Selasa, 04 Oktober 2016

REWANG

                                     Rewang
                       Dening Cecilya Silalahi

Terah kadang omongan kuwi luweh mblesahi tinimbang ladeng. Mula saka kuwi aku luweh seneng meneng menawa enek tanggaku sing rasan-rasan perkara kahanan omahku, aku yo berusaha supaya ora melu rerasan karo liyan. Aku terah ora seneng nangga, tapi lek ana tanggaku yasinan, kenduri, hajatan aku yo gelem rewang. Bah neng kana aku dijak rerasan kui beda urusane, paleng-paleng aku yo gur mesem utawa semaur yo utawa ora.
          Tanggal sepuluh sasi Besar iki tangga sandeng omahku pas mantu, bu Welas randa ditinggal mati bojone enem tahun kepungkur. Deweke lan keluargaku wes kaya dulur wae, masio aku lan bu welas seje pemikiran tapi ora dadi masalah. Yo kepriye ora beda, bu welas nyambut gawe bakul rujak petis ning ngarep omahe dadi sewayah-wayah jagongan lan rerasan liyan, dene aku mergawe ning kantor KUA cedek bale desa, menawa muleh saka kantor aku banjur mapak anakku Bagas sekolah terus aku leren sedela bar kuwi langsung nyandak gaweyan omah. Bu Welas kui sakjane iseh dulur adoh saka ibuke bojoku seng saiki wes kapundhut.
           Ora ana angin ora ana udan, aku ora eruh opo sebabe nyapo aku ora dikongkon rewang dening bu Welas. Aku kami thonthongen, banjur aku takon marang bojoku ae sapa ngerti bojoku diwelingi gek lali ora disampekne neng aku “Mas, njenengan opo gak diwelingi bu welas, menawa aku kon mrono?” takonku, “Ora ki dek, lho lha sampeyan opo ogak diweleng?” takone bojoku genti, “Yongalah maass,mas lek aku diwelingi nyapo yoan aku takon.” Sauranku rodok gemes. “Opo kira-kira Bu Welas lali yo dek?” bojoku balek takon maneh. “Lha gak ngerti mas”
           Tak enten-enteni bu Welas yo ora mara ning omahku. Arep teka wedi diarani cluthak, ora teka kok kaya ora patut men. “Wes dek ojo dipikir nemen-nemen, saiki sampeyan mrana wae pumpung minggu yoan, ora ketang ngetok karo nggawa gula sepuluh kilo neng centhongan kuwi. Mau wis tak tukokne neng surya muleh saka polres” Sarane bojoku.“Nggih mas, lek menurute sampeyan ngono aku manut wae, yowis aku budal disek mas” pamitku.
          Tekan kono aku langsung nggoleki bu welas tapi ora ketemu, akhire tak gletakne gulaku banjur aku nggabung karo barakane bu Karmi, bu Nini lan bu Reta seng lagi mbungkusi madu mangsa neng emperan omahe bu welas tapi wes kiyupan dening terop. “sugeng enjing ibu-ibu, mangga kula rencangi.” Tawaku marang  ibu-ibu kuwi mau. “Loh sampeyan ogak dines iki mau?” takonane bu Reta, “Libur ibu-ibu niki wau lak dintene Minggu.”. “Mbosanu libur ngono lagek ngetok, mbosanu dina biasa kaya-kaya pejabat, sok sibuk raeram” semaure bu karmi judes tapi lirih. “Uwes, uwes mangga pinarak bu.” Sumanggakane bu Nini. Aku meneng wae, ojo sampek semaur tinimbang marai rame, aku pilih mbisu karo bungkus-bungkus madu mangsa.
           Ora let suwi bu welas teka, aku banjur menyat saka bungkus-bungkus terus nyalami deweke “Bu niki sekedik sangking kula lan keluarga, sepurane sakniki kula badhe nyuwun pamit mawon badhe enten arisan Bhayangkari dhateng griyane Bu Romlah” ujarku karo nggawe alesan ben iso age-age muleh. “Loh, kok kesesa to bu, mangga ta pinarak rumiyen.” Saure bu Welas. “Inggih, mangke kula mriki maleh bu.” Hoalah lek ngoten njenengan rantos sekedap.” Tibake bu Welas nggawane aku jajan becekan. Pas aku arep muleh aku krungu wong muni “Heleh kur ngge patut-patut ae.” “Halah bene, gaweyan mbungkusi madu mangsa e mletre kabeh ngono kok giaya.” “Kuwi mono oleh mas Tegar bejo banget, wes ganteng, polisi, sabar, ora neka-neka sisan.” Krungu suara rena-rena ngana kuwi aku panggah milih meneng lan kudu isa maklumi yen manungsa kuwi trah ya nggone wong luput.
          Tekan omah aku lagi cerita ning bojoku masalah omongane ibu-ibu mau, lek aku ora cerita aku arep mbagi susahku karo sapa meneh, krungu kuwi tanggepane bojoku ya kaya biasane “Sing sabar dek, ngene iki jenenge wong urep, rena-rena.”. “Iyo bener rena-rena mas, tapi saurane sampeyan seng ogak rena-rena” sauranku karo nglempiti klambine bagas. “Yowis, saiki piye ben amrih atimu bungah dek?” takone mas Tegar. “Menawa aku ngerti lakyo tak lakoni to mas ben atiku ora kemrungsung ngene iki.”. “Yowis saiki ngene, engko mulih saka arisan Bhayangkari lak jam setengah 3 sore ta? Engko sampeyan aja langsung muleh, engko tak papak sisan aku ngeterne bagas. Mobilmu titipno daleme bu Romlah disek, bar kuwi sampeyan numpak mobilku terus awakedewe nonton film sing anyar kuwi lo dek, apa ta judule kok kelalen aku.” Semayane bojoku. “Rudi Habibie mas? Apa Koala kumal? Apa Single?” takonku semangat. “Sak senengmu wae dek, aku manut sampeyan. Cocok to karo ideku?” takone bojoku karo mringas-mringis. Atiku bungah banget, aku kudu akeh bersyukur marang gusti, iyo bener tanggaku terah lambene pada nggambleh, tapi bojo lan anakku wes cukup ngisi dina-dinaku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar