Musibah Sing Ora Keduga
Dening
: Arga Wijaya
Kaya biasane aku tangi
isuk arep budhal kerja, tapi rasane dina ini kaya beda dibandingne karo dina
biasane, aku luweh semangat tangi pas isuk, gek rasane pengen cepet-cepet teka
panggonan aku kerja, mboh opo sing marai aku maleh semangat kaya ngene.
Sak bare aku siap-siap, aku langsung pamitan
karo bapak lan ibuk, kaya biasane wong tuaku mesti ngomongi kon akeh-akeh maca
sholawat pas kerja.
Sak tekane ning panggonan kerja aku
ndelok suasanane ning kantor maleh beda, kabeh uwong ketok bungah jalaran iki
bulan rahmadhan lan dina sabtu, amarga lek dina sabtu kerjanan mung setengah dina.
Pas jam 8 gerbang pabrik dibukak ning satpam, aku sak konco teknisi langsung
melebu ning ruangan mesin. Ya, ning konolah panggonan ku kerja dadi teknisi
mesin lan listrik.
“heh ngga, tulung ewangono aku masang
lawang ning ruangan sijine” celuke andi ning aku
“eemm, iya, ayo tak ewangi” balesku, karo
nyiapne perkakas sing tak butuhne, aku karo andi langsung ning ruangan pabrik
sijine lan masang lawang iku mau, ora let suwi pas lagek sampe koncoku sijine
sing jeneng e kenang nyeluk aku lan ngangkon aku masang kabel stop kontak ning
gendheng pabrik sing duwur e 9 meteran. Mboh nyapo rasane aku ragu arep masang
stop kontak ning kono, tapi aku ora wani nolak perintah e amarga pangkate sak
nduwurku, sak liyane kui aku yo sik teritung karyawan anyar ning pabrik iki,
dadi aku urung patek wani muni sing rena-rena. Pas aku arep nyambung kabel
bertegangan duwur karo kabel plus stop kontak tanganku ora sengaja nyenggol
kabel bertegangan duwur iku lan aku langsung terpental sangka tangga sing
nyebabake aku ceblok sangka keduwuran 9 meter. Pas aku ceblok rasane kaya miber
ning antarane angin lan bayangne iki ngko nasipku piye, iso-iso aku cacat
amarga iku duwur banget, karo nutup mata aku gur iso ngarep lek iki gur mimpi.
Tapi akhir e mester pabrik sing atos nyambut awakku kanthi banter, aku mung
bisa mbengok “YA ALLAH” mergo awak ku ora iso di obahne lan kondisine setengah
sadar, kabeh karyawan pabrik langsung melumpuk lan marani aku, sak banjur kuwi
aku di gawa ning rumah sakit.
Sak banjure aku sadar, tibakno kejadian
kui mau uduk mimpi, iku kenyataan. Aku ngetne awak ku akeh perban lan jahitan,
rasane lara kabeh, pikiran ku wes teka ngendi-ngendi, mikirku aku mesti cacat
amarga sikilku di tutupi kemul lan ra kenek tak obahne, aku ora wani ndelok,
aku wes yakin nek sikilku bakal cacat. Ning jero ati aku muni “ya allah apa
salahku, aku wes sregep sholat, sregep amal, sregep ibadah kabeh tapi aku kok
kenek musibah kaya ngene, piye lek ku golek nafkah kanggo bojoku, anakku lan
ibukku ning ngomah gusti”. Aku muni ngno amarga aku gur siji-sijine balung e
keluarga sing golek duwit semenjak bapak ku ninggal, aku uga ngopeni ibuk ku
sing wis rada tua, aku ng ngomah nunut wong tua amarga urung iso bangun omah
dewe, lek aku sampek cacat piye nasibe keluagaku, arep mangan apa kabeh, lha
pas aku sek kerja e gaji gur pas-pas an kanggo urip soyo neh lek aku sampek
cacat, sopo meneh sing iso goleh duwit, aku mesti di pecat, pikir banterku. Aku
langsung turu karo nenangne pikir sing ruwet iku mau.
Sak banjure aku tangi aku iso ngetne
bojoku, anakku lan ibukku ning sandingku. Antiku langsung rodok ayem karo
netesne banyu mata kanthi ngamplok bojoku.
“Sepurane dek, ketok e aku bakal cacat,
sikilku ora kenek tak obahne” omongku marang bojoku.
“Opo mas? Ora kenek di obahne? Jelas e
ora kenek di obahne, amerga sikilmu di gip sing atos mas” saut e bojoku.
Ngerungokne kabar kui aku langsung sueneng,
pikiran ku sing elek-elek mau lansung ilang sak wat lan lagsung bukak kemul ning sikilku, tibakno
bener omonge bojoku, sikilku mau di gip ben ora kakean gerak amarga balung e
bar ceklek gek di sambung. Dokter ya omong lek lukane iso mari lan ora marai
cacat, kabar iku marai atiku bungah sing ora iso tak ungkapne.
Sak banjure aku di rawat ning rumah
sakit suwene 4 dino, aku di olehne balek tapi kudu rutin kontrol ning rumah
sakit supaya lukane iso pulih maksimal lan ora marakne kedadean sing ora-ora.
Sangka pengalaman kui aku sadar, yen urip iku kudu ngati-ngati, sak umpama
awake dewe ora bisa utawa ragu arep nglakoni hal sing berbahaya awake dewe kudu iso ngerti lan iso ngukur batasan e kemampuan e dewe, lek pamane ora saguh ya kudu
wani nolak amarga sing iso ngerti kemampuan e dewe iku uduk wong liya nanging
gur awake dewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar