Sabtu, 01 Oktober 2016


                                                               ANAK MAJIKANKU 
                                                              Dening :kholis diana sari 
 
      Sangka metu SMP nganti sak iki kira -kira 3 tahun suwene aku nganggur ana ing  ngomah amarga golek kerjanan enek kotane dewe iku banjur angel banget.sakjane sakbare SMP aku pingin nerusne sekolah  SMA,nanging biyayane  dienge ngragati aku sekolah SMA ora ono. Kepekso akhire aku ya dadi pengangura
     Sakwijine dino ono wong 2 sing teka menyang omahku ngekon aku kerja menyang Surabaya. Nanging wong tuaku ora ngolehei amarga aku isih cilik lan urung oleh pengalaman kerja blas.Sakwise wong 2 mau mulih aku banjur omong menyang ibu yen aku pingin jajal kerja menyang Surabaya amarga aku neng ngomah ae isin karo konco - koncoku sing sekolah SMA senajan aku nanggur ono ngomah .Ya mung gaweane isuk mung resik-resik, bare ngewangi wong tua .ibu banjur ngolehi aku kerja menyang Surabaya nanging bapak ora ngolehi mergane bapak ora tega aku lungo adoh .jane karepe bapak aku kon golek pengalaman sing cedek-cedek bae disek.nanging aku ya wes jajal golek kerjanan nanging ya ora oleh -oleh. Wayah bengi bapak nyelok aku.                          
 “nduk anggen mu pingin  kerja nyang Surabaya tak restuni “ 
“ Ingih bapak, matur sembah nuwun restunipun”
      Aku banjur langsung telfun wong 2 mau sing jenenge Adit lan Andi yen aku banjur gelem kerja nyang Surabaya.sesuke ngono aku budal menyang Surabaya. Sak durunge budal aku pamitan marang simbah lan dulur - dulurku.  Sak wise ngono wong 2 mau teka gawa mobil, aku banjur langsung budal. Tebake ing njero mobil mau ono wong  wedok sing kabehe 5 ya arep kerja menyang Surabaya. Wong wedok mau banjur Ayu - Ayu banget ya ora sombang nanging wonge sumeh banget. 4 jam aku teka Surabaya sak durunge aku diterke menyang kerjanan, aku dijak golek mangan disek ing pinggiran dalan. Sak wise aku mangan,  aku diterke wong 2 mau marang majikanku. Aku teka ngone majikanku diterke nyang kamar dikon leren disek ora oleh kerja .
     Sak wijine dino enek wong lanang sing gedi duwur lan putih teka nyang omahe majikanku , tak kiro tamu tebake anake majikanku. Aku banjur kaget, tak kiro majikanku sing sek enom mau tebake wes nduwe anak sing wes kuliah. Anak  majikanku banjur ngejak aku kenalan.Tebake anake majikanku mau jenenge jefri aji prasetyo.
     Wes sesasi aku kerja banjur bosku ngekeki aku gaji. Gaji disekdewe langsung tak kirim menyang keluargaku amarga kebutuhane wong tuaku okeh banget opo maneh adiku sing isek sekolah ae kabehe 2 .sak bare aku muleh ngirim duwet nyang wong tua ku. Jefri ngajak aku metu golek mangan. Amarga enek ngomah kur aku karo jefri,majikanku metu nyang luar negri ngurusi kerjakan. Saking kerepe aku awor jefri aku maleh tresno marang jefri. Nanging aku nyadar yen tresnaku iki ora bakal kebales amarga aku yo mung pembantu.
 Ing wayah sore aku lingguh ing teras amarga gaweanku wes sampe .jefri ujuk -ujuk ngejak aku golek buku diengge tugas kuliahe .sakwise golek buku aku dijak jefri golek mangan neng restoran mewah banget. Neg kono aku pesen iwak goreng ,jefri pesene sego goreng. Karo ngenteni Pesenane teka jefri pamit metu disek arep golek pulsa.
     5 menit suine aku ngenteni jefri akhire jefri teka . ujuk – ujuk jefri nyekel tanganku lan ngekeki aku kembang mawar karo uni lek wonge tresno karo aku. jefri muni ngono aku seneng banget lan ya ora nyongko ae jefri kok yo tresno karo aku.aku banjur ya muni lek aku ya tresna karo deweke. Aku lan jefri banjur nerusne angonku mangan. Lan sak wise mangan aku muleh ,teko ngomah aku bukak lawang la nek ruang tamu ono wong wedok Ayu banget nyelok jefri kang mas. Aku langsung kaget lan binggung sopo wong wedok kui opo yo anake majikanku. Jefri banjur muni nyang aku lek kui bojone sing lagek muleh songko ngone wong tuane. aku banjur kaget  langsung  ngaleh melebu kamar nangis karo nata kelambi amarga aku  pingin pindah songko kono.yen aku terus kerja neng kono bendino eruh jefri  mesra-mesraan karo bojone  ya bakal gawe loro atiku. Bar adzan magrib aku muni nyang jefri yen tresnaku lan tresnane wonge cukup semene bae lan aku ya karo pamitan arep muleh nyang kampung halamanku nanging jefri danduli tasku karo muni lek dewek tresno karo aku ora pengen kelangan aku.nanging aku ora gagas omongan jefri mergane deweke wes nduwe bojo. Aku ya ra pengen ngerusak keluargane.akhire jefri wes ora danduli tasku,banjur deweke ngkeki aku duwet 7 juta karepe duwet kui bene diengge sangu  aku muleh menyang kampung. Nanging  aku ora nampani duwet sing dikekne  jefri mau.banjur aku langsung ngaleh .mergane ati iki rasane uwes ajur 
     Wes setahun angonku leren kerja sangka Surabaya.nanging rasa tresna iki marang jefri ora bias luntur.Yen aku iso muter wektu supoyo aku iso nemokne kowe luweh disek.Ben luweh dawa wektuku kanggo urip bareng sliramu.




 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar