Minggu, 02 Oktober 2016

TKW Dening : Zeina Novotna

   Umur Rina pas 18 tahun ing dino iki, wes genep anggon e bocah kelahiran 1998 kui sekolah neng SMA Merdeka Jaya 3 tahun iki. Nanging, eneng sing nyiset ati ne ning umur e sing 18 iki, Bapak Ibu ne kudu pisah mboh amarga jalaran e opo, ora genah. Sajak e Rina yo ora pengen nggenah ne mergo ra pengen nambahi gelo ne ati. Saben dino Rina kudu krungu suara gegeran e Ibune lan Bapak e. Wes ra enek semangat ngge urip bagi ne jo meneh kanggo sekolah wes aras-aras en banget sajak e. Bapak e jan-jane nawani Rina nerusne kuliah tapi rina nolak. Wong tuwo sing di banggak-banggak ne nilar loro ati sing jeru ning ati ne Rina.
    Dhewek e akhir e milih melu karo Ibune mergo dheweke jalarane kawet biyen yo cedek karo Ibune, Bu Karti jenenge. Abot rasane arep nerus-nerus ne lelakon urip. Wus ra enek panutan sing iso di contoh maneh. Ora let suwe ko pisah e Bapak Ibu ne tonggo teparuh podo gremeneng ng buri lan uni ne ra karukaruan. Ono sg muni yen Bapak e Rina selingkuh karo janda deso sebrang lan enek sing omong yen Bapak e kepelet wedok an ruwet. Cirito sing pating smilir ora genah jeluntrung e kui marai gelo ati ne Rina. Sewayah Rina  metu ko omah tongo-tonggo sing liwat ngarep omah lek nyawang Rina karo Ibune sajak e ra penak tur ora nyeneng ne. Jalaran soko kui sing marai Rina aras-arasen metu ko omah.
  Ketua Ibu PKK desa Bu Desi ugo melu-melu maidoni, sewayah pas Rina  arep metu golek sabun ning toko ngarep omah juk-juk mak clebung muni neng ngarep e "Kowe to anak e Pak Darwo sing tukang selingkuh kae?"
  "Kowe ojo melu-melu Pak mu lo yo, sanu kowe ngko goda ni bojo ne tonggo mu?" Tambah Bu Misyem. Pitakon sing bener-bener marai ati ne ajur sak ajur-ajur e. Dhewek e mung iso dingkluk ora iso nyauri opo-opo. Ngempet tangis. Teko omah Ibune kaget mergo ngerti anak e misek-misek "Ana apa Rin? Enek opo kok muleh-muleh awak mu misek-misek Nduk?"
   Ketambahan bulan iki ing masjid etan omah e arep ngadak ne Isro' Mi'roj ketua panitia karang taruna ngundang Rina kanggo dadi genep-genep panitia Isro' Mi'roj nanging pikir e Rina wus ora sudi nglumpukan karo tonggo teparo sing wes jelas ngeloroni ati ne mergo omongane sing reno-reno. Pas Rina nyapu ngarep omah juk-juk Mas Basir ketua karang taruna moro "Assalamualaikum Rin?"
  "Wawaalaikumsalam.. Mas, enten nopo nggih?" Dijawab Rina kanti gugup
  "Ayo budal rapat nggon e ning gone Mbak Mirna"
Ngerti lek Mbak Mirna kui anak e Bu Desi wong sing gaene ngelok-ngelok ne Rina, Rina banjur golek alesan ngge ngemohi ajakane Mas Basir  "Mboten mas kulo mboten saged tumut"
 "La nyapo Rin?"
  "Niki Ibu kulo sakit, kulo tak teng griyo mawon ngrencangi Ibuk" Ning jero ati ne Rina asline guetun ngapusi mas Basir.
  "Oalah yowes lek no salam ngge Ibuk mu inggal sehat Rin, Assalamualaikum aku pamit budhal disik ya." Pamit Mas Basir banjur budhal rapat.
   Meh  setahun Rina karo ibune wes ra tau obah soko omah. Nanging tonggo ne yo sik tetep ngrasani malah nemen-nemen e sg keri muni yen ibu Rina kui yo dadi  selingkuhan wong  liyo, tapi Rina wes ngroso biasa mergo wes meh setahun iki dhewek e  biasa dipaido ng tonggo teparone dewe. Pisan pindo Ibu Umiya ketua pengajian moro ng omah lan gawe Ibu tetep kuat lan tabah ngadepi tonggo teparo ne sing senengane alok kui.
    Setahun mlaku duwet simpenan e Ibune wes entek ngge urip slama iki, Ibu ne yo wes ora kerjo mergo biyen kerjo ning koperasi cedek omah tapi ditok ne jalaran alasan e bos e mergo yo ra genah mungkin yo goro-goro kenek hasutan ko tonggo teparo ne sing omong elek-elek tentang Ibu ne Rina.
Gelem ra gelem Rina kudu golek kerjo ngge nyambung urip e karo urip e Ibune tapi ra mungkin lek ning daerah e mergo jeneng e lan Ibune wes kadong  di elek-elek karo tonggo teparo ne dewe. Rina duweni tekat budhal ning Taiwan selain mergo gaji ne lumayan dhewek e yo berusaha ngehindari tonggo teparo ne. Dinekat-nekat ne mergo Rina asline yo ra tego sakjane lek kudu ninggal Ibu  ne dewe tapi piye neh dalan siji-siji ne yo kui. Rina kudu budal ning Taiwan  ngge nyambung urip e lan ben iso gawe bungah e Ibu ne. Ibune Rina ngrestui anggen e Rina budhal dadi TKW. Rina dhuwe tekad kuat anggone dadi TKW ben iso ngasilke kasil sing bungah ne.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar