Dening : Alfan
Dzikria Nurrachman (02)
Atikku
pancen bungah banget, kanggo awakku saiki golek duit iku gampang.
Saben wulan mesti oleh gaji. Aku kerjo
ing pabrik dadi teknisi mesin sakwise aku lulus soko kuliah teknik mesin.
Kaya biasane aku
budhal kerjo isuk-isuk amarga ana aturan soko pabrik panggonanku kerjo jam 7.00 isuk kudu
wis teko banjur absen. Nanging dino iki bedo banget, kanca kanca kerjoku podo
antri neng ngarep gerbang.
“Ana apa iki kok podo urung mlebu?”
takokku marang koncoku
“Waduh, kabeh pekerja pabrik iki arep
di PHK !” sumaure koncoku
“Opo, di PHK ? Lha pabrik iki kena
masalah apa?” banjur kaget awakku. Lagi kerjo enem sasi, aku wis arep kena PHK.
“Lha mbuh, jarene kena krisis ngono lah”
jarene koncoku
Akhire tenan, Kepala Pabrik iku ngumumake
nek pabrik panggonku kerjo arep tutup
amarga kena krisis keuangan. Waduh mumet aku, piye carane golek duit maneh.
Aku kudu
ikhlas nerima iki kabeh. Akhire aku mulai njajal golek lowongan kerja, tapi nyatane angel.
“Pak, kula badhe…..”
“Ngamen gratis” sumaur satpam pabrik
iku
“Lho Pak, badhe tanglet wonten…”
“Ngalih ndang ngalih, Mat reneo…” Satpam
kui kayak nyeluk wong liya
“Mat? Sinten nggeh pak?”
Auugh, auugh…. Waduh, tibake Mat iku
julukane kanggo asu sing njogo pabrik kui, asu kui soko njero banjur ngiter
aku, aku mlayu sak banter bantere.
“Hahaha, sokor…” jarene satpam kui
Kurang ajar satpam kui, ing njero
batinku. Bejo aku ora dicakot karo asu kui.
Pas wayah awan, aku
leren neng halte bus. Ing seberange dalan, ana mobil mandheg. Tak sawang banjur
sing numpak medun. Enek siji sing tak delok koper gede, warnane ireng. Neng
njero batinku isine koper kui rejeki nomplok, mesti isine duit abang abang sing
akeh tenan kui.
“Wah tak jupuke, mumpung mobile urung dikunci, tapi engko aku dadi buron. Piye
ya..” aku bingung dewe. “Jupuk wae lah, kepepet iki” banjur aku ndang moro nyebrang
marani mobil iku. Wayah aku arep mbukak lawang mobil kui, ana suara sikil
nyedak, pikirku sing nduwe mobil moro, wah bahaya iki.
Nambah cedak, nambah cedak suarane,
tibake…
“Koran.. Koran.. Jawa Pos.. Sindo..
Surya..” suarane tukang Koran.
“Mboten pak, sampun wonten” suarane
sing nduwe mobil
Aku banjur ndang mbukak lawang mobil
iku, tak jupuk koper gede iku, tak gowo mlayu sing adoh.
Tekan panggon sepi, arep ndang tak buka
isi koper kui. Tapi tibake koper kui nek kodene. Weleh, weleh, bakal angel iki
nek mbukak. Akhire aku golek akal, ndang tak gowo mulih banjur tak bukak nggawe
obeng.
Ora suwi akhire koper kui iso tak
bukak.Banjur tak bukak ladalah isine, isine…
“Mblegedhes, opo iki….” Mbengok aku.
Tibake isine namung stopmap karo kertas kertas akeh, ora sesuai karo pangarepku
sing tak kiro isine duit abang abang akeh. Waduh, nasib, nasib, wis angel ora
bati pisan goro goro kepincut koper.
Liya dina aku kudu nggolek duit
kanggo cara sing bener lan halal.
3/10/2016
Tidak ada komentar:
Posting Komentar