Bali
Dening : Selvi Ardiani Saputri (27)
Esuk iki maeng pancen adem tenan.
Ora kaya biasane. Kamangka iki dudu mangsa ketiga. Aku noleh nyawang jam sing
cumantol ing tembok kamarku. Wis jam 04:30 rasane sek peteng banget. Aku banjur
metu. Ing mburi omah wis ana bapak kang lagi makani pitek. Senadyan iki maeng
dino Minggu aku ora banjur adus kaya dene yen mlebu sekolah. Aku mung wudu
banjur sholat subuh. Sawise sholat aku menyang pawon, wis dadi jejibanku gawe sarapan
lan kopi saben isuk kanggo bapak. Ibuku lunga wis lawas dadi TKW ing
mancanegara. Wiwit aku umur 3 tahun ganti saiki sing umurku sing wis ngancik 16
tahun durung nate endang babar pisan. Yen roso kapang ku mesti ana. Nanging
kepriye maneh. Ibuku lunga supaya biso aku sekolah sing duwur.Daksawang bapak
sajak nglamun, dakcedeki banjur aku aweh pitakon.
“enten nopo to pak daksawang panjenengan kok nglamun mawon”
pitakonku sinambi ngelungne kopi ing cangkir.
“sopo to sing nglamun ke, bapak lagi ngetne pitik mangan
karak kuwi lo”
“bapak cerita mawon. mboten sah
ngapusi. Pitek mangan karak mawon lek mersani serius banget” wangsulanku
sinambi lungguh jejer karo bapak.
“ndhuk awakmu opo ora kapang karo
ibumu” pitakone bapak rodok lirih.
Aku age-age
noleh nyawang bapak. Ora biasane bapak takon bab ibu marang aku.
“yen kapang iku nggeh mesti pak.
Nanging nggeh pripun meleh. Ibu kesah amargi pados arto damel kula sekolah”
“ibumu sok Selasa bali nduk”
Jujur aku
kaget banget krungu bapak ngendikan ngono maeng. Kabar bakal mulihe ibu banget
gawe bungahe atiku. Pirang-pirang tahun suwene anggonku ngarep-ngarep mulihe
ibuku bakal kedadeyan tenan. Dino Minggu iki aku ora arep dolan karo
kanca-kancaku. Aku bakal resik-resik omah. Nangng sejatine ana rasa kang
ngganjel ing pikiranku. Yen tak gatekake bapak ora katon bungah kaya dene sing
dakalami.
“ah paling iku mung pikiranku” aku
guneman dewe.
Wetara jam
12:00 lek Mariyem menyang omahku. Lek Mariyem iku tonggoku kang wis dakanggep
ibuku dewe. Wiwit aku isih cilik lek mariyem sing momong aku ngalor ngidul yen di
tinggal bapak kerja.
“lek punapa leres ibu bakal kondhor
dinten Selasa punika” pitakonku marang lek Mariyem
“iyo ndhuk, awakmu ora perlu
resik-resik koyo mengkene. Iku ibumu dhewe dudu wong liya”
“nggeh mboten punopo-punopo lek,
mengke yeng griya niku resik ibu rak nggeh bungah nyawang” wangsulanku sinambi
mesem marang lek Mariyem.
“Yo wis aku dakbali dimek. Anggonku
rene maeng nggur arep delok lek mu ebyoh kui”
Tak gatekake
lek mariyem yo ora katon bungah ibu arep muleh. Malah sajak arep mbrebes nyawang
aku.
Dino senin iku aku age-age
tangi.srengenge isih durung katon. Hawane krasa seger . Lan pedhute rada kandel
nutupi panyawang. Aku banjur gawe sarapan lan budal sekolah. Ing sekolah aku
cerita marag sekar. Kanca sebangkuku yen ibuku arep muleh.
“Sekar ibuku sesok bakal bali. Aku
ora weruh sesok biso mlebu sekolah opo ora. Amarga aku mesti melu bapakku mapak
ibuku ing bandara”
“aku yo melu seneng rin yen ibumu
muleh. Ojo lali jajane lo!” wangsulane Sekar sinambi ngejak guyon.
Aku mulih
soko sekolah wis sore banget. Teka omah banjur adus lan sinau. Wetara jam 9
bengi aku turu.
“bengi iki aku bakal ngipi kang
apik. Sesuk isuk ibu bakal bali. Jan bungahe atiku” aku guneman dewe ing jero
kamar banjur merem.
Jago kluruk
iku nangekake aku saka impenku. Aku banjur noleh nyawang jam. Wis jam enem
isuk. Aduh aku mbangkong. Aku lagi kelingan yen dino iki ibu bakal bali. Aku
banjur metu saka kamar. Ing ngarep omah wis akeh banget tonggo tonggoku. Aku
banjur mlayu ngoleki bapakku.
“bapak ibu punapa sampun rawuh. Kok
rame banget” pitakonku rodok bingung.
“Durung ndhuk sedelo meneh ibumu
teka” wangsulane lek Mariyem marang aku.
Aku tambah
binggung. Amarga bapak malah netesake eluh. Semono uga lek Mariyem. Setetes banyu
bening uga metu saka tlapukane. Saka elor katon mobil putih marang omahku. Aku
terus ngatekake mobil iku. Mobil iku mandhek ing ngarepku.Aku Kaget banget iku
mobil ambulans. Lan ibuku digotong metu soko mobil iku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar