Senin, 03 Oktober 2016

AMUNG SEDELO
Dening : Rizka Rahmaningrum (25)
            Kebahagyan kang tak nduweni saiki yaiku nyambut metune anakku sing kapisan ing dunia iki. 7 wulan wis tak rasakne larane, abote, susahe, mbondong weteng seng gedine kaya ngene iki, mben sasi aku priksa ing dhokter amrih weruh kepiye keadaanne anakku ing njero weteng, alhamdulillahe hasile apik kabeh sehat – sehat wae. Kurang rong sasi ngkas anakku lairan. Ananging, jam setengah siji bengi aku krasa ora penak, wetengku rasane loro banget,  banjur bojoku njipuk motor terus ngeterke aku ing RS. Aisyah. Tekan kono aku langsung di gotong mlebu ing ruang persalinan. Dhokter ngecek keadaanku.
Dhokter : “ maaf bapak dan ibu, keadaannya tidak mungkin untuk melahirkan secara normal, namun ini harus di operasi, sebab anak ibu kembar “ 
Mukhlis : “ loh, kenapa ? bapak Dhokter kok bisa bilang seperti itu. Melahirkan secara normal kan bisa ”
Dhokter : “ sebab bayi yang satunya sudah tidak bernafas lagi, maka harus di operasi”
Mak trataaap… aku kaget krungu kabar kui, ora nyongko yen iso koyo ngene iki, awakku wis lemes demes ora ndwe daya. Aku lan bojoku meneng ora iso omong apa – apa maneh, tibak,e anakku kembar lan sijine wis ora urip. Banjur dhokter nerusake omonganne.
Dhokter : “ namun apabila ibu sanggup di operasi, RS. Aisyah ini tidak bisa, karena Dhokternya sedang ke luar kota, maka ibu saya rujuk ke RS. Harjono.”
            Aku lan bojoku manut wae apa panjaluke Dhokter kui mau. Sakwise di wenehi surat rujukan, aku langsung  mangkat menyang RS. Harjono, nang dalan aku lan bojoku amung bisa donga marang gusti allah ben di wenehi keajaiban, tekan RS. Harjono aku langsung mlebu kamar persalinan, banjur di cek dening Dhokter.
Bojoku : “ Dhokter, niki saget lairan normal nopo mboten? “
Dhokter : “ iso mas iso tenang wae, keadaanne bayine sehat.”
Mak plenggoooongg.. rasa ora percaya kang bakal dumadi koyo ngene, anakku sing siji sik urip, kamangka Dhokter kono mau ngomong yen anakku sing siji wis ora ana.
 Dhokter : “ pripun mas, saget medhal rumiyin. “
Bojoku : “ enggeh Pak Dhokter. “
            Sekuat tenaga ku tak tokne kabeh, rasane wes ora iso di pungkiri maneh. Ooooeeeekkk.. anakku sing siji wes metu, leren dilit 5 menit sakbanjure anakku sing sijine metu, Alhamdulillah, kabeh berjalan khalih lancar, tanpa halangan apa wae. Anakku kembar kui lanang kabeh, sing ganteng – ganteng nurun bapake. Sakbanjure kabeh wis rampung, aku pindah marang kamar biasa,
Dhokter : “ bapak lan ibu, bayine sehat bobote 1kg karo 1,6kg.”
Aku lan bojoku : “ Alhamdulillah.”
Aku : “ ananging kok bobote mung 1kg karo 1,6kg Dhok “
Dhokter : “ enggeh bu, amargi bayine isih umur 7sasi, durong wayae lahir, bobote saithik ora popo bu, bayine sehat wae wis keajaiban saka gusti allah, bayine ing ruang equibator, butuh bantuan oksigen “
Aku : “ iyo ora popo Dhokter,”
Dhokter : “ dino iki ibu yo saget manthuk, ananging bayine durong bisa di gowo mulih.”
            Aku lan bojoku mulih. Saben dinane, isuk, awan, lan wengi aku menyang RS. Harjono, ngendangi anakku. 7 dinone saka anakku lahir, aku lagi iso yawang anakku saka cedhak jejer loro sesandingan. lagi wae ngematne 5 menit ibu bidan liwat
Ibu bidan : “ halah mbak ora usah di matne sui – sui, kui kari ngenteni lessseee”
            Aku langsung ngaleh metu, ora kuat rungokne omonganne ibu bidan mau. Pas jam 9 isuk, aku di kabari dening ibu bidan yen anakku sing siji wes ora bernapas maneh. Aku ora percaya, ngadepi cobaan iki. Aku langsung di terke mulih, banjur bojoku mbalik nang RS. Harjono karo bapakku. Aku berusaha tegar ngadepi cobaan iki. Kabeh sakeluargaku nyiapke kabeh sing di butuhake, wong sing nglayat podo tekan rerombongan.
            Aku amung bisa dongo marang gusti allah, yen aku durung di ijinake handuweni anak kembar, aku pangarep – arep anakku sing siji isih urip, iso ngerawat anakku sing iki nganti gedi, ananging allah durong ngabulake dongoku. 3 dino sakbanjure anakku ninggal, aku oleh cobaan anakku sing siji iki yo di pundhut dening gusti allah. Aku ora yongko yen bisa dumadi koyo ngene iki.
            Aku ora bisa nolak saka takdirku iki, terah durong wayae aku handuweni anak. Aku amung bisa sabar, lan tawakal marang gusti allah, liya dino bisa di ganti kang luwih apik lan barokah. 

 
            .

   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar