku saya ndredeg arep tampil. Liyane latihan aku uga ora lali karo ibadahku, dadi wong islam yaiku sholat. Aku dijak Ibu menyang pasar blonjo sayuran, amarga sayuran ana omah wis entek. “Bu, wortel pinten setunggal kilo?” pitakon Ibuku marang bakul sayur, “Setunggal kilo sak niki gangsal ewu Bu, loh Nak Mayang to?” pitakon bakul sayur karo nyawang aku. “Enggeh Bu, niki kula” wangsulanku. “Nak Mayang dek wingi sore aku nonton awakmu latihan ing lapangan Balai Desa lo” aku kaget banget krungu wangsulane bakul sayur, banjur ibuku ngendikan “Mayang kala wingi sore wonten griya lo Bu”, “Mboten Bu, jogedane Nak Mayang joss lo, nggeh ta Nak?” Ibu banjur nggeret aku mulih menyang omah, aku wis krasa yen Ibu duka marang aku.
            “Pak...Pak, anakmu saiki durhaka marang wong tuwa, dikandani ora nurut wong tuwa.”, “Ana apa ta Bu, yen mulih iku mbok yo salam disik”, “Mayang saiki melu Reog, bakul sayur ing pasar mau omong ning aku Pak?”, “Apa? Mayang melu jathil, bocah ra nurut wong tuwa, kuwalat kowe Nduk!”, “Kula nyuwun pangapunten Pak, kula lepat Pak,” ndingkluk karo netes eluhku. “Kowe saiki wis wani marang wong tuwa, wis kono minggat saka omah.”, “Mboten pak mboten kula nyuwun pangapunten” tangisku saya deres. “Pak uwis Pak uwis, Nduk kowe kok dikandani wong tuwek ora gelem nurut, Ibu kudu ngandani piye meneh ta Nduk?”, “Bu, kula nyuwun pangapunten” aku njaluk pangapura marang Ibu, tapi Ibu ora bisa apa-apa. Kabeh keputusan ana ing Bapak.
            Aku banjur ninggalne omah. Aku nggawa sandanganku, apa salahku mergo melu jathil? Apa dosaku? Ora mandek-mandek tangisku. Pak Lurah nyegat aku ing latar omah. “Lo Nduk Mayang, kok nggawa koper arep nyandi ta Nduk?”, “Kula didukani Bapak, amargi kula nderek Reog Pak, Bapak sampun ngendika menawi kula mboten angsal Pak.”, “Yo wis Nduk kowe turu omahku kene karo Dek Mawar ya, ngko Bapakmu tak urusane.”, “Enggeh Pak matur suwun.”
            Kurang pirang jam maneh wis tampil Reogku, atiku sek ora penak, aku kepikiran Bapak lan Ibu, uga kepikiran tampilku iki mengko. Aku pasrah marang Gusti Allah.

            Aku tampil kanthi totalitas ora mikir apa-apa meneh, sing tak pikir gur siji yaiku aku Reogku juara Nasional. Aku rada ndredeg amarga akeh penonton sing sorak-sorak, aku ndeleng penonton podho tepuk tangan, tapi kaya enek sing aneh banget karo penontone, tibake enek Bapak lan Ibuku ing kono sanding Pak Lurah, kok iso Bapak lan Ibu tepuk tangan kanggo aku? Ngedika apa Pak Lurah karo Bapak? Tanpa pikir meneh semangatku saya dhuwur ae. Aku kaya-kaya ora nduwe beban apa-apa, aku mbrebes ora wedi luntur wedakku, iki tangis bungah. Allah ngijabahi apa kang dadi gegayuhanku. Matur suwun Gusti Allah. Alhamdulillah.... JJ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar