Senin, 03 Oktober 2016

KANGGE RIKO Dening: Ega Nanda



“Nduk-nduk, ana kiriman surat maneh jane saka sapa ta?kok ben minggu ana wae seng  ngirimi surat.Ndarane kene bak kertas seng wes ra kangge” Suwarane ibu kang mbengok-mbengok mlayu karo gawa kertas lan amplop. Kanthi cepet-cepet Nika marani ibuke kang ana neng ruang tamu. “Mbok menawi kangge kula bu” Karo dijaluk saka tangane ibune. “Jajal bukaken lan ibu pengen weroh saka sapa mesti surate iku kok jaluk Nik” Karo rasa penasaran ibune karo nyedek Nika seng arep mbukak surate nanging ora sido banjur Nika mlebu kamar . “Saking rencang kula bu. Rumiyen Nika ajeng teng kamar ngrampungne PR” banjur Nika mlebu kamar lan moco surat ke 22 saka Rian kancane pas SMP nanging sakiki pisah gara-gara Rian SMA neng bedo kutho. Asline surat kabeh kui kangge Nila kembarane Nika , yen kenek didilok kat SMP Rian iku seneng yen kekancan karo bocah kembar iku nanging Rian luweh seneng yen cedek karo Nila seng bocahe kalem,pinter lan ora sombong rada beda karo kembarane wateke luweh beda meh kwalikane Nika kui bocahe judes,ora pati sabar lan bocahe sak menange dewe makane Rian jaga jarak karo Nika. “Nila, apa pancen kowe uwes babar lali blas karo aku? Yen aku karo awakmu mbiyen sakurunge sak adohe srengenge adwe tau cedek. Apa pancen kowe wes ora gelem kenal aku maneh? Opo pancene wes ono kanca lanang liyo, banjur kowe nglaline aku. Iki wes surat ke 22 aku gur pengen weroh kabarmu Nil. Aku ngarep yen kowe gelem mbales suratku iki. Kanca karibmu Rian” isine surat saka Rian diwaca Nika kanthi semrepet “Nyapo kudu Nila maneh seng oleh surat saka Rian?apa pancen Rian kui nganggepe gur Nila thok? La aku ki sopo? Seng mbiyen gawene ng cedeke wonge pas iseh kesusahan. Aku ra trimo yen Rian ngiter-ngiter Nila terus. “Rian sepurane aku iki uwes lali soko kowe aku wes kecewa nyapo kowe mbiyen pileh bedo SMA karo aku apa pancen kekancan karo aku kui marai waleh? Uwes cukup semene aku wegah kenal kowe maneh Rian lalino aku.Kowe mbiyen pas arep budal yo ora pamit karo aku, lehmu nganggep aku kok ngono men? Nila” balesan surat saka Nika seng dikirimne neng Rian nanging dijenengi Nila. “Aku wes waleh yen Rian terus-terusan ngirimi surat Nila, opo ora weroh yen aku neng kene nunggu kabare” Omongane Nika karo nggebrak meja . “Nik? Kowe ana neng kamar ta?” Suarane alus Nila seng celuk-celuk ko njaba bar muleh saka les. “Iyo,ana apa?” sautane Nika karo nesu lan suara duwur. “Nik apa kowe weroh surat balesane saka Rian? Kok uwes 22 minggu aku ora nampa ya? Apa trah suratku ora dibales” omongane Nila kang gawe kaget Nika banjur Nika metu karo ati panas lan bingung. “Paling-paling Rian kui uwes lali karo kowe Nil, sakiki uwes rasah mikir lan ngeleng-ngeleng Rian maneh bocahe uwes nduwe kanca luweh akeh luweh pinter timbang kowe” Sautane  Nika kanti mlengos sakjane ben minggu kui Rian ngirim surat nanging sak bare Nila mbales surate Rian seng kepindo bibar kui surat sak teruse yen wes dikirim seng nampa mesti Nika lan didelikne ben Nila ora weruh amrih ben cah loro kui wes ora cedekan maneh. “Omong-omongan apa ta iki? Ayo pada mangan disek uwes tak cepakne neng meja” Suara ibu seng gawe kaget kembar . ”Inggeh bu” Banjur Nika lan Nila nyusul bapak,ibu, lan mase neng pawon . “Ehh adik-adikku kok wes pada luwe ngene” tangane mas Rio kang ndemok pundake Nila lan Nika. “Wes weroh kok takon wae” Saurane  Nika karo imbuh sega “Wehh lek aku durung mas,iseh warek sakjane” Suara aluse Nila kang gawe mesem mase. “Hayo ora apik omong-omongan karo mangan disampekne disek banjur ngko disambung maneh critone” Sautane bapak ambi ngetne anak-anake. Sakbare mangan “Ehh Muhammad Rian iku sakbarakanmu ta?” pitakone Rio neng adik-adike “Ana apa mas? Rian nyapo?apa seng wes kedaden?” Pitakone Nika seng gemrejeg “Sekto alon-alon Nik, sesok wonge endang-endang gone mbah Pitri aku mau diomongi kon ngabari kembar yen pengen ketemu Rian sesok wae” karo ngaleh manasi motor. “Mati yen sesok Rian takok surat neng Nila iso-iso aku kenek” Batine Nika karo adem panas. Sesok awane Nika Nila lan Rio menyang omahe mbahe Rian. “Ayo Nik ojo mulek wae selak panas, aku nduwe bisnis karo Rian iki” Rio gerak-gerok amarga Nika mulek wae neng kamar. “Sekta mas” Saurane Nika karo pasrah yen mengko ketemu Rian lan kabeh eleke bakal kebukak. “Ehh mas Rio,Diio,Pambudi? Weh aku seneng banget iso ketemu karo awakmu kabeh kepriye kabare?sekolahe?” suara gagahe Rian kang nggawe kabeh kaget yen bocah seng mbiyen isinan kui sakiki maleh pinter dandan . “Alhamdulillah kabeh apik An” saurane Nila karo mesem “Loh Nila to?Bukane kowe uwes ora gelem kenal aku maneh?” Pitakon saka Rian kang gawe tratapan Nila “Kowe iku ngomong apa An?aku ratau ngomong ngono kui,apa isa aku lali saka kanca seapik kowe?Ora bakal” suarane Nila kang ngempet nangis “Iki suratmu ta?iki balesanmu kangge aku Nil” karo ngewehne surat balesan seng tulisane saka Nila “Iki olehmu saka ngendi?aku ratau ngirim balesan seng ngene iki aku malah ngenteni wes 22 minggu aku ra kok wehi balesan, nyandi ae kowe Rian? Tak pikir kowe pancen uwes nduwe kanca anyar okeh” karo gemeter Nila ngempet nesune. “Aku ben minggu ngirimi kowe surat Nil, malah ratau kok balesi malah seng keri iki mbalesmu ngene iki” matane Rian seng ora kena genggem eluhe “Nik, apa iki tulisanmu?” Nila langsung ngetne kembarane kanti mbrebes “Sepurane kabeh trah iki salahku kui tulisanku Rian aku seng mbales gek suwine 22 minggu seng wes ana 22 surat kui aku seng ndelikne saka Nila, aku wegah Nila weruh yen Rian kui ngewehi surat neng Nila ben minggu aku gur ngrasa yen aku ora kok anggep An aku ora trima” Netes eluhe Nika kanti ora mandek-mandek “Apa? Tegamen kowe Nik? Pancene watekmu ora rubah pacak mbiyen. Apa klerune kembaranmu?” karo mripate abang Rian seng ngetne Nika "Uwes, ngono men kowe neng aku Nik?Apa dosaku?” Karo ati tansah panas omongan kui metu ko lambene wong seng sabar lan kalem. “Aku ora nduwe.............’’ Nika arep omong nanging uwes diketok neng Rian “Heh Nik kui podo wae kowe ngedu aku karo Nila meh gawe aku bubrah gek aku mikir reno-reno lan nesu neng Nila” Omongane Rian kanti ngempet nesu “Dek opo pancen awakmu kui wes ora waras kowe kui goro-goro cah lanang kowe meh nyilokone kembaranmu ora ngene yen carane kowe seneng neng bocah, aku isin dek dadi masmu, sepurane kelakuane adikku An” Rio ngomong karo rasa pegel campur isin “Aku nyuwun pangapura lan aku ora bakal mbaleni maneh neng sapa wae aku janji, sepurane Nil Rian mas Rio aku wes dadi uwong seng ala” Kanti misek-misek njawabe Nika “Ora apa-apa mbak aku wes lilo lan ikhlas” Meseme Nila kanti gawe ramah neng ati “Iki cukup seng kepisan lan keri dewe Nik, aja dibaleni maneh aku percaya neng kowe” karo ikhlas Rian nyedeki Nika “Mas yowes ngewei ngapura Nik aja dibaleni maneh” pesene Rio kangge Nika “Enggeh mas, Nika janji lan kudu dadi seng luweh apik maneh” lan “Nil aku nyuwun pangapura kang akeh” saurane Nila kang alus “Aku ikhlas Nik ora apa-apa aku wes ora tak lebokne ati. Akhire Nika sadar lan dadi uwong seng luweh sabar lan iso nrima kenyataan lan pacobaning urip.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar