Senin, 03 Oktober 2016

Layang sing Daktunggu

Dening : Diana Ayu Octaviya (12)


Wis ana setahun iki Bojoku riwa-riwi tumekan ngendi-ngendi nganti sak ambane tanah jawa iki uga melu ditekani kanggo nglamar kerja, nanging ora ana sing menehi pegawean marang bojoku. Lha mung nggawe ijasah lulusan SMA, apa ana pegawean sing mbutuhake ijasah SMA ing jaman saiki. Sing sarjana (S1) wae akeh sing dadi pengangguran, lha kok iki malah nggur lulusan SMA.
            “ Kepriye Pak, anggonmu nglamar kerja iki mau ? “ pitakonku marang Bojoku
        “ Ya kaya biasane bu, bu. Dudu rejekine “ jawabane bojoku sinambi nyruput kopi sing lagi dakgawe.
          “ Gek Kepriye Pak, Danu saiki wis kelas 6 SD dilut engkas ya gek SMP, mesti ya ngetokake ragad maneh “ wangsulanku sinambi mbesengut marang bojoku
         “ Iya Bu, iki Bapak ya ngusahakake golek pegawean, sampeyan dongakne wae muga-muga Bapak sesuk oleh pegawean. Tambah ayu Buk, anggonmu mbesengut ngunu kuwi “ jawabane bojoku sing lagi nenangake atiku.
         “ Halah Bapak iki kok ya sik nggombal ta. Amin Pak, muga-muga sesuk Bapak oleh pegaweyan. “ jawabanku sinambi mesem marang bojoku
Dina iki mau, dina sing daktunggu-tunggu kabar saka bojoku amarga dina iki terakhir e bojoku nglamar kerjo ing tanah jawa. Nek saumpama ditolak maneh, kepeksa bojoku arep golek pagawean ing negara liya.
            “ Bu….. Bu……. Bu…… “ swarane bojoku
Krungu swarane Bojoku celuk-celuk, ati iki tansah ndredheg, awak iki wis gobyos dhisik uga arep ngrungokake kabar sing daktunggu kawit esuk mau.
           “ Ana apa Pak ? kepriye lamaran kerjamu ? ditrima apa ora? “ pitakonku sing lagi penasaran
        “ Siji-siji wae ta pitakonmu kuwi. Alhamdulillah Bu, Aku ketrima kerja ing Jawa Tengah, PT Maju Jaya. Ning perusahaan ban, Bu “ wangsulane bojoku
         “ Alhamdulillah Pak, pandongane awake dhewe kawit mbiyen uga dijabah dening Gusti Allah ing dina iki. Kapan Pak mulaine kerja ?“  mbalik anggonku pitakon
          “ Insyaallah sesuk Bu, “  wangsulane sinambi ndelehake tas ning meja
         “ Lhah, cepet banget ta Pak, Alhamdulillah iso ndang kerja “ wangsulanku
         “ Iya Bu, nanging kerjaku ning Sulawesi Selatan Bu, “ wangsulane bojoku
       “ Lha kok ning kono ta Pak, maleh adoh ngunu, jare dekmau ning Jawa Tengah? “ pitakonku maneh
            “ Sing ning Jawa Tengah iku kantore Bu, perusahaane ning Sulawesi kono. Lan sesuk isuk wis budhal rana parane Bu, Piye menurutmu Bu ? “ pitakone bojoku sinambi nyawang aku
            “ Ibu, manut Bapak wae, nek Bapak srek ya ora masalah pak. Wis pokok e terserah Bapak wae lah, endi penak e. lha trus manggone  bapak ning ngendi ? “  pitakonku
            “ iya Bu, ning Sulawesi wae lah Bu, ketimbang kerjo ning negara liya, angur ning negarane dhewe . Masalah panggonan wis diurusi dening direkture Bu. Iki engko dakurus tabungan bakal sampeyan lan Danu Bu, dadi njukuk dhuwit e lewat Bank “  wangsulane bojoku
Seneng opo ora yen krungu kabar iki mau. Aku seneng yen bojoku wis oleh pegawean nanging aku ora lila yen bojoku arep mangkat ning Sulawesi. Bingung rakaru-karuan sing dakrasakake saiki.
Saka sisih wetan lamet-lamet sunaring srengenge wis jumedhul. Saka pucuk godhong katon tumetesing embun katrajang sunaring srengenge werna kuning kang nengsemake ati. Ketambahan kluruke pitik lansaka awang-awang ketawis ana manuk kang menclok ing dhuwur wit randhu. Koper, tas,  lsp uga wis dicepakake ing ngarep omah. Isuk iki terakhire aku ndelok praupane bojoku lan uga anakku sing kawit mau nangis misek-misek amarga weruh bapakke arep tindak adoh. Eluh iki wis ora bisa diempet maneh, siji-siji eluh iki netes ing pipi saya suwe saya deres.
Wis ana 5 sasi iki anggone bojoku kerja ing Sulawesi Selatan. Nanging dheweke durung ngewenehi aku kabar tumekan saiki. Pancen Bojoku lan Aku ora nduwe Telepon ojo meneh HP, desaku iki trah ya desa sing adoh karo kuthane. Sinyal wae ora ana amarga kuwi wong-wong ing desaku bodo ora ndue HP paling ya mung siji loro sing ndue. Dadi ben Aku bisa komunikasi marang bojoku carane ya mung lewat Layang. Layang sing dakkirim kawit dekwingi kok ya ora ana balesan dening bojoku.
Ati iki tansah gelisah, semrawut lan awak iki rasane adhem panas ngenteni layang sing dikirim bojoku. Apa dheweke wis lali marang aku?, Apa layang sing dakkirim urung teka kana?, Apa bojoku lagi sibuk anggone nyambut gawe saengga ora ana wektu kanggo mbales layangku iki? Kabeh pitakonan ing batin kuwi ngebeki pikaranku, tambah mumet sirahku.
Saben isuk, awan , sore aku wis siap-siap jumeneng ing ngarep plataran omah kanggo ngenteni Pak Pos liwat, nanging nganti 5 dina kepungkur iki ora ana Pak Pos mandheg ing ngarep omah lan wis 5 layang sing isine padha uga ya ora ana balesan blas marang bojoku. Kepekso sisuk isuk aku budhal menyang kantor Pos ndelok layang sing dakkirim wis teko ning alamate bojoku apa durung.
Srengenge wis mulai sumunar madangi cakrawala sing maune peteng ndedhet. Godhong-godhong teles karo embun. Wit-witan obah diembus angin esuk sing atis. Suasana sing maune peteng saiki padhang lan katon seger. Padha karo semangatku ngeterake Danu sekolah sabanjure karo menyang Kantor Pos sing jarake 20 km saka omahku, ngenani masalahku kawit wingi. Banjur wis teka ing Kantor Pos, langsung wae daktekokake ing salah sawijine pegawai (bagian customer service). Alamat sing ditujukake ya wis bener, ora ana salah apa-apa lan wis teka ing tujuan 3 dina kepungkur iki, nanging kok ya ora ana balesan. Biasane bojoku nek uwis dikirimi layang uga ndang cepet-cepet dibales.
       “ Maaf mbak, apa ada seseorang yang dari Sulawesi mengirimkan surat untuk tujuan jalan Margapura no. 32 B , Desa Nglayang, Ngrayun, Ponorogo ?” pitakonku marang pegawai kuwi
          “ Sebentar Bu, saya lihat dulu “ wansulane pegawai kuwi sinambi ngothak-ngathik komputere.
Wis 5 menit, nanging pegawaine iku tansah sibuk nggolekki data sing dakkarepake. Dhadha iki katon seseg lan ndredheg banjur pegawaine wis mandheg anggone ngothak-ngathik komputere lan kaya wis nemokake data iku.
              “ Bagaimana Mbak ? “ pitakonku sing lagi penasaran
            “ Memang ada yang mengirimkan surat dari Sulawesi ke desanya Ibu, tapi ini bukan alamat rumah Ibu “ wangsulane pegawai iku
         “ Maaf mbak, itu Sulawesi bagian mana ? alamatnya dimana mbak? Yang dituju di alamat mana mbak ? pengirimnya dari siapa mbak ? “ pitakon-pitakonku iki sing ngebekki pikiranku
“ Dari Bapak Sarmono, Alamatnya Jalan Lheuksumawe, Makassar, Sulawesi Selatan kepada Ibu Suhartini , Jalan Argapura No. 32 B Desa Ngrayun, Ponorogo. Wangsulane pegawai kuwi kanthi sabar
Biyungalahh,, lha iki pancen bener layang saka bojoku. Wis adhem tenan ati iki krungu wangsulane pegawai kantor Pos iku mau. Layang sing daktunggu meh seminggu iki jebule kliru alamat, sing dituju malah ing omahe tanggaku. Yungalah, pak, pak, wis pirang-pirang taun manggon ing ngomah iki kok ya durung apal jenenge dalan ning omahe dhewe… kemekel tenan guyuku ing batin iki.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar