Jam
01.00 suwarane bojoku wis gumlegar ing kamar cilik iki koyo alaram gawe
pertanda yen wis wayahe aku lan dheweke budal makaryo. Ing petenge isuk iki aku
karo bojoku goncengan numpak sepedhah montor
budhal menyang pasar gawe tuku
barang dagangan arupa sayur mayur sing tak dasarne saben isuk neng ngarep omah.
Tekan pasar aku lan dheweke ngedum tugas tuku dagangan. Aku biasane diwenehi
tugas tuku kambil, pitik, pokoke sing barange abot-abot gek ngone adoh.
Sakwise
kabeh dagangan wis dituku banjur aku lan dheweke mulih. Pas arep ngegas thithik
dheweke maleh ngendheg aku karu nutuki helmku.
“
Pak sik pak sik pak , aku lali durung tuku telo titipane mbok yah,”
Dheweke
banjur mudhun mak clurut mlayu mlebu pasar. Aku mung gedheg-gedheg weruh mlayune.
Dheweke lemu endeg gek mlayu bokonge megal-megol koyo menthok. Tapi ngono
riteke dheweke kuwi bojo sing gelem dijak rekasa, teges, sholeh, bekti marang
wong tuwa nanging siji ora penake yaiku dheweke lek nesu ora bakal gelem dijak
omong nanging ndremimil nyalahne wae. Saksuwine mikirne watake bojoku ujug-ujug
montor mburiku krasa enek sing ngengkruki. Mesti iki bojoku.
“
Buk wis telone?”
“
Sampun pak, ayo kondor pak”
Tak
selah montorku banjur tak gas lirih-lirih.
Dina iki mau kok aneh rasane,
biasane jam papat isuk kendaraan wis ana
sing liwat nanging iki mau malah sepi
ing mampring. Sak dawane dalan teratai
aku urung cethukan montor blas terus dalan iki jarene wingit ,kiwa tengen mung
sawah sing katutup kabut. Atiku malih ndredek karepe dhewe. Terus aku ngrasakne
yen sing tak gonjeng kuwi ora abot koyo biasane. Lha wong gonjengan karo bojoku
wae wis rasane abot mak “ ngek ” malah iki bojoku karo barang dagangan. Tapi
wis embuh lah iki paling pikiran ala amarga sepine dalan. Ora kerasa aku wis
arep tekan jembatan cedhak omahku. Kari ngiri lurus 30 meter wis teko omahku,
ayem tenan atiku. Karo nyanyi lingsir wingi ujug ujug mak “ jegluk ” tibake
aku nglewati jeglongan neng cedhak
jembatan. Syukur alhamdulilah aku ora tiba. Tapi kok aneh bojoku biasane lek
ngenek wis metu cerewete. Paling bojoku kesel mlayu mau dadi ora omong.
Akhire aku teko omah, aku isih
mengkruk neng montor nyepot helem. Anakku
sing ragil kelas 3 SMA wis ning ngarep omah siap-siap arep nulungi aku lan
bojoku. Nangin dheweke malah plonga-plongo ora ndang nulungi.
“
Ayo nduk, ndang diwaangi Buke”
“
Lha Pak, Buke ten pundi? ”
“
Lha iki ning mburi,”
aku banjur noleh ning mburi.Lha
dalah bojokku kok ora enek, nyandi bojoku mau. Tak geleki neng njero obrok ra
enek, daganganku ngati kocar-kacir tetep bojoku ora enek. Lek nyempit neng
sayuran kok yo ora kethok terong ngor sing cilik wae kethok. Ning ngendi
nylempite bojoku mau. Anakku ngerti ibuke ora enek dheweke malah nangis
misek-misek. Nambahi mumete ndasku. Tak pikir-pikir aku mau lewat jeglongan
terus montorku mumbul. Apa bojoku ceblok pas kuwi tapi kok ora enek sing
mbengok mau. Yongalah piye iki engko lek ceblok. Aku lan anakku banjur menyang
jembatan mau. Tekan kono aku coba ndelok sak kiwo tengene bojoku yo ora
kethok-kethok. Apa digondol dhemit?. Wulan kepungkur jarene enek bocah sing
dolanan ning ngisor greng cedhak jembatan iki ilang nganti sak iki urung bali.
Duh iki mau tanggal siji sura opo digawe tumbal bojoku. Bojokukan kaya sapi
gedhine sanune dhemit ngiro lek kuwi gawe dheweke. Huwalah….
Yongalah
dhemit ki nyapo kok ngondol bojoku. Kok iyo kuwat ngondol, aku waae sing
mboncengne nganggo montore kabotan. Anakku kok yo ora mandeg-mandeg lek nangis.
Gawe wong-wong maleh ngubengi aku. Wong-wong takok nyapo iki nyapo iki. Ngarai
sirah tambah mumet.
“
Pak, panjenengan niki napa sing mbeto obrok wau.”
“ Dek wau kula ngertos panjenengan medhal
wonten mriki, nanging panjenengan piyambak mboten kalih garwanipun panjenengan”
“
Garwa kula wau pun numpak kula bonjeng lo bu”
“
Sak estu kula mboten ngapusi, mang cobi mawon tingali wonten peken, menawi tak
sih ten mrika”
Aku
lan anakku banjur menyang pasar, tekan kono tak takokne wong pasar, tukang
parkir ora ana sing weruh. Tak goleki
mubengi pasar ora temu. Wis kesel ngoleki akhire aku lan anakku mulih.
Tekan ngomah aku malah weruh bojoku guyon
karo ngedoli tanggoku sing tuku sayur. Ya Allah iki engke sak jane piye to.
Anakku weruh ibune langsung mblayu ngamplok buke karo nangis.
“
Buk, kowe mau nyandi tak goleki kok ora enek, kowe wis dibalekne dhemit to?.”
“
Byung ngalah pak, La panjengan wau kula dereng lenggah ning montor kok wis
digas mawon. ”
“
Heleh wis wis arep sarapan aku wetengeku dangdutan wisan.”
Sakwise
dak tinggal anakku cerita nyapo ibune kok diarani digondhol dhemit. Bojoku
ngrungokne kur nguyu wae lan ndremimil ngumeng-ngumeng aku sing ora perhatian
lan ora pekanan karo dheweke. Aku mung ngucap syukur isih bisa ngrungokne
swarane bojoku sing ngang nging ngang nging, amarga iki pertandha yen dheweke
ora digondhol dhemit.
*cuthel*
Tidak ada komentar:
Posting Komentar