Rikala
daksawang rembulan wengi iki kang katutup mendung peteng dhedet ora ana bedane
karo suasana atiku. Sedina,rong dina,telung dina ganep seminggu. Wonge durung
bali mung ana SMS ngabari yen durung bisa moro. Daktunggu sedina,rong dina,telung
dina nganti sesasi maneh wonge durung teka. Atiku wiwit ora kepenak, luwe krasa
ora luwe, mangan ora enak, turu ora wareg. Pikiran iki nggrambyang teka
awang-awang, miturut nalarku jane Mas Bagus kuwi wonge jujur. Nanging kok
nganti sesasi punjul rong dina dheweke ora nepati janji. Aku uwes nata ati
kanggo ngadhepi kenyataan,kenyataan nek dheweke ngapusi.
Esuk-esuk
aku dorongan neng emperan, lagi setengah ngalamun.
“Dhik
Wulan kok katon meneng wae, kaya ana sing dipikirne?” pitakonne Mas Mardi.
”Ealah
Mas Mardi ta tibak’e tak kira jaka ngendi,” karo nyampluk pundakke.
“Lha
iki ana prawan ayu esuk-esuk uwes ngalamun eman-eman nek ora daksawang,” hehe.
”Mas
Mardi kok malah guyon,” Mas Mardi kuwi senengane guyon makane awet enom jane
umure di itung-itung uwes 25’an wonge gagah gedhe dhuwur lan senengane nggodani.
“Hehehe,
aku iki ora guyon Dhik. Wong kaya sampeyan kuwi ora pantes mrengut wae mundak
ilang lo ayune,” Aku kerep pisan-pindo digodani Mas Mardi.
“Gombal
amoh Mas-Mas,hehehe.” Sampeyan arep tindak pundi lo Mas?” karo mesem.
“Arep
ngeterake Bu Bidan Dhik!”
“Tepangaken
nami kula Indah Nur Santi, sampeyan sinten?”. Ucape alus.
“Kula
Wulan, sampeyan badhe tindak pundi?” Mbak Indah iki bidan anyaran seng lagi pindah
saka kota.
“Aku
nderek sisihanku banjur bali menyang desa Dhik.”
“Oh,
sisihan sampeyan asli mriki ta? Aku banjur penasaran, jaka ngendi sing bejo
oleh sisihan kaya Mbak Indah, gunemane alus, sopan, pipine abang mbranang kaya
tomat, mripate ombo kaya kerlip lintang. Opo maneh lulusan bidan nek dipadakne
karo aku ya beda banget. Kaya langit karo bumi lawong aku iki among lulusan
SMP.
Awan wengi aku nuli keprungu guneme
“Wong kaya sampeyan kuwi ora pantes mrengut wae mundak ilang lho ayune,”
Astagfirullahaladzim, sebutku. Kok aku kepikiran Mas Mardi wae ya?, apa iki
pratandha aku uwes bisa nglaleake Mas Bagus. Jane nek dakpikir-pikir Mas Mardi
kuwi ora beda karo Mas Bagus dheweke sabar, jujur, lan sumeh. Seneng pambiyantu
marang uwong. Sabendina Mas Mardi kuwi ngeterake uwong lelungan kono-kene karo
mobil kijang abang taun 2002’an lumayan taksih apik amarga Mas Mardi kuwi gemi
lan ngati-ati. Yen kelingan perkara kuwi rumangsa adhem ayem atiku.
Esuk iki mau srengenge katon abang
mbranang, kaya biyasane aku dorongan neng emperan setengah ngalamun. Suara
motor GL-PRO keprungu ana kuping.
“NGRENGG……Ngrengggggg…,”
ora salah maneh, kuwi suara sepedah montor’e Mas Bagus. Aku mesem guyu, mungkin
iki seng rada special! Hehe.
“Assalamualaikum,”
ucape.
“Waalaikumsalam,
kene Mas sampeyan lenggah,” Karo nyilaake kursi.
“Matursuwun
dek, Sampeyan kuwi nyandi ae ta Mas, seprana-seprene ora ana kabar. Apa uwes
lali karo aku,?
“Ora
Dhik, dek kae aku lagi ana gawean seng ora bisa daktinggal,” Ora kroso uwes
sakjaman aku omong-omongan karo Mas Bagus nganti tekan ukara iki.
“Dhik
apa sampeyan tresna temenan marang aku?“
“Ana
apa mas, apa sampeyan ora percaya karo kesetyaanku?”. Karo nggegem tangan e mas
Bagus.
“Dhik,
sakjane aku ya tresna marang awakmu. Upama ora ana alangan aku mesthi uwes wani
nembung awakmu. Aku mingkem cep klakep. Ora mudeng apa sing diomongne Mas
Bagus.
“Karepe
sampeyan iki piye ta Mas,? Apa alangane?” aku isih durung ngerti.
“Awakmu
kelingan undangan sing dakkirim marang awakmu sasi wingi?” Aku ngrasa ora
pernah nerima undangan sing diomongake Mas Bagus. Saben ukara dakematke nganti
pungkasan.
“Neng
undangan kuwi katulis jenengku karo wewadon liya Indah Nur Santi jenenge Dhik,”
Mak der, rasane jantungku ambyar. Aku
uwes ora kuat, aku mbrebes mili ora nyana kedadeyan bakal kaya ngene. Mungkin,
pancen kudu ngene nasibku. Aku ora jodo karo Mas Bagus. Aku pengen nangis
banter nanging dakbetah-betahne aja nganti luhku netes. Seng daktunggu tekanne
pelangi jebule seng teka udan tangis neng pipi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar