Senin, 03 Oktober 2016

MUNGKIN KANG ORA MUNGKIN



Dening Suci Wahyu Kristina 

Ya bener jare uwong – uwong  jeneng e ning donya iku ora enek kang ora mungkin.  Ukara kasebut kadadeyan  marang tahun iki. Kang wayah e mangsa ketiga elahdalah jebul kang clolo malah mangsa rendheng. Rendeng yen ditegesake marang sajroning sacuwil atine Raras saiki yoiku eluh kang tumetes kang ora diarepake. Banjur kayata pangarep – arepan e Raras iso budhal dolan bareng kanca – kancane menyang pucuk e Gunung Semeru. “Pak kula dak ngrayakake libur semester genep niki dolan sareng kanca – kanca angsal? “ ptakon e Raras. “Lah iki mangsane Rendheng lo nduk, menyang omah wae nyapo? wangsulane bapake. “Pak, sanjange panjenengan rumiyen menawi kula sampun SMA diangsali dolan sareng kanca – kanca lo, hayo Bapak masak supeh?, angsal nggih pak,angsal nggih ?” Godane Raras. “Jan – jane awakmu ki arep dolan menyang ndhi to ndhuk?” pitakone Pake. “Kula kaliyan kanca badhe munggah pucuk  Gunung Semeru bapak”(karo mesam mesemi senajan ngepek atine pake) semaur e Raras. “Bapak uwes kandha ndhuk, iki mangsa ketiga kang njedul udan,ora becik metu sangka omah jo meneh mung arep dolan.” Wangsulane Bapake. “Tapi Pak, Rarasss kan . . .”. Pyarrrrr, blendek wedang kopi kang kasiram marang panggonan pidakane Raras. Raras langsung  mlayu menyang jero kamar lan eluh kang kasimpen kebak amber. Rasane saknaliko atine Raras ketabrak sepur kang ” tak des” senajan lagi sakedepe mata. 
          Jago wes kluruk. Kaya biasane Raras sak nalika jegegat tangi banjur ngglakokake kawajibane ngadep marang Gusti Allah SWT. Ngelingi yen dina iki libur, sawise sembhayang Raras banjur turu maneh. Srengenge wes katon njedhul. Raras tangi banjur mbukak slambu jendhela. Ngelingi yen ora sekolah Raras turu maneh. “(thok thok thok . . . .) Raras tangi ndhuk, wes awan wes wayahe sarapan.”  Gugahe bapake. “Enggih Pak sakedap malih” semaur e Raras. Raras pancen bocah apik. Senajan kekarepane ora diolehi, deweke tetep legawa lan ngabekti marang wong tua. “Ndhuk sepurane bapak ya, awakmu ora diolehi dolan menyang pucuk Gunung Semeru.” Gawe ngapikake suasana sangka Ibune Raras. “Inggih Ibu mboten napa-napa sedaya niku mesthi damel saene Raras” Semaurane Raras. “Ayo sego goreng e gek ndang dientekne” Bapak sanga buri awake Raras.
          Sawise ngresiki omah. Isah – isah, nyapu,  ngepel, lan umbah – umbah. Raras nonton TV. Kaya biasane kang distel tontonan kabar berita. Nalika dhewek e mlaku arep njupuk banyu ngombe. Dheweke mandheg jegrek lan langsung mengo ing monitor TV. Kakrungu kabar sangka sacuwil cuplikan berita saklanjute mangkana. Kran kan kapunter saka sambungane galon ngebaki isi gelas kang di gowo Raras. Raras ageh – ageh menyang ngarep TV. “Ndhuk Raras Ibu nyuwun tulung ntasno kumbahan, ing jaba udan deres.” Sambatane Ibune Raras. “inggih buk.” (Semaure Raras karo mblayu). Nalika wes bar dheweke mblayu menyang ngarep omah karo nyaut sak gelas banyu bening.
          Awake Raras kaku lan adhem njejet,mripate mlorok maca tulisan “Tragedi Musim Hujan di Lereng Gunung Semeru.” Keprungu suwara bengak bengoke Bapake kang mbubarake tegange dheweke. “Buke . . . Raras . . . Buk. Ras.. Lindu lindu linduu ayo ndang metu”. “Ibukk ayo ndang medal.” (Karo ngandeng tangane Ibuke). Uwong – uwong podo playon metu. Warga RT 09 RW 11 iku nglumpuk ing lapangan tengah. Keprungu suwarane uwong pada muni “Iki gunung ngendhi sing mledos.” Mak lap, rasane jantunge Raras kelar pedot. Jalaran keprungu suwarane wong – wong lan ditambah maca ing berita. Raras jegegat mblayu menyang jero omah arep nonton TV. Tanpa ngubres pengingane uwong – uwong yen ora oleh mlebu omah dishek njagani yen enek gemba susulan. Tayangan TV sik iklan, sidane Raras marani telephon tangane. Awak e ngalor ngidul, lampu hias e podo ceblok sakwise tabrakan siji karo sijine. Butuhe ageh – ageh mlayu metu. Tekan jaba gempa wes mandhek. Ibune nyedaki Raras karo ngendika “Ndhuk goleko informasi saka HP mu iku”. Tanpa semaur Raras langsung browsing yen ing ngendi kedadeyane gempa tanggal 24 Juli 2014 iku.
          Berita kang ana ing layar HP iku sak deret ngabarake ana gempa bumi sing sumbere sangka Gunung Semeru. Banyu kang kebendung mbludak. Tumetes ing pipi mbranange Raras. Dheweke kepikiran pie kahanane kanca – kancane iku. Raras kebayang – bayang kenangan bareng kanca - kanca khentele. Telong taun wes dilakoni bebarengan. Tau ngrasakake rekasane angel golek duwit. Kui sing kelingan banget marang pikirane Raras waktu golek sponsor gawe acara ekstra. Pernah diuncali rokok. Nalika wes direwangi isah – isah mung diwehi duwet 500 repes. Ing dalan ditabrak motor roda loro. Wong sing nabrak iku mau mung beret – beret biasa, tase Wulan (kancane Raras) pedhot. Nanging nalika dirembug bareng sing nabrak iku banjur ngenek – ngenek ukara nudho Raras karo kancane sing nabrak. Lan njalok ganti rugi 500 ewu. Jenenge kanca kenthel mesti ana ing senep lan makaryo. Waktu iku bocah sepuluh pada urunan gawe ngewehi wong kui.
Sawise kui pada leren ing cakruk pinggir dalan karo ngitung dhuwet sing wes klumpuk. Ana wong lanang loro nyaut dhuwit 175.500 nalika dicekel tangan tengene Arum. Kabeh kanca pada ngiter rampok. Waktu  Slamet arep nyaut tas e ndilalah wong lanang iku ngetokake ladeng lan disayatne marang tangan kiwone Slamet. ( we don’t talk anymore we don’t talk anymore) lagu sing lagi trending iku muni. Ana telephone sangka nomer telephone omah kang ra kasimpen deneng HP ne Raras. Tibake kui mau Wulan, yen ngabari dek e karo kanca – kanca ora sido menyang gunung Semeru. Wulan crita yen gagal e budhal ing Semeru goro – goro sandal jepit kesayangane Slamet keri. Banjur wes perjalanan mbalik mulih maneh. Ananging waktu arep budhal ban mobil e kempes. Nalika bar dikumpa oleh lima meter bane mbalek kempes maneh. Sidane nyurung lima kilometer digowo menyang bengkel jebule bane bocor. Wayah kui tukang tambal bane ora iso nulungi, sidane nunggu sampek saiki durung sido budhal.

Cekap semanten

Tidak ada komentar:

Posting Komentar