Kamis, 06 Oktober 2016

OMAHE DIJALUK SING NDUWE

Dening : Indratama Chandra P. ( 17 )

Slamet koncoku, omahe sanding omahku.. Slamet pindah menyang perumahan uwes kawit tahun 2007, tapi sing di enggoni Slamet uduk omahe dewe, ananging omahe Mas Darso, Mas Darso iku sedulure Slamet sing saiki kerjo pelayaran neng Pulau Seribu..
                Tahun 2008 Slamet nikah karo Sri, sakbare nikah iki Slamet yo mbukak counter cilik-cilikan sing deweke rintis karo bojone,  gak suwi sak bare Slamet mbuka counter, Slamet banjur takok aku
“Mas, piye carane counterku rame?” karo nekuk wajahe
“Isek awalan biasane sepi Met, sing sabar wae lan ojo lali nyuwun rezeki marang Gusti” Jawabanku
                Saiki Slamet lan bojone sabendinone menyang mesjid, ngerjakne sholat berjamaah..
                Siji – siji warga perumahan podo moro menyang countere Slamet, enek bocah cilik, uwong enom, bapak-bapak, ibuk-ibuk. Countere Slamet saiki uwes sing tuku pulsa. Awale adol pulsa thok, suwi-suwi nambah, saiki adol pulsa karo aksesoris HP, saben dinone Countere Slamet soyo laris lan wajahe Slamet sing awale nekuk goro-goro gak enek sing tuku saiki banjur mesem ayem usahane wes lumayan payu..
                Slamet dolan menyang omahku
“Mas, seumpamane aku adol HP bekas karo softdrink ngono piye?”
“Iyo gakpopo Met, ide apik kui.. Saiki countermu rame sing tuku yo tak delok hehe..”
“Iyo Mas, Alhamdulillah.. aku mulih disik ya, bojoku mau masak ayam goreng..”
                Gak suwi, sesok enek mobil pick up lewat nggowo etalase gedi-gedi, aku penasaran sopo sing pesen etalase iki.. eh tibake Slamet sing pesen, aku banjur dolan menyang countere lan ndelok Slamet uwes tuku HP Bekas saitik lan softdrink 3 kerdus. Bocah cilik-cilik podo moro menyang countere Slamet amargo saiki gak bakulan pulsa lan aksesoris hp tok, tapi softdrink.. urip neng perumahan rasane emang panas banget, softdrink e Slamet laku keras, neng perumahan pas urung enek toko softdrink sing anyep anyep..
“Laris manis Met..”
“Iyo Mas, Alhamdulillah..”
                Saiki wes tahun 2015. Gak keroso semono suwene Slamet mbangun usaha counter karo bojone dewe, saiki counter e slamet wes gedi, nek diukur okeh banget perkembangane ketimbang 2009 mbiyen, Slamet saiki wes diparingi anak cacahe 2, lanang kabeh, sing pertama jenenge Nizar, sing keloro jenenge Ilham. Nizar saiki sekolah kelas  1 SD, Ilham isih umur 2bulan. Keluargane Slamet ketok ayem, usaha countere terus maju, rame terus. Lan uwes nduwe omah dewe neng sebelah omahku pas.
                2015 akhir, Mas Darso ngewenehi kabar menyang Slamet nek Mas Darso arep pension lan mulih menyang Ponorogo lan ngenggoni omah sing saiki dienggoni Slamet iku, Slamet kaget , bingung kepriye usaha counter sing dibangun kawit 2008 iku, sabendino Slamet gur ngalor ngidul gak jelas, Slamet ketara nek mikir banget soal iki, aku banjur marani Slamet
“ Met, gak usah bingung, nek omah kuwi dijaluk karo sing nduwe aku nyaranke countermu pindahen menyang omahmu dewe wae, ben ogak ngrepotne sing nduwe omah lan kowene..”
“Piye yo mas.. aku bingung, uwes suwe aku neng omah iki, counter iki sing bangun yo aku” jawabe Slamet
“Iyo Met aku paham piye bingungmu saiki, tapi kowe yo gak iso ngelarang amargo kuwi uduk omahmu dewe.”
“Iyo sih mas, yowes sesok tak usung-usung barang counter tak pindahe menyang omahku dewe, omah iki ben kosong wae..”
                Pak Darso mulih lan langsung manggon neng omah sing dienggoni Slamet lan bojone iku.

Bojone Slamet terus nangis, amargo usaha sing dibangun karo Slamet iku kudu pindah soko panggon awale. Lan sak banjure pindah counter, countere Slamet isek tetep rame. Alhamdulillah..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar