Utun, ndeso lan kurang gaul. Iku kang dadi cirine Tiara bocah kang saiki sekolah ana ing SMA Nusantara. Maklum wae amarga dheweke iku murid anyar saka kampung. Ing sekolahane sing anyar iki Tiara durung duwe kanca. Nganti sawijining dina dheweke kepethuk marang bocah ayu sing terkenal ana ing sekolahan iku, jenenge Sinta. Rambute dawa lan lurus, kulite putih lan awake dhuwur saengga bocah iki terkenal ana ing SMA Merah Putih. Cethukane Tiara lan Sinta diwiwiti saka Tiara kang ora sengaja nabrak Sinta sing lagi asyik mlaku ing kantin sekolahan.
"Kepriye ta anggonmu mlaku iku, apa awakmu ora ngerti aku lagi ana ing kene?" Pitakone Sinta.
"Pangapunten mbak kula mboten sengaja."
"Awakmu kui sapa kok aku lagi ngerti saiki?"
"Kula Tiara mbak, murid anyar saking Solo." Wangsulane Tiara kanthi isin.
"Woo ya maklum wae aku lagi ngerti saiki."
Ndeleng Tiara kang melas lan lugu amarga urung duwe kanca, Sinta banjur ngomong sinambi ngajak salaman
"Aku Sinta saka kelas XII IPA 2."
Tiara seneng banjur bales nyalami Sinta. Tibake Sinta lan Tiara manggon ana ing kelas kang padha. Bocah loro iku banjur terus ngobrol ana ing kantin. Anggone kekancan saya cedhak, kanca-kanca ing sekolahan nggumun ana apa kok bisa Sinta kang ayu lan terkenal bisa kekancan cedhak karo bocah lugu lan utun kaya Tiara. Banjur ana bocah kang pitakon
" Hee Sinta lan Tiara,bocah loro kok kaya bumi lan langit. Hahaha"
"Apa maksudmu ngomong ngono iku?" Semaure Sinta.
"Kowe kui macak ora eroh opo piye Sin, lha wong kowe kui bocah ayu, terkenal kok bisa kekancan karo Tiara sing ndeso iku."
Krungu omongane bocah iku Tiara banjur mlayu, dheweke rumangsa sedih, ana apa kok kanca- kancane ngomong ngono.
"Aku kekancan karo Tiara iku apa anane, ora ana apane dadi kowe ora oleh ngomong ngono kui." Sinta nesu.
Wiwit dina kui Tiara ngadoh saka Sinta, dheweke rumangsa yen ora pantes dadi kancane Sinta. Saben dina Sinta arep nemoni Tiara, mesti Tiara ngaleh saka Sinta. Sinta bingung kepriye carane menehi penjelasan marang Tiara yen dheweke kekancan kanthi apa anane. Wayah ing kelas, Sinta njajal ngomong marang Tiara
"Ra, ana apa kok awakmu ngene marang aku? Aku ora kepengen nduweni jarak karo awakmu. Awakedhewe iku kanca lan ora sakpatute ngene."
"Uwis Sin ora usah kekancan karo aku maneh, aku iki mung wong ndeso sing utun gek awakmu kui bocah terkena, ayu, pinterl. Aku ora pengen awakmu isin."
Sakwise mangsuli pitakone Sinta, Tiara banjur ngaleh. Ing kono Sinta rumangsa sedih lan kesepian amarga dheweke kangen guyonan karo Tiara. Semono uga Tiara kang nyimpen kangen marang dolanan sabendinane bareng Sinta. Kedadeyan Tiara sing ngadoh saka Sinta suwene sesasi. Amarga Sinta wis ora betah menengan marang Tiara, pungkasane wayah Tiara sing lagi lungguh ana ing kursi taman diparani marang Sinta. Pas ngerti ana Sinta sing arep marani dheweke, Tiara banjur arep mlayu, tapi tangane dicekel kenceng marang Sinta.
"Ra, aku pengen ngomong tulung rungakna aku Ra." Sinta kandha sinambi arep mbrebes.
"Iya Sin ana apa?"
"Aku ora ngerti ana apa kanca-kanca ngomong sing ora-ora babagan awakmu. Nanging sing jelas aku kekancan marang awakmu iku apa anane. Aku mbalek kekancan karo Tiara sing apikan lan lugu. Aku ora peduli wong liya arep ngomong apa, Ra."
Krungu omongane Sinta, Tiara banjur nangis "Aku yo kangen Sin awake dhewe sing ndisek. Tapi aku ora gelem awakmu mengko isin amarga karo aku iki." Semaure Tiara.
"Ra, awakmu ora perlu ngrungokake omongane wong sing ora penting. Aku ora isin,Ra. Aku malah seneng yen kekancan karo awakmu."
"Iya Sin, pangapura ya aku wis mikir sing neko- neko lan ora percaya marang awakmu kanca apikku. Matur suwun ya Sinta."
"Padha-padha Ra. Aku ya nyuwun pangapura yen aku nduweni salah marang awakmu." Sinta lan Tiara banjur salaman.
Lekas dina iku Tiara wis ora minder yen kekancan karo Sinta. Bocah loro iku wis apikan maneh lan dadi kanca sing akur uga padha-padha menehi dukungan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar