Senin, 03 Oktober 2016

MATI Dening Saskia Fitasari (26)


          Udan deres nambahi rasa nelangsane ati. Bingung ning awak ngrasaake urip iki. Wongtua nanging mung sawiji. Aku urip dewe ditinggal bojoku mati. Anak papat podo wus urip dewe-dewe. Aku wus tuwa. Pagaweyanku mung ngopeni lembu loro, lanang lan wedok. Sabendino aku tangi esuk digugah ingonanku kang luwe njaluk pakanan. Ngaahhh ngaahhh ngahh... suwara iku katon wus biasa ning kupingku. Nanging ora biasa kanggo tangga teparo. Aku kerep diparani tangga amarga suwarane lembu sing bengah wae. Dikira lembuku durung tak pakani. Krungu suwarane lembuku iku aku langsung tangi jegegah njupuk arit kanggo nggolekake pakanan ingonanku kuwi. Samubarang ijon-ijon ning mburi omah tak kethoki.
          Pirang-pirang tahun aku ngenteni lembuku meteng, ananging ora meteng. Aku bingung. Apa ana sing salah lembu wus lanang lan wedok kok ora bisa meteng pirang-pirang tahun. Aku tekok menyang anakku sing omahe cedhak karo aku.
          “Le, kae deloken lembune mbok e, wus pirang-pirang tahun kok durung meteng, apa ana sing salah? Lembu wus pas lanang lan wedok.”
          “Aku mboten radi paham masalah lembu mbok. Mengke sonten jajal tak takokake kancaku.”
          “Oh iya Le. Mengko sore tak enteni ning omah yo.”
          “Inggih Mbok, sing tuenang.”
          Sumaure anakku sing nomer telu karo ngguya-ngguyu weruh aku sing bingung dewe. Aku langsung bali ning ngomah. Turon-turon ning ngarep TV nyetel sinetron. Ndelok TV dewe wus biasa. Saya suwe aku keturon dewe teko anakku sing nomer telu karo kancane teko ning omahku.
          “Kula nuwun.”
          Suarane anakku lan kancane bebarengan kaya-kaya wong nyanyi bareng-bareng ngono kae lo, mboh jenenge opo ora pati paham aku. Yo jenenge sekolah mung tutuk SD kelas telu. Tapi masio mung kelas telu, aku yo iso moco lo. Ngalahne tanggaku sing umure pada karo anakku. Wonge gak iso moco, jane yo sekolah tapi ning sekolahan kuwi sekolah tenan opo gur dolan yo gak ngerti aku. Wong kuwi anak e tanggaku dudu anakku. Aku tangi langsung sumaur.
          “Monggo. Monggo mlebet. Weee la dalah Jemiran ta tibake. Kadung tak basani mlipis. Ndang mlebuo.”
          “Healah Mbok e ki kok kaya ngono ta. Niki lo kancaku.”
          “Tepangaken nami kulo Sarno.”
          “Yo Le. Jenengku Jitun. Kae lo Le anakku kok durung meteng-meteng wus pirang-pirang tahun lo. Jane yo wus pas lanang lan wedok.”
          “Lo, kok anake ta Mbok.”
          Sumaure anakku mung tak esemi. Banjur aku, Jemiran, lan Sarno menyang kandhang lembu kanggo ndelok ana apa kok wus pirang-pirang tahun durung bisa meteng.
          “Niki lembune ingkang setri nyuwun pasangan liya Mbok.”
          Omonge Sarno karo ndemoki lembuku. Banjur Jemiran ngomong.
          “Yo mengko tak golekake lembune tangga sing gelem tak silih. Wus Mbok gak usah bingung.”
          Pirang-pirang dina aku ngenteni sapa sing lembune gelem dikawinake karo lembuku. Atiku bungah ra kena diukur. Aku bungah banget ngerti Jemiran nuntun lembu lanang menyang kandhangku. Banjur lembu kuwi dikawinake karo lembuku.
          Aku ora sabar ngenteni hasile. Pirang-pirang minggu sabanjure, aku ngerti nek  lembuku meteng. Bungahe atiku ra karuan. Sabendino aku nggolekake panganan kanggo lembuku akeh-akeh ra kaya biasane sadurunge lembuku meteng. Nganti aku ra jawa kesel. Lungkrahe awak ra tak pikir. Sing tak pikir mung lembuku kapan nglairke.
          Ing sawijining dina jam telu esuk, aku gak ngerti nyapo kok gak kaya biasane lembuku mung bengah wae. Aku wedi. Aku dhodhok-dhodhok omahe Jemiran ngomongi nek lembuku bengah wae ra kaya biasane. Banjur aku lan Jemiran ngendhangi penyebabe lembuku bengah menyang kandhang. Ra ngira lembuku nglairke. Lembuku nglairke pedhet wedok. Awake sehat. Aku bungah banget.
          Sepasar sangarepe. Anakku Jemiran bengok-bengok ning kandhangku nyeluki aku.
          “Mbok... Mboke.”
          Aku langsung njingkat mlaku menyang kandhang. Blaaaaarrrrrrrrrr awakku langsung lemes. Ora nyangka lembuku wedok sing lagi nglairake kuwi mati. Yongalah Gusti kok ngenesmen uripku iki. Aku bingung dewe. Banjur awakku melu lara. Pirang-pirang dina aku wegah masak, nggolekake panganan kanggo lembuku. Aku mung turu-turu. Aku yo ora wani turu ning omah dewe. Aku turu ning omah e Jemiran. Kadhang aku turu ning omahku dewe nanging dibaturi putuku sing jenenge Ita, anake Jemiran.
          Kabeh anakku padha bingung amarga aku lara. Aku diseneni menyang Jemiran. Mung gara-gara lembu mati agawe lara awak. Aku dipriksane menyang puskesmas ning desaku ora mari. Diundangne mantri yo ora suda. Sampek anakku kebeh rembugan. Apa merga omahe trocoh kabeh wayah udan, pikire anak-anakku. Anak-anakku nyepakatne sok panen pari arep ndandangi omahku.
          Banjur aku njaluk turu ning omahe Tumi, anakku sing nomer loro. Padha wae. Ning omahe Tumi, aku yo diseneni menyang putuku sing jenenge Purwadi. Banjur sorene aku digowo ning dokter. Masio udan deres, aku lan putuku Purwani tetep nekat menyang dokter.
          Ngombe obate songko dokter kuwi rasane kaya arep mutah, amarga ambune sing gak enak. Tapi tetep tak ombe. Aku kepengen mari. Aku gak pengen gawe pikiran anak-anakku lan putu-putuku.
          Seminggu sangarepe, aku wus mari. Wus gak mumet ning sirah, wus gak was-was ning ati, pokoke wus sehat. Wus kaya biasane. Wektu panen pari omahku didandangi menyang anak-anakku.
         

Tidak ada komentar:

Posting Komentar