Jumat, 30 September 2016




JAKA KANG WIS TUWA
Dening : Henry D.P
Kelas : XII IPA-6

Ning salah sawijining Desa ana ana uwong kang jenenge Jemuah. Wiwit cilik Jemuah wis ditinggal wong tuwane ninggal. Jemuah wiwit cilik melu pakdene, dek e amung lulusan sd kang wit mbiyen diwarai ngarit marang pakdene.  Jemuah wiwit mbiyen wis biasa urip sederhana amerga pakdene ya uwong sederhana. Saiki Jemuah wis umur 40 tahun, saiki deweke urip dewe amerga pakdene uwis ninggal. Jemuah sak bendinane kerja serabutan kang cukup kangge mangan. Nganti saiki Jemuah during nemokne jodhone amerga wiwit enom mung kerja terus. Ing salah sawijine dina Jemuah dikenalake tanggane marang randha kang sugih, kang omahe ora adoh saka desane. Jemuah wis seneng karo randha iku, akhire randha iku dilamar marang Jemuah, akhire randha iku wegah dadi bojone Jemuah ameaga Jemuah ora nduwe apa-apa lan kerjane mung serabutan bedha karo dewekake kang ndue usaha toko gedhi ning ngarep omahe.
  Jemuah rumangsa disepelekake marang randha kui, akhire jemuah lunga menyang Malesiya. Rong tahun suwene jemuah lunga, dek e wis ndue modal kanggo bukak usaha toko bangunan ing sanding omah e. jemuah ndue tekad kang gede nglakokake usahane kanthi awake kuru. Patang tahun deweke nglakokake usahane akhire deweke malih dadi Jaka kang sugih banget lan randha kang wis nolak Jemuah akhire malih getun amerga Jemuah malih sugih banget nganti ngalah-ngalahne sugihe. Suwine Jemuah dadi Joko tuwa akhire tanggane ngenalne Jemuah marang prawan ayu nanging prawan iku bisu. Nanging Jemuah seneng marang prawan kui, akhire Jemuah moro ning omah e kanggo nglamar prawan bisu kui maeng. Akhire Jemuah rabi karo prawan bisu sing jenenge Parti lan urip bahagia kanthi saiki wis nduweni anak loro.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar