Dening
: Devilia r.p.s ( 10/XII IPA 6)
Abange dirgantara ngewehi semburate mendung warna
jinga lan petenge jagat raya ngewehi lintang kang semburat inga awang – awang .
semburate lintang lan matahari iku saka tumindake sang kuasa.takdir lan rejeki
ora bisa diprediksi kaya BMKG ( Badan Meteorologi Klimatologi lan Geofisika )
ananging kudu digoleki ora among ndongo saben dino tanpo kerjo ya ra enek
paedahe. Bengine jagat raya ngewehi arti kang dewe ing salah sakwijine remang,
ana wewadon tua sing lendeh – lendeh lan nylonjorne ampean amarga kekeselen
anane pegawean ing dina iku.kulit e sing wis kendor ngibaratake kesel e sing
wis ngunung kaya tumpukan sampah sing ana ing mburi gubuk reyote.
Paningale
lesu ,pucet lan maleh kulu – kulu.kadang dheweke ngrasula apa sing lagi diadepi
marang dheweke iki kaya ora adil.ananging dheweke wis tua, setua lakune lan
kenelangsa nane. Saka wewadon iku wes ora bisa ngrasakake seneng lan tentrem
ing uripe iki ananging sepasang sandal jepit tipis lan bola – bali diganti
srampat sing ana ngisor dipan iku maleh dadi barang kang nduweni aji kang gedhe
marang dheweke,amarga saka saka sandal iku wewadon mau bisa mlaku ora nyeker
ananging sok kesundep paku lan pecahan beling sing ra diweruhi marang deweke.
Limang
tahun deweke wis nglakoni panguripan kaya ngono ambi Mamat sing umure luhe tua selawe tahun saka dheweke ,dheweke dinikahi pas umure isek limolas tahun sebab
pak mbok e wis sedo ,ora ono alasan maneh kango nolak lamarane Mamat. Lan
kebetulan Mamat nduweni keterampilan ing bidang nguli Mamat sangup mbiyayai panguripane
ing saben dino lan nyewo sepetak kamar ing pinggir kota. Kebahagiaane saya
lengkap amarga deweke nglairake anak kang sehat walaupun mbiyen dheweke isek
umur nembelas tahun.
Anak
lanange iku diwenehi asma Imam mutakin muga- muga gedhene bisa dadi anak sing
pinter,cerdas,lan pinter moco Al –Quran. Dheweke saben dhino ndongo nyuwun
diparingi kesuksesan marang anak e. kadang deweke nduwe kepinginan lek anak e
wis gedhe bisa dadi dokter,guru lan anggota DPR. Kepinginane iku ngewehi
semangat urep kango nglakoni urep iki sing sarwo kesusahan lan kelilit anane
duwet.
Saben dino dheweke ora bisa ngeterne anake sekolah amargo kerjanane sing dadi pengiris kunir ing deso lia nyebabake ,wewadon iku kudu budal luwih esuk supoyo ora dipadoni marang majikan
pangonane kerjo iki 10 kilo soko omahe nalika wong ora nduwe dheweke saben dhina kudu mlaku adohe semono .Dheweke kadang ngrasula .
"Sakjane aku ki arep metu ket kerjanan iki,ananging kepriye aku ora nduwe keahlian liane ngiris kunir ,SD wae ora lulus pak mbok ku ora nduwe bondo kango mbayari aku bih bih bih jian nasib...nasib...nasib". "Sing bisa ngrubah uripku iki ya mung anak ku siji - sijine Imam".
Dhewekw iso berges lan kuat kaya mangkene mung ngelingi anak e sing sek cilik ,lan kepingin dadi wong pener ora kaya bapak lan ibune.

Ananging
kepinginan iku mati kelindes dina . ing bengi maniko ana manuk gagak mencok ing
gendheng omah kontrakane. Yen disangkut pautne ambi critane wong mbiyen jarene bakal ana alangan lang kesusahan dheweke malih bingung .
Lan ora suwi tonggone mlayu – mlayu menyang omahe dipimpin karo Pak RT rombongan ambi ngendhong Imam Mutakin sing lagi wae umure 4 tahun .Bocahe teles kebes ,matane merem.Bocahe teles kebes ,matane merem kaya putri salju ,tangane ngantung lemes lan napas e wis ra ana.sebab bocah iku kerem goro – goro ciblon ning ngisor kretek sumber sing dikenal wingit. Wewadon iku nangis nganti misek – misek amarga ditingal ambi anak lanang e. Bojone ngroso pegel marang dheweke “ kurang ajar,dadi wadon ora iso njogo anak e dewe jian ra becus ! bojo opo koe ki ?”. “Ampun kang ! ampun aku terah ora iso njogo anak e wakdewe tapi iki wis kadung kang, dadi takdire gusti Allah”.

“Mingat
o koe !,koe ra guno”
Dheweke ngoceli sikil bojone kanthi nangis lan nyuwun
pangapuro amargi ora iso njogo anak e dewe. Banjur deweke ditendang kanthi
sirahe natap tembok lan ngetokne getih.
Urung
ana limang sasi anak e ningal enek kabar yen bojone iku arep rabi maneh ambi
wewadon sing luweh enom saka deweke,atine trenyuh krungu kabar kui banjur
nemoni lan nakoni marang bojone “ kang koe opo sido rabi maneh ?”. “lek iyo
nyapo aku wis megat koe,dadi saeki koe wis udu apa – apaku maneh mingat o ket
urep ku “. Sakjrone kedadean kui dheweke ora nduwe sopo sopo maneh mung
dikonconi ambi sandal jepite sing wis trepes .Amung sandal jepit nganti saeki
sing bisa ngancani deweke.
Uripe
malih dadi glandangan turu neng plataran toko kadang dikiter - kiter menyang
satpol pp lan mangan sego turahan sing wis dibuak nk adah sampah. Saben bengi
turu mung ngawe tumpukan kerdus lan klosone koran .Urep iku mesti sengsoro bah
iku saka awal apa saka akhir ojo tau ngremeng lan maido gusti Allah .Sebab
takdir lan rejeki kui sing ngatur gusti Allah.
02/10/2016
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar