Liburan Nyang Malioboro
Dening : DANANG WAHYUDI
Prei semester wingi aku kaliyan sekeluarga
plesiran ning Yogyakarta. Propinsi istimewa iki
duwe akeh obyek wisata sing apik banget. Mulai
soko obyek laut, gunung, sejarah, candi, lan pirang-pirang liane. Pas prei semesteran iku, aku dulan ning Malioboro.
Budal numpak bis jaya , aku, ibu, bapak, mas, karo mbak mudun ning Stasiun mediun . Lumayan cepet numpak sepur Joga Mediun mung mangan waktu sak jam. Ora kroso reti-reti wes tekan Yogya. Soko Stasiun Tugu gari mlaku ngetan sitik juk ngidul uwes tekan Malioboro.
Sepanjang dalan Malioboro akeh banget bakul
kaki lima. Para bakul sing dodolan iku jajakke
beragam produk mulai kerjainan, sandangan,
nganti panganan. Aku bingung ameh pilih sing ndi tur regane murah-murah bingit. Sopo seng
ora kepengen tuku.
Bapak tuku sandal, ibu tuku daster, mbak tuku kaos, mas tuku sabuk. La aku tuku opo? Iku sing ning sirahku mikir ora uwes-uwes. Mlenga
mlengo akhire aku milih tuku sandal wae. Itung- itung sandalku wes ameh jebat mumpung regane murah tur iso dinyang tak sikat wae.
Sandale regane 40 ewu tapi iso tak nyang 15
ewu. Murah tenan tur iki asli made in Jogja
hahaha. Ora kroso waktune wes ameh sore juk
aku kaliyan sekeluarga bubaran lan mlakuneh neh Stasiun Tugu. Terus tuku tiket lan balik ning
ponorogo maneh. Seneng tenan dino iku.
Meski mung sidono ora utuh mergo aku
mangkate wes awan, aku seneng banget. Sak ora
orane balik ponorogo wes gowo oleh-oleh.
Bakpia, gethuk, gudeg, dan lain lain sing ameh tak caoske simbah. Mayan oleh gratis sandal lan
panganan plus jalan-jalan ke kota pelajar.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar