Minggu, 02 Oktober 2016

NINGGAL DARAH DAGINGE

                    NINGGAL DARAH DAGINGE
              Dening : DENI BAKO TABRIAWAN

        Reng reng reng, suara mobil kang mandhek ing ngarep omah tunanda anak sulunge wes teka omah. “Alhamdulillah, wes teka le, piye kabare?” ngendikane ibune sing mlayu saka jero omah neng jaba nemoni anake iku. “Alhamdulillah sehat bu, ibu dewe piye kabare ora cetuk 4 tahun?” ngendikane anake sing karo medun mobil lan sing ora tau basa marang wong tuwane. “aku sehat le, ayo ayo mlebu kene” ajakane ibu “iyo bu” karo gowo tas gedhi sing isine ora karuan okehe.
         Anake iku sing lunga menyang Thailand sawise lulus SMA langsung mrono tekan 4 tahun suwine. andi, deweke biasane diceluk marang wong tuwane lan liya liyane. Tekan jero omah, andi langsung turu ing kamare dewe, ora kok nemoni para tamu sing pengen ngerti deweke. Trae andi dikenal sifate acuh tak acuh marang wong liya lan wani marang wong tuwane dewe.
Sakwise suwi neng omah, andi kerep gawani cah wedok sing gonta ganti. Kayata susanti, ani, lan lastri. Wong tuane andi sing ora ngaru aruhi anake mung meneng ae lan acuh tak acuh marang gebetane andi sing mbendino digawani nang omahe. Ngasi bocah wedok mau nginep pirang pirang dino neng omahe mung meneng ae.
         Sak banjure iku para tangga tanggane tansah ngerasani marang andi lan wong tuwane iku. Kabeh wong penasaran anggene wong wedok kok nginep pirang pirang dina mau. “ani ki opo tansah arep dadi bakal bojomu to di?” pitakone salah siji tanggane sing nakokne wong wedok sing neng omahe “kui koncoku SMA ndisek, suwi ra cetuk aku dadine kangen, mulane ani nginep neng omahku ben tansah deweke iso cetuk aku terus” pitakone andi sing njentrehne ben tanggane iku percaya. “lek cah wedok kerep kerep nginep neng gone omahe cah lanang, awas ati ati lek sampeyan mengko digrebek wong liya, soale ora enek ikatan” wangsulane. “iyo ngerti, yoben digrebek” pitakone andi sing sodok nesu marang tanggane iku.
Setaun kelewat, dlalah rombongan uwong sing ora biasane neng omahe andi langsung dadi Tanya Tanya tangga tanggane. Tibake wong wong iku mau rombongan keluargane ani sing pengen jaluk pertanggungjawab marang andi. Amerga setaun suwine andi kerep gawani ani, dlalah ani meteng tanpa durung nikah karo andi. Andi sing kelakuane nakal marang ani langsung dinikahne dina iku mau. Wong tuwane andi ngerti musibah iku syok lan pingsan. Sakwise sadar wong tuwane andi, andi lan ani dinikahne kanthi sah ben anak neng kandungane ani tansah nduweni bapak.
Sesasi, rongsasi, telungsasi, patangsasi, limangsasi, enemsasi, pitungsasi, wolungsasi lan sangangsaasi akhire bayine sing neng kandungane ani lahir tansah sehat lan bobote gedhe. Wong tuwane andi sing tansah durung lila marang pernikahane anake kkaro ani tansah meneng lan pasrah ngadepi lelakone. Uga andi sing durung seneng nduweni anak pas kelahiran anake, deweke malah metu dolan sing ora ngerti saba parane.
            Kelakuane andi sing ora waras nrenyuhake para tangga tanggane, amerga bapake ora gelem ngopeni darah danginge dewe. Wong tuwane andi sing ora cetho amergo deweke wes nduweni putu malah ditokne  seolah olah ora nduwe beban marang kesengsaraane anake ani sing wes ditinggalne marang bapake lan ora dinafkahi menyang andi. Sifate wong tuwa sing wedi karo anake dewe, ora iso ndidik lan wenehi tanggung jawab menyang anake.
Jebule nganti tekan saiki anake andi lan ani wes umur 3 tahun, andi lan keluargane ora tau komunikasi marang keluargane ani lan andi ora ngerawat anake malah ditinggal lan ditokne.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar