Senin, 03 Oktober 2016

Ora Bakal Mundur Dening : Purwendah E. N.

    Aku durung lila yen anakku, Rini dakwenehake Mbak Sarah. Sakwise bapak lan ibukku kapundhut, Mbak Sarah kuwi mbak kandungku sing ngopeni aku wiwit cilik. Rasa tresnaku marang Rini ora bisa dibayar nganggo apa wae. 9 sasi suwene olehku bobot, rasa larane tak rengkuh dewe. Masa iya sakpenake arep diopeni Mbak Sarah.
    Aku lila yen bakal ngopeni Rini dewean tanpa Mas Ari. Yaa, Mas Ari iku bojoku sing ora duweni tanggung jawab marang kaluwargane. Sakwise aku nglairne Rini, Mas Ari lunga tanpa pamit. Mbak Sarah ora bisa lila yen adhikke digawe lara ati.
  "Dhik, bojo kaya Ari kuwi ora bisa diajak omah-omah. Wis lilakno wae ya."
  "Ora semana gampange Mbak nglilakne Mas Ari, senadyan rasa tresna iki isih ana kanggo dheweke. Aku lila ngenteni Mbak."
  "Saksermu wae Dhik, aku kesel ngandhani awakmu."
    Aku nganggep Mbak Sarah kuwi wis kaya ibukku dewe, amarga wiwit aku ditinggal bapak lan ibu, Mbak Sarah sing ngopeni aku ngantia saiki. Mbak Sarah sejatine wis kaluwarga, garwane Mbak Sarah asmane Mas Rudi. Wis 8 tahun anggone omah-omah nanging durung diparingi keturunan. Mulane kuwi Mbak Sarah gemati banget marang Rini lan kepengen ndadekake Rini anak angkate. Aku pancen durung duwe gaweyan. Aku bisa diarani isih ngejipne Mbak Sarah, nanging aku durung bisa trima yen Rini diangkat anak ning Mbak Sarah lan Mas Rudi.
    7 sasi suwine anggonku ngenteni kabar tekane Mas Ari. Rasa kangen, rasa tresna isih ana ing sajrone atiku lan durung bisa ilang kegowo sumilire angin wektu.
Blarrrr.. Praupanku abang kabeh, aku ngucek-ngucek mripatku karo mlayu metu omah. Mas Ari mudhun saka mobil kijang ireng plat "L", sabanjure disusul wong wadon kathokan cekak, semiran abang branang kaya rambut jaran, lan sandhalan dhuwur mudhun saka mobil nyusul marani Mas Ari.
  "Mas Ari awakmu saka ngendi wae ta, kok ora ana kabar? Lha kuwi sapa Mas? Wong wadon sing karo awakmu kuwi?"
  "Ngene lho Dhik, tekaku iki arep menehi surat pisahane awakedewe. Wong wadon kuwi bojoku Dhik. Niatku kerja menyang Surabaya golek dhuwit kanggo nguripi awakmu lan anake dewe, nanging ning kana aku malah kepencut wong wadon liya sing luwih pinter lan ayu tinimbang awakmu. Sepurane ya Dhik, aku ora kabar-kabar dhisik."
  "Tega banget awakmu Mas, tibake awakmu slinthutan ning buriku. Aku ora lila Mas!"
  "Kabeh iki wis ora bisa ditawar maneh Dhik, aku ya ora bisa apa-apa maneh. Aku wis kadung tresna marang wong wadon kuwi, Dewi jenenge."
    Lila ora lila arep kepriye maneh, aku wis dipekso Mas Ari gawe nanda tangani surat pegatan kuwi. Mbak Sarah bungah banget krungu yen aku lan Mas Ari wis pisahan.
  "Iya ta Dhik, bener kandhaku yen Ari kuwi dudu bojo kang apik. Dheweke wong lanang kang ora pantes dadi bojomu, dadi wiwit saiki lalikno Ari Dhik."
  "Iya Mbak, aku kudu bisa lila lan kudu bisa nglalikake wong lanang bejad kuwi."
Aku iki pancen wong wadon bodho lan kerep kenek kapusan, kayata diapusi Mas Ari. Aku bingung kepriye anggonku nggedhekake Rini yen tanpa ana Mas Ari.
Sawetara wektu swasanane wis mulai beda. Ati iki wis bisa nglilakake Mas Ari, aku wis ora ngeling-eling mantan bojoku kuwi.
    Mripatku kethap-kethip nyawang rembulan kang katon moblong-moblong kuwi. Ning pikiranku mung kepriye nguripi Rini. Dhuwit wae isih diweheni Mbak Sarah. Aku iki pancen bisane mung nyusahake wong liya. Arep golek gaweyan nanging ijazahku mung lulus SMP, arep dadi apa aku.
  "Dhik aku mau isuk cethukan kanca lawasku, Supri jenenge. Dheweke duda anak 2, sugihe ora ana tandinge karo wong desa kene Dhik."
  "Apa urusane karo aku Mbak?"
  "Ngene lho Dhik, bojone Supri kuwi kapundhute wis suwi banget, banjur kepengen duwe bojo maneh sing bisa ngemong anak-anake. Mbak Sarah pengen yen awakmu bebrayan karo Supri."
  "Alah Mbak, aku durung kepengen mikir kuwi."
Mripatku kelop-kelop krasa ngantuk nanging ora bisa turu. Apa merga kelingan omongane Mbak Sarah.
    Ora krasa wis 3 sasi suwene olehku sesrawungan karo Supri. Aku kerep diajak dolan lan ditukokake klambi, semana uga Rini. Minggu bengi aku duweni niatan arep sowan menyang omahe Supri. Omah bangunan kuno nanging duweni seni iku katon rame banget. Ana 2 mobil parkir ana ing sakngarepe pager. Ndang gagean aku langsung mlebu omahe Supri. Diarr makk glontheng... Rantang sing isine sega rames senengane Supri kutah kabeh pating kececer. Atiku pecah kayata gelas sing dibanting ambyar belinge. Daksawang Supri lagi omben karo kanca-kancane, ning kana uga ana wong-wong wadon sing pacakane ora genah kabeh. Aku digawe dolanan sing kapindhone. Aku langsung mlayu mulih, tangisan turut dalan kaya wong bar kelangan emas sak latar.
  "Aku wis ngerti sejatine Supri kuwi sapa Mbak. Wong lanang sing jarene Mbak Laras apik jebule tukang omben lan gawene wedokan."
  "Sepurane ya Dhik, apuranen Mbakmu iki. Aku ya ora ngerti yen Supri duweni watak ala lan polah kaya ngono."
    Aku mlayu ning kamar, goleki Rini anakku lan ngrangkul dheweke. Rasa tresnaku marang anakku panggah ora ana tandinge karo liyane. Aku ngrasa yen abot banget sanggaku, wis dadi wong ora duwe gek ya kerep banget kapusan, apa maneh diapusi wong lanang. Ora sawetara suwi aku pamitan karo Mbak Sarah lan Mas Rudi yen aku wis mutusake bakal lunga golek pagaweyan ing kutha Jakarta, kutha Metropolitan. Aku wis bisa mestikake ing Jakarta ana gaweyan sing bisa tak tandangi. Senadyan umure Rini durung genep 2 tahun, Rini daklilakake diangkat anak ning mbakyuku dewe. Muga aku ning Jakarta bisa duweni cerita urip kang luwih apik maneh tinimbang saiki. Aku ora bakal mundur, aku kudu kuat ngadheg ing satengahe pacobaning urip sing tak lewati ing donya iki. Amarga Gusti Allah ora bakal ngrubah nasibe manungsa yen manungsane kuwi ora gelem rekasa ngrubah nasibe dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar