Minggu, 02 Oktober 2016

MERGA TRESNA AKU LALI KANCA

Dening : Elfida Nur Andiani
       
      Jenengku Icha, aku sekolah ning SMA N 3 Madiun. AKu duwe konco sing jenenge Ananda. Bocahe ayu lan apik banget. Aku seneng iso duwe konco kaya dhewek e. Ananda iku yo sing ngancani aku saben bungah lan susah. Ora mung kuwi, aku yo sering nginep ning omah e Ananda, lan Ananda yo kerep nginep ning mahku. Ananda iku wis tak anggep kaya keluargaku dewe. Bapak lan ibukku yo wis nganggep Ananda kaya anake dewe. Aku lan Ananda ora duwe rahasia opo-opo. Kabeh padha dicritakake. Nalika aku cerita ning dheweke yen aku lagi ngeser karo kakak kelasku sing jenenge Niko.Niko iku bocah e ganteng lan gagah. Ing liyo dino, aku lan Ananda arep mulih sekolah, ujug-ujug aku lan Ananda dicegat dening Niko. Atiku rasane seneng banget iso ketemu dheweke. Niko ngejak kenalan aku lan jaluk nomerku. Tanganku soyo gemeter cedhak karo Mas Niko. Sawise aku duwe nomere Mas Niko, aku lan Mas Niko kerep komunikasi, malah aku sering SMS nakokne wis maem opo durung lan liya-liyane. Aku seneng banget iso cedhak karo Mas Niko. Aku ngroso yen Mas Niko yo duweni rasa sing padha marang aku. Soyo suwe hubunganku karo Mas Niko soyo raket. Saben budhal sekolah aku ora mung karo Ananda, nanging saiki karo Mas Niko. Ning sekolahan aku kerep ning kanten bareng karo Mas Niko. Malah saben mulih sekolah aku kerep diterne karo Mas Niko.
                 Rasaku ning Mas Niko soyo gedhe. Aku wis ra betah mendhem rasa iki. Aku nunggu Mas Niko nembak aku, nanging urung ditembak. Aku bingung aku kudu piye. Akhire aku mutusne ning omahe Mas Niko lan ngomong yen aku duweni roso ning dheweke. Aku langsung budhal menyang omahe Mas Niko. Teka kono, koyone Mas Niko lagi ana tamu amarga ning ngarep omahe ana motor scoopy warna ireng putih. Aku banjur ngurungne niatku arep methuki Mas Niko. Nanging aku yo penasaran sopo to tamune Mas Niko. Aku banjur nginceng ning ngisor wit jambu lan ngematne Niko lan tamune iku. Saya suwe tak matne kok tamune iku wong wadon lan ora asing maneh. Ora nyongko ora ngiro tibak e wong wadon iku Ananda kancaku dewe.                  Atiku mrepeli siji baka siji. Rasane iki kaneh koyo ngipi. Kancaku sing raket banget tego nikung aku. Terah bener kandhane wong, yen kanca iku iso dadi ula. Wayah budhal sekolah, aku sengojo ora ngenteni Ananda. Teka sekolahan Ananda takok nyapo aku ora ngenteni dheweke. Aku meneng wae ora sumaur. Ning njero kelas aku ora kaya biasane. Ananda takon tak jawab saperlune. Pas wayah ning kantin, Niko lan Ananda ngejak bareng, nanging aku ora sumaur apa-apa . Lan dina -dina sakbare hubunganku karo Ananda saya renggang. Ananda lan Niko usaha ngejak aku omong, nanging ora tak gape. Telpon lan SMS e padha tak jarne. Ing liya dina, Ananda absen ora mlebu sekolah. Aku rodok kepikiran nyapo kok ora mlebu. Nanging aku ra peduli amarga nyapo wonge tego nusuk aku kaya ngono. Wis ana 2 minggu Ananda durung mlebu sekolah. Kanca-kqncaku padha takok nanging aku cuek-cuek ae. Tak eling-eling Niko yo ora mlebu sekolah. Opo mungkin wong 2 iku janjian, alah aku wis ora mikir, senajan atiku panas kaya geni kobar-kobar.
                  Sesoke Niko methuki aku lan ngajak omong aku.Niko mbatek pengen ngomong penting. Akhire aku penasaran lan aku gelem. Mulih sekolah aku janjian karo dheweke. Aku takon arep omong apa, nanging Niko ora sumaur lan ngejak aku ning panggonan liya. Aku manut wae, apa mungkin dheweke arep jaluk ngapuro. Ning tengah dalan, Niko mandhek ning ngarep kuburan. Aku bingung apa maksute,banjur dheweke mlebu lan mandhek ning salah siji pathokan. Aku takon iki kuburane sopo.Niko meneng wae. Aku saya bingung kudu piye. Banjur dheweke gelem crita.  "Iki kuburane Ananda Cha" "Apa to maksutmu Nik, aku ora ngerti" "Ananda wis ra enek Cha, dheweke wis diceluk dening Gusti Allah" "Nik ojo guyon, enek opo iki?" "Sak jane aku wis pengen ngomong suwi nanging Ananda ora ngolehi aku omong" "Omong opo to Nik?" Niko banjur crita kabeh, tibak e dheweke lan Ananda iku pacaran wis suwe sakdurunge aku kenal Niko. Tibak e Niko mung sandiwara ngajak kenalan lan jaluk nomerku amarga sing ngakon Ananda. Ananda duwe penyakit kanker lan kudu dioperasi. Ananda pengen persahabatanku lan dheweke terkenang pas masa-masa iki. Mualane dheweke pengen gawe aku seneng lan alasan dheweke ora mlebu sekolah amarga penyakite saya parah lan kudu dioperasi,nanging operasine gagal.
                Kanca apa aku iki, aku duwe kanca sing apik lan sayang ning aku, rela berkorban kangge aku. Nanging apa walesanku,aku malah ngalih pas wonge berjuang antarane urip lan mati. Aku getun nyangapa aku dadi kanca ora duwe guna. Aku nangis ing kuburane Ananda, aku pengen jaluk sepura amarga wis slah paham. Aku pengen kenangan sing indah karo dheweke dibaleni maneh. Nanging saiki mung iso gela lan getun. Ananda wis ra bakal ning donya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar