Sabtu, 01 Oktober 2016



KEPINCUT MARANG WONG KEMBAR
Dening : Nurlaila Muna Hadi (22)

            Awan iki Nakula karo Sadewa lagi diutus ibuke ngeterake pesenan roti ing warung. Bocah loro kui kembar Nakula uwis lulus kuliah S1 saiki kerja ing kantor lan Sadewa isih kepingin nerusake kuliahe  S2. Dumadakan ora ngerti sangkan parane dumadi ing dalan Nakula karo Sadewa kenek musibah montor sing ditumpaki disrempet mobil, untunge bocah mau sik diparingi slamet, Sadewa banjur mudun saka montor
            “Mbak sampean ora apa-apa?” Pitakone Sadewa marang mbake
            “Mas sampean ki piye to nyetir ora ndelok-ndelok”
            “Piye to kok sampean sing nesu, kan mbake sing salah” Nakula moro nesu-nesu
            “Aku iki lagi cepet-cepet” saurane mbake
Banjur mbake mudun saka mobil marani bocah loro iku, mbake kaget lan nggumun tibake bocah loro iku kembar mirip banget angel dibedakake.
            “Uwis ora sah nggumun ngerti wong kembar, Iya aku iki bocah kembar nanging iseh ganteng aku”saurane Nakula
mbake langsung cepet-cepet ngalih amarga dina iku duwe masalah sing nyangkut ambi uripe lan kudu dirampungake.
            “Eee mbake arep nyandi, sampean kudu ganti rugi” Nakula nggeret tangane Fitri
            “ La uwis La ambi bocah wedok ojo koyo ngunu” Sadewa mbelani Fitri
            “Iya-iya sik duwite tak jupuke ing jero mobil” saurane mbake
Mbake banjur moro ing mobil nanging ora jupuk duwit malah ngempakake mesin lan kabur. Bocah loro mau sidane mulih gowo ati mangkel amarga diapusi. Mbake mau jenenge  Fitri bocah ayu,putih,dhuwur, anake wong sugih nanging wong tuane uwis ninggal. Fitri ning omah mung ambi pembantune. Dina iku Fitri ndadak mlarat amarga omah lan sak sembarange disita bank. Fitri bingung kudu piye, akhire melu ning daleme pembantune sing jenenge Mbok Sri.

            Uwis telung dina Fitri kluntrang-kluntrung ning daleme Mbok Sri. Fitri njaluk tulung  supaya digolekake gawean, Mbok Sri nyaranake kerja ing toko roti sing jarake saka omah kira-kira lima kilo meter. Akhire Fitri setuju lan gelem. Isuk-isuk banget Fitri siap nggawa map arep nglamar gawean, Fitri pamitan marang Mbok Sri banjur budal, dina iku Fitri seneng banget amarga ketrima  lan wiwit saiki uwis bisa kerjo ing tokone Bu Marmi. Kekenaen  jejagongan karo Bu Marmi, dumadakan  saka jaba keprungu swara tlakson montor “tin…tin..tin..”Bu Marmi enggal-enggal medhal  jebule putrane teko, Fitri sing ning jero penasaran melu-melu nginceng , Fitri njumbul kaget tratapan tibake putrane Bu Marmi bocah kembar sing ditabrak Fitri 2 minggu kepungkur, Fitri bingung kudu piye akhire deweke ngowahi padatan dadi bocah culun nanging isih pancet ayu sing penting ora ketara yen Fitri. Bu Marmi lan putrane banjur mlebu toko lan ngenalake  Fitri marang putrane, Fitri saiki uwis ngerti bocah kembar iku jenenge Nakula karo Sadewa lan kelingan sing nyentak-nyentak ,njaluk ganti rugi pas nabrak kae jenenge Nakula lan sing mbelani tur kalem jenenge Sadewa

            Uwis seminggu Fitri kerja ning tokone Bu Marmi lan lekas akrab karo Sadewa ketarane bocah loro iku kepincut tresna. Wiwit kui Fitri nambah gawean mbantu-mbantu ning daleme Bu Marmi.
            “Tri Fitri reneo sedilut!” Nakula bengok-bengok
            “Nggih mas enek wigati apa?” Fitri mlayu nyedaki Nakula ning ruang makan
            “Tulung aku gawekno  wedang kopi, nanging ojo legi-legi’ printahe Nakula
Fitri banjur gawe wedang kopi ning dapur nanging Fitri bingung endi gulane lan endi kopine amarga gedhine semono Fitri durung nate gawe wedang kopi. Sawise dadi kopine disuguhne marang Nakula, deweke banjur nyicipi nanging kopine malah disembur jarene rasane ora enak, Nakula langsung nesu-nesu lan nyeneni Fitri. Fitri mung bisa  njaluk ngapura lan nyimpen rasa pegel, nanging ngakoni yen deweke trah ya sing salah.

            Sekitar jam lima sore gaweanae dirasa wis rampung Fitri pamitan mulih. Teko omah Fitri crita marang Mbok Sri keluh kesahe kerja ning daleme Bu Marmi ,Fitri pegel marang putrane sing jenenge Nakula, rasane kepingin metu saka kono nanging Fitri sik pengin kerja ning kono supaya bisa nyaur utang ing bank lan alesan liyane Fitri lekas seneng marang Sadewa 

            Isuk-isuk Fitri uwis teko ing tokone Bu Marmi amarga diweling ngeterake pesenan roti ing warung, ndilalah Fitri ngeterake rotine ambi Sadewa,Fitri ngrasa seneng banget , bocah loro iku saya akrab nanging Fitri ngerti yen Sadewa iku bocahe rada pecicilan.Sawise ngeterake roti Fitri pamitan mulih lan arep dibarengi Sadewa nanginag wegah amarga Fitri ora pingin ngrepotake, akhire Fitri mulih mlaku, teko prapatan Fitri meh kecopetan nanging langsung ditulung Nakula sing liwat lagi mulih saka kantor. Fitri ora nyangka uwong sing megelne lan ngayelne malah nulung deweke , wiwit kui Fitri lekas duwe perasaan marang Nakula ,Fitri bingung bocah kembar iku pada-pada gantenge,Fitri seneng marang Sadewa nanging bocahe  pecicilan, Fitri uga seneng marang Nakula nanging bocahe megelne lan nganyelne, bocah kembar iku marakne Fitri mumet

            Pandum jam wis nunjukake jam sanga bengi Nakula lelingguhan ing ngarep tv, Sadewa ora sengaja ngerti Nakula lagi bukak-bukak foto ning HP.
            “ La iku fotone sapa kok okehmen? “ pitakone Sadewa nyinder
Nakula sing enak-enak ndeloki foto langsung cekekal kaget kaya ngerti medi
            “ apa to udu urusanmu ?” saurane Nakula
            “ Ora sah ditutupi aku ya uwis ngetne, sampean seneng to marang bocahe?, saiki ngene adewe saingan gawe cara sehat ,aku asline ya seneng marang Fitri” saurane Sadewa
            “ uwis-uwis ora usah dibahas aku arep turu” Nakula mlaku mlebu kamar
Meneng-meneng tibake Nakula seneng marang Fitri, nanging ora tau ngungkapne malah saben dina gawe nesu Fitri, Fitri asline krasa yen Nakula seneng marang deweke nanging Fitri bingung kudu milih Nakula apa Sadewa apa malah dipilih kabeh 

            Kira-kira wis telung wulan Fitri kerja ing toko lan daleme Bu Marmi. Fitri mutusake arep metu amarga kekayaane sing disita bank wis mbalik lan saiki uwis dadi pewaris kantor tinggalane wong tuane. Isuk sekitar jam wolu Fitri macak ayu ora nyamar ngejak Mbok Sri menyang daleme Bu Marmi arep pamitan lan nyuwun ngapura yen deweke sing nabrak putrane. Ngerti wajah asline Fitri Nakula karo Sadewa ngrasa kecewa banget nyapo saiki lagi ngaku, Sadewa langsung ngelek-ngelek lan  ngusir Fitri, Fitri ngrasa mangkel banget uwong sing di senengi  sing dianggep apik malah gawe lara atine, ngerti kedadean kaya mengkono Nakula mung meneng praupane katon susah ,sadurunge ngaleh, Fitri jelasne kedadean sing sebenere banjur mulih. Ngerti kedadean sabenere Sadewa nyesel banget.Saiki Fitri uwis ngerti sopo sing pantes disenengi  Nakula apa Sadewa apa malah wong liya.

            Wis sewulan ora tau ketemu, Sadewa uwis bisa nglalekne Fitri ,nanging bedo ambi Nakula saben dina sik bisa smsan lan rasa tresnane saya gedhe nanging dipendem jero-jero.Ora angin ora udan  dumadakan Fitri ngaturi keluargane Bu Marmi supaya rawuh ning omahe.Bengi iku keluargane Bu Marmi ngrawuhi ing acara syukurane Fitri, ning kono Fitri ngomog matur suwun marang Mbok Sri amarga wis diopeni wiwit cilik nganti gedhe uga matur suwun marang Bu Marmi sing uwis maringi gawean. Sak liyane iku Fitri ngomong yen deweke dilit kas arep tunangan. Mak deg mak tratap  Nakula kaget amarga deweke mendem rasa tresna marang Fitri nanging Fitri saiki uwis duwe calon
            “Mas nyapo nglamun aku saiki uwis dadi pewaris kantor anggonmu kerja ,aku duwe jabatan sing luwih duwur gawe sampean” Fitri ngablek pundake Nakula
            “Eh ngageti wae, posisine dadi apa ya?” saure Nakula cekak
            “Sik tak aturane rene Mbok Sri kaliyan Bu Marmi” Fitri Mlaku ngaleh.
Sakwise kumpul kabeh Mbok Sri banjur ngomong
            “Sak leresipun keluarga Bu Marmi diaturi tindak mriki saperlu badhe musyawarah masalah pendamping gesangipun Fitri”
Lha dalah krungu omongane Mbok Sri Nakula sing lagi ngombe langsung keselak,lap der lap der atine tan soyo deg-degan wonge bakalan kelangan Fitri. Banjur Mbok Sri neruske omongane.
             “keluarga Bu Marmi sampun dianggep kados keluarga piyambak dados nyuwun pertimbangan pripun yen “
Nakula uwis ora kuat mirengake Mbok Sri eluhe wis arep netes banjiri omahe Fitri,Nakula nyat mlaku ngaleh, nanging jangkahe mandek jegreg keprungu ngendikane Mbok Sri tibake sing arep dadi tunangane Fitri yaiku kembarane Sadewa .Nakula kaget,bingung campur seneng  sing maune pikirane peteng ndedet maleh padang jingglang bocah loro kui pada-pada bungahe Fitri yakin deweke takdir jodohe dudu Sadewa amarga tau gawe loro atine  nanging Fitri tetep kekancanan apik. Saiki Fitri uwis mantep ambi Nakula senajan megelne,ngayelne nanging wonge luwih dewasa lan ning jero atine sing atos nyimpen ati sing suci.  


           









Tidak ada komentar:

Posting Komentar