Jumat, 30 September 2016

APES


Dening : Farin Natasya Panjaitan/15/XII IPA 6

          Sari wis kepingin banget duwe hape Android kaya kanca-kancane, amarga hapene ya mung senteran. Sak jane Sari biyen ya tau ngeyel jaluk hape Android marang wong tuwane, tapi malah dinesoni amarga bapak ibuke ya kerjane mung petani ing desane.
            “Kowe ki ya, jane pengen sekolah apa nuruti jaman? Aja sok dadi cah sugih, aja macak dadi cah duwe dhuwit, deloken bapak ibukmu kerjane ya mung neng panasan, bayarane gak sepira.”
             “La piye ta Pak, aku ya isin, hapeku kok ya mung senteran Pak, Pak.”
          “Senteran ora senteran padha wae. Padha-padha kenek diengge sms, telpon, asline lak kuwi sing penting, uduk internet ngono kae sing marai ora eling marang wektu.”
         “Ya sakjane aku ngerti Pak, namung aku janji tenan Pak, aku bakalan isa mbagi wektu anggonku dolanan hape lan sinau pak.”
            “Ya wis kepriye maneh, lakoni apa enek e kuwi sik wae, lek gelem nyelengi dhuwit, mangkat, tukuo dhewe,  Nduk. Bapak kalih Ibuk gak mudeng masalah ngono kuwi.”
            “Ya Pak, sepurane nggih Pak..”
            Ing sawijining dina Sari tuku hape anyar. Pas seneng-senenge ngutik hapene sing anyar, Sari ya ndang ngunduh social media sing digandrungi kanca-kancane saiki. Saiki Sari duwe akun facebook anyar. Ora luwih seminggunan, kancane kok ya wis akeh tenan. Ana jeneng akun facebook “Yudha Mangun Kusuma”, ya trah isa diakoni bagus banget pangrupane. Akeh ing kronologine sing nulis kangge Yudha “TFL mas ganteng..” “TFC yaa..” “Kenalin ya mas, namaku Shinta.” Jan ra gelem kalah, Sari ya nulis ing dindinge Yudha “TFC mas Yudha Mangun Kusuma.”
            Dina minggu isuk, Sari atine kaya ditutuki palu, banter banget rasane. Tibake, Yudha ngirim pesan ing inbox facebooke.
 “Cah Ayu
“Nggih Mas?”
“Oleh kenalan gak, Cah Ayu?”
“Nggih purun ta Mas, Mas. Jenengku Sari Muriyati, Mas Ganteng..”
“Jik sekolah, Dhik?”
“Wah ya isih Mas, isih kelas 3 SMP, hehe. La Mas e kelas pinten?”
“Aku kelas 2 SMA, Dhik.”
“Wes duwe pacar ta, Dhik? Sajake awakmu wis duwe dik, ayune jan eram kok. Hehe”
“Pacar apa ta Mas, aku jomblo terus kat biyen, wong ya rupaku gak ayu-ayu nemen, sapa ta yonan sing gelem karo aku”
“Hehe la lek mas Yudha purun pripun?”
“Masyaallah mass, aja ngono ta”
Chatan sampek bengi ra enek leren e. Sesuke ya ngono, chatan ya ra enek lerene karo Yudha, atine rasane beda karo ing bocah liyane. Rasane dheweke seneng banget marang Yudha lan Yudha barang isa ngewehi perhatian banget kayata ing  pacar dewe.
“Dhik Sari”
“Nggih Masss.”
“Gak sekolah ta, Dhik Sari?”
“Sekolah Mas, iki aku isih jam istirahat Mas, la Mas Yudha apa ora sekolah kok e facebookan?”
“Mas Yudha ya sekolah Dhik, iki diwulang, tapi aku ngantuk kelet-kelet mripatku, ya tak tinggal facebookan wae, Dhik”
“Kok ngono ta Mas, Mas. Gak pareng lo”
“Hehe pisan-pisane dik dik. Dik lek menawa mengko balik sekolah ketemuan kepriye? Aku kepingin delok sliramu sing ayu dik.”
“Hmm. Nggih Mas, ten pundi enake?”
“Taman Sukowati wae ya Dhik”
“Oke Mas”
Pas balik sekolah, Sari seneng banget atine bakale ya ketemu wong lanang kang bagus banget rupane. Pangarepe ya ditembak ing Taman Sukowati karo gawa kembang. “Ya ampun iki ngimpi apa ta Ya Allahh” (batine Sari)
Sari nunggu ing Taman Sukowati wis 10 menitan. Ora suwi saka kono, ana cah lanang elek, iring, cilik, rambute ngepank, dicat warna warni, gawe seragam lungset banget, jan kaya ora diopeni bapak ibuke.
Kaget banget atine, tibake wong kuwi nyedeki Sari.
“Dhik Sari ya?”
“Mas Yudha ta?”
“Hehe iya Dhik. Wah pancen ayu tenan ya Dhik awakmu tibake.”
“Mas, pangapurane nggih, aku ra isa suwi-suwi. Aku ditelpon bapakku dikongkon mulih saiki amarga ana acara.”
Sari ndang mlayu wae saka TKP kana. Sari ra nyangka, tibake Yudha kuwi elek banget. Dipikir bocahe ganteng, putih, dhuwur, rambute ireng, rapi, pacakane genah kaya ing photo profile. “Amit-amit jabang bayikk. Ngerti ngene aku angur gak duwe hape Android. Bener jare bapak, asline internetan marai ora weling marang wektu. Berarti aku ngenteki wektuku sing kudune tak engge sinau persiapan UN tak gasak entek-entekan mung diengge chatan marang Yudha. Aku nyesel banget, gek ya rupaku wis biasa wae, gak ayu-ayu nemen. Barang ngerti sosial media kelakuanku kok saya gak genah. NgePLEKan marang wong lanangan sing gak dikenal kok ya aku gelem-gelem wae, padahal ya ora ngerti asline kaya piye. Jan tenan, apesss rek uripku” (batine Sari).
           

Tidak ada komentar:

Posting Komentar