Pangestune Ibu
Dening : Dhea Vica Nuraini (11)
Aku iki randha tuwa kang nduweni anak lanang siji. Anakku gur tamat saka SD, uripku iki serba kurang, utang kene kono kaya kali deres miline. Kerjaku mbriket ana Pabrik Minyak Kayu Putih Sukun kanggo nyambung uripku. Anakku ya kerjane ing Pabrik, masio aku randha kang ora nduwe bondho nanging aku wegah dadi wong kang isone nyeleh tangan ning wong liya.
“Bu, kula celak kalih wanita Madiun, namine Lastri Bu.”gunemane anakku. “Gawanen menyang omah kene najajal Le, aku pengen eruh ayune wong wadon kuwi.”. “Sampun kula suwuni Bu, Dek Lastri mboten purun mriki”
Aku penasaran marang wong wadon seng lagi cedek karo anakku, aku nduwe gegayuhan yen calon mantuku iso nuntun anakku ing dalan sing bener, demi bungahe anakku, aku gelem nglakoni apa wae.
Ora ana bledek ora ana udan, ora nyono ora ngiro anakku lanang njaluk rabi karo wong wadon sing disenengi. “Bu kula badhe emah-emah.”, “Lho ana apa ta Le kok kesusu ki?” pitakonku rada kaget amarga aku urung weruh marang wanita sing di karepkake anakku. “Mangke enggal dipunpundhut tiyang sanes lho Bu” anakku sajake khawatir. “Wis ta Le, lha mbok senajan kaling-kalingan segara lan gunung ora-ora yen bakal cidro.”, “Sampun Bu, kula sampun tresna saestu.” Anakku sajake meksa. Apa sing arep tak omongake marang anakku, aku ora ngrestuni apa kang dadi panjaluke anakku kuwi ngono, aku ya durung weruh wanita kang dadi calon mantuku.
Esuk iki aku budal kerjo disik amarga gawean ana pabrik wis akeh, anakku lanang isih turu. Iki mau aku wis masak jangan tewel lawuhe gerih kanggo sarapan. Aku kerja ing pabrik sampek jam setengah 12 awan, anakku biasane wis mulih disik. Aku engal-engal bali disik. Lha kok iki mau aku ora tuman gagang irunge. Apa dheweke iki mau nglembur? Tak tunggu sampek jam 3 sore kok dheweke ora bali. Aku banjur nggoleki menyang pabrik, nanging jarene wong pabrik dheweke wis bali wiwit mau. Aku mulih menyang omah kaya wong bingung, terah ya mung nduweni anak siji. Aku penasaran parani anakku menyang ngendi yo wia aku mlebu kamare anakku, bar ngono aku mbukak lemari ndelalah.... klambi lan tase anakku ora ana ing lemari, celengan 4 kang diklumpukake saka kringet kerja wiwit cilik ora enek ing meja kamar, enek isine yen mung 12 yuta .
Aku takok tangga teparo menawa ngerti parane anakku. “Lek...lek sampeyan sumerep yoga kula?”, “Aku eruh mau Joko nggawa tas Lek, banjur numpak motor ojek”, wangsulane tanggaku. Aku bingung arep nggoleki menyang ngendi meneh.
Iki wis telung dina Joko ora bali menyang omah, aku ya gur luntang luntung dhewe ing ngomah, biasane ngono ana Joko sing iso dijak omong utawa guyon bareng, iki mung swara radio tuwa sing ngancani aku. “Assalamu’alaikum, tok tok tok.”swara tamu, “Wa’alaikumsalam”wangsulanku, “Bu, niki wonten ulem-ulem.”anake Bu Surti menehi undhangan manten marang aku. “Suwun ya Le.”
Tak delok-delok undhangane katon apik, kaya undhangane wong sugih. Aku kaget nalika eruh jenenge anakku sing ana ing undhangan kuwi mau. Sesok anakku dadi manten karo mantu kang aku ora weruh asal usule, bibit, bebet, bobote. Kaya kedodok atiku eruh undhangane anakku, lunga tanpa pamit. Orane aku ora ngolehi anakku age-age rabi, nanging mbok calon mantuku dikenalne karo aku, aku iki wong tuwane siji-sijine, kang ngemot lan nglairne jabang bayi Joko. Semaput rasane aku.
Uwong sadesa padha nekani undhangane anakku lanang, nanging aku isih ing ngomah, kaya ora percaya karo kabeh iki, wong tuwa kang ora dijaluki donga restu anakku dewe.
Nalika aku blanja ing bakul sayur. “Segeng nggeh Bu, Joko mugi-mugi kaluwarganipun sakinah, mawaddah, warohmah.”bakul sayur ngrembug anak lanangku, “Loh loh panjenengan sedaya punapa mboten ngertos, Joko niku dados rayat ingkang nomer 2” Bu RT banjur nyambung omongan. Krungu omongane Bu RT, aku banjur cepet-cepet mulih lan mung iso nagisi uripku kang ajur, kepriye nasibe anak lanangku siji-sijine? Seneng apa malah susah nduwe bojo kaya ngono? Tangis eluhku mili balapan karo tekane udan mangsa rendeng.
“Buk..buk...”ana sing celuk-celuk saka njobo nalika aku isih masak sarapan. “Buk, kula yoga panjenengan Joko Buk.”swara bocah kang lair saka njero wetengku. “Joko, Ibu kangen Le.”iki dudu nangis keranta-ranta naging iki tangis bungah amarga anakku lanang bali menyang omah. “Sembah sujud kula nyuwun pangapunten anggen kula gadhah lepat Bu”, Joko sujud ngambung sikilku. “Uwis tak pangapura Le kabeh salahmu, piye Le piye kene cerita karo Ibu.”, “Lastri niku sanes tiyang sae Bu, Lastri menika sampun kagungan simah Bu, Lastri niku namung remen kalihan arta kula niku Bu, kula sampun lepat Bu”, anakku lanang nangis crita kabeh kedadeyan. “Wis ta Le, sing uwis yo wis bene, sing urung ayo diati-ati, mula saka kui manuto karo apa ngendikane Ibu ya Le.”, “Enggeh Bu, kula nderek kalih punapa mawon ingkang Ibu ngendika.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar