Senin, 03 Oktober 2016

MAK DEG MAK TRATAP



Dening M.febri Hariadi

              Saiki aku wes jaka . Wus ana ati kang bisa angrasa , wus ana manah kang bisa ngerti , wus ana pangrasa kang bisa njamah tresna . Iya tresna , salah sawiining rasa kang ora bisa di jlentrehake , salah sawijining rasa kang ora bisa dijelasne maring lathi , ananging ana ati kang luwih mangerti . Tresna kuwi isa agawe udan sajroning ati , isa uga agawe pelangi ing salubere pipi . Lumrah wae yeng ana wong lara ati , kathah eluh e kang kasuntak saka pipi ananging larane , retak e, pecah e krasa ing ati . Lan ugi lumrah wae yen ana wong bebungah ati , geguyune , sumringah e kapancar saka sakjerone jiwa , lan luruh ing lumakune raga .
               Sejatosipun tiyang gesang punika amung wewayange gusti , sejatosipun tresna sampun ana sing ngatur . Manungsa satemene amung kantun nglakoni apa wae kang di ginariske . Tresna wus diatur gusti , jodoh uga wus ana ing tangane gusti . Ananging apa aku bakal ngenteni jodoh kang ana tangane gusti ? , ora aku bakal gawe cara apa bae supaya ditemokake jodohku , sigarane atiku kanthi usahaku , amarga aku ngerti yen tresna iku pancen butuh pangorbanan .
               Satitik wae aturku panemuku omong babagan tresna , kepriye rasane anandhang tresna . Kanggo dieling-eling yen tresna iku butuh pangorbanan .
               Iya bener banget yen saiki aku wus jaka , wes meh rong dekade anggonku urip ing ndunya , 19 tahun umurku , SMA sekolahku . Aku sekolah ing salah sawijinng sekolah ing kuthaku , SMA 3 jenenge . Masa SMA iki temen kang banget ora isa dilalekke . Ana rasa kang beda nalika nyawang wong wadon , ati iki kaya-kaya wus isa milih endi-endi sing pengen dakduweni . Ananging aku ngerti rasa-rasa iki durung sampurna , yen wong gaul ngarani cinta monyet jenenge . ati iki tresna kae , uga tresna kae , iya pancen apa iki kemau sing diarani cinta monyet . Emboh lah aku ora isa mikir ati iki kok bisa gampang wae tresna marang wong liya .
                 Saiki aku duwe setitik rasa marang sawijining bocah wadon , pancen bener yen dheweke kui ayu , saka mancung irung e , nanggal sepisan alis e , pasangan idep e , lan saka praupane , kaya-kaya laler wae kplese yen mencok , Elsa jenenge . Beda sekolah karo aku , dheweke sekolah ing SMEA , masio beda sekolah kaya-kaya aku nyawang dheweke ing endi-endi panggonan , mung dheweke sing ana pikiranku , tapi lathi iki ora wani ngomong .
                Ana sawijining bengi , dumadakan dheweke sms aku , kenangapa dheweke sms aku , nuli tak takoni ,”tumben awakmu sms aku?’’,”iya” jawab e dheweke . “Awakmu saiki apa lagi dhewean?’’ jawabku kanthi langsung , “iya pancen aku dhewe !” , walah ati ndredek jedub jedar oleh sma kaya mangkana , dasar aku gampang dregek marang bocah wadon , nganti bingung kepriye maneh anggonku jawab. Pratanda apa iki gusti oleh sms saka Elsa . Nanging aku kudu sabar , ora kena kesusu anggonku tindak . Anggonku kepengin nduweni dheweke rina klawan wengi tansah kaantu-antu kaimpi-impi, gegadhanganku isa tak pek dadi bojo .
                Dina saya dina kaliwat , aku karo dheweke sya cedek wae liwat sms . Aku ngerti yen Elsa kui bocah apik-apik ogak ngapusinan , dadine terus bae tak lanjut hubungan iki . “ Mas ayo pisan-pisan metu !’’, pamjaluke ,”ayo wae , ananging kapan?”. Biyuh bungahku buncah rakaruan maca ukara saka Elsa mangkana kui mau , kawit mbiyen anggonku pengen metu bareng arep kaleksanan , ati iki karep banget ibarate gunung wus ora bisa kanggo mbendung .
                 Anggonku sekolah saya-saya semangat amarga iku mau. Anggonku mlaku menyang kelas entheng wae amarga rasa ati lagi seneng . Ing satengahe laku ku ujug-ujug sak klebat lumangkahku malih alon , aku kaya nyawang widadari , aku mbalik mlaku mundur . Tibake ana bocah wadon sing ayu jian neng sekolahku , opo iki sing diarani cinta pandangan pertama . Aku ya bingung iki ati kok bisa molak-malik kaya simbok goreng tela , wingi aku tresna kae , saiki tresna iki , sesok embuh tresna sapa maneh , pancen bener cinta monyet iki .
                 Bali maneh marang bocah iki mau , tak cedeki dheweke , masio dada sesek ngajak wegah , masio ati omong aja amarga wus ana Elsa ing sajrone ati , nanging lakune raga tan ora bisa tak kendalekake, sida  tak parani dheweke , tak salami , tak cekel tangan e suwi , “Dhek jenengmy sapa?’’ adem panas aku ndemok tangane , “aku juwita mas! ‘’, alus jawabe marang aku . Makcles rasane ati krungu dheweke jawab . Isin , seneng , mendem , dadi siji rasane , jatuh cinta berjuta rasanya . ‘’Mas sampean kelas pundi kok ujug-ujug kenalan karo aku , aku iki isek jomblo lo mas , ojo-ojo sampean tresna karo aku’’ baiyuh unine karo endhel ndrodok keder aku krungu ucape, ‘’aku kelas 3 neng kene kok dik , halah omong opo we ki ‘’ jawabku kanthi gobyos kembloh . Garagara ketemuan iki atiku koyo ilang di colong juwita kabeh .  Gara-gara iki uga rasa ku menyang Elsa ilang keplas ngono wae .
                      Dina minggu isuk Elsa bali maneh sms aku ,”ayo mas dolan menyang taman kota !’’ , atiku wes kadong kecantol marang juwita , sms e Elsa ora tak bales , Elsa bola-bali sms nanging gak tak bales babar blas , sitik crita aku pengen ngilang saka Elsa , aku pengen fokus marang juwita .
                      Dina Senin aku sekolah tak temoni maneh Juwita , saiki aku malah luwih kepingin ngajak juwita dolan tinimbang karo Elsa . aku mlaku menyang kelas e juwita , “ dhek kingko bengi ayo dolan golek mangan!” penjalukku , “ayo mas , tak tunggu neng restoran etan alun-alun ya mas, aku mengko dewean lo” jawabe dheweke . Wuih atiku seneng bianget krungu jawab e sing gelem lan pengakuan e yen dheweke iseh dewe . Motor tak kumbah tak serbeti gilap kanggo anggonku metu nemoni juwita , bengine aku macak kanthi pacakanku paling ngganteng , klambiku sing paling anyar , dompet wes tak iseni duwit , awak tak semprot minyak wangi , kabeh wes siap , aku siap budal menyang restoran . Aku budal gawa ati sing seneng banget , kaya ndunya aku dewe sing duwe . Aku teko restoran , helm tak cepot tak sawang menyang jero restoran amarga juwita kanda wus ngenteni . Nanging DHEEGGG TRAATTAAP !! , ceblok helmku ambruk motorku , sesek dadaku , byar jedar, Juwita karo wong lanang liya lagi dulang dulangan . Jebule sumpahe jebule sumpahe ra bisa digugu , apa iki karma ? .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar