Senin, 03 Oktober 2016

KANG ORA TAK DUGA



Dening : Vivi Nur Afifah
Sumilire angin iki tansah gawe atiku bungah lan sumringah. Ati iki rasane adem ayem tentrem krungu kabar yen ibuku bakal bali saka luar negri, tapi  kabar iku sek durung pasti amarga ibu nambah cuti maneh. Ati sing wis ayem bungah maleh keranta-ranta lan neteske eluh ning pipi. Aku wis pirang-pirang taun di tinggal ibu menyang negarane uwong. Saka aku iseh umur patang taun ngasi tumekan saiki aku wis kelas 2 SMA. Iku wis sui banget, sampek aku wis lali wajahe ibuku kaya apa ngirim poto utawa ngirim surat wae gak tau belas siji wae. Kepingin rasane oleh kasih sayang pelukan saka ibu amarga kadang aku yo iri karo kanca-kancaku sing budal sekolah lan mulih sekolah di peluk cium lan dikandani semangat sekolahe. Ananging ekonomi sing pas-pasan gawe mangan wae yo pas-pasan banjur kahanan iki sing marak’ake ibu kudu kerja ing negarane uwong. Ning omah aku amung karo bapak. Susah seneng tak lakoni karo bapak, bapak amung kerja serabutan. Dodolan gedang dodolan koran tak lakoni kanthi iklas ati. Di ilok-ilokne uwong aku wis ra peduli sing penting aku iso mangan karo bapak wae ati iki wis seneng.
Emboh nyapo ibu kui wis ra peduli lan ora gelem ngirimi duwit sitik wae kanggo anak lan bojone. Anake ya mung aku tapi belas ra tau ngurusi aku kanthi bapak sing dadi ibu ku. Aku sabar sabar lan sabar kanthi sabarku wis ora ketulungan.
“Bapak, sakjane ibu ki kapan to baline pak aku wis kangen marang ibu aku yo kepingin iso di peluk cium ibu kaya liyane pak..”
“Ibu ki mesti mulih, tapi emboh kapan mulihe ditunggu maneh wae kabar baline piye, sing sabar ya ndhuk cah ayu..” sumaure bapak karo rada mbrebes.
“Enggeh bapak, aku bakal nunggu baline ibu bakal tak tunggu aku wis kangen ibu.”
“Bapak yo kangen marang ibu, mugo-mugo ibumu ning kono sehat-sehat wae..”
Banjur aku ngomong kangen kui, rasane aku pengen mati aku wis ora ana guna urip ning donyo iki, sakjane aku iki sik nduwe ibu ananging ibuku wis ora gelem ngurusi aku. Aku salah opo sampek-sampek ibu kandung ku dewe kaya wong jahat sing nlantarake anake dewe. Aku wis arep bunuh diri amarga kangen ku marang ibuku wis ora iso tak pungkiri. Ananging yen aku mati saiki bapak bakal luwih susah lan urip dewe keranta-ranta lan kudu nyukupi sandhang pangane dewe. Kabar ibu mulih iku mesti omongane bapak sing kepingin nyenengke aku ben aku ora nangis wae koyo wong gendeng. Aku wis patut yen dilokne wong gendeng amarga gendeng mendhem kangen marang ibuku dewe.
Kabar ibu mulih sampek wis patang ulan mung angin liwat emboh parane nyandi. Mabur kanginan digondol angen-angen sing mabur rono mabur rene kaya ati iki sing rasane ra karu-karuan bentuke. Aku nyobo telpon ibu ananging nomere wis ora aktif, isone ya mung telpon, hp wae ya sik senteran urung iso tuku hp sing iso di geser geser di sentuh aplikasine. Iki anamung hp jadul kang sabendino tak tunggu kabar mulihe ibu.
Karo tak sambi dodolan gedang aku nyobo nglirik hp senteran ku iki, hp sing rumangsaku wis apik banget kui. Aku mandek ing ngisor wit ringin karo mangan gedang. Tak sawang bocah-bocah sing nasibe luwih apik tinimbang aku sing mlayu-mlayu digodak ibuke.
“Wis laris dhik dodolane..”                                                           
“Dereng,eh bapak, bapak kok ya ning kene bapak mau pora ning omah..”
“Sampean gak ngerti dhik, bapak kerja dadi tukang rosok dhik, bapak ngeneki amarga bapak wis bingung kerja apa, mesakne  sampean dhik mbendina ora sekolah anamung kerja dodolan gedang kadang yo dodol koran bapak ora tega, bapak nyuwun ngapura..”
Krungu kaya ngono mau padha tangisan ing ngisor wit ringin kui. Urip amung akeh cobo lan pait e urip ra tau mandhek ing tengah-tengahe keluarga iki. Aku karo bapak anamung nduwe rasa sabar kang akeh banget. Yen ora nduwe rasa sabar kui ambyarr atiku gumebyar mati bunuh diri amarga wis ora kuat.
Banjur kui aku lan bapak ora ngarep-ngarep ibu mulih. Percuma yen di arep-arep mulihe, ibu yo ora bakal peduli lan wis nglalek’ake keluarga kecile sing atine saben dina mangan sabar. Allah bakal ngrungak’ake pandongane bapak lan pandongaku sing dongak’ake ibu ing adoh kono.
Sampek-sampek aku wis ora kelingan belas marang ibuku wis seminggu iki aku lan bapak wis lali lan ora ngeleng-ngeleng ibu. Ibu sing biasane tak tangisi saben dina saben wengi. Tapi atiku kroso ora penak kaya ana pikiran sing semrawut sing nggawe aku kudu nangis lan ngelus-ngelus poto ibu jaman biyen sing ana ing ruang tamu.
“Dhik, dhik dhik bukak pintune..”suara kang banter ana ing njaba
“Nggeh pak wonten napa?”
“Dhik,bapakmu ana ngendi iki enek kabar yen ibumu tibake wis ninggal suwi ing luar negri. Iki aku oleh kabar saka mbak ana tanggane adhewe sing kerja ing kono ibumu ninggal mergo sakit jantung. Wong kono gak gelem ngabari perkoro emboh nyapo dhik..”
Krungu kabar kui aku nangis mbengok-mbengok wis rakuat.”Pak.. bapak ibuk ninggal bapak ibu ninggalne adhewe bapak.. bapak ibu tego pak bapak..”
Aku nangis njerit-njerit dadaku sesek wes adem panas ngerti bapak ora sumaur bengokanku amarga di pundhut ing Maha Kuasa ninggalke aku. Bapak ninggal keadaan sujud pas solat. Astagfirloh hal’adzim rasane atiku wis ora kenek di tata. Ibuku sing tak angen-angen sing tak kangeni tibake ninggal wis suwi ing negarane uwong, saiki bapak sing nunggu-nunggu baline ibu yo ninggal. Uripku ajur wes ora karu-karuan. Aku wis ora nduwe sapa-sapa. Aku dewe, aku ngopeni awak ku dhewe lan golek sandang pangan dhewe tanpo bapak lan ibu ku. Ibu ora mulih ing omah ananging ibu mulih omahe Allah. Banjur bapak melu ibu mulih ing omahe Allah. Rasa kangenku marang bapak ibu tak titipne ing kerlip lintang ing saben wayah bengi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar