Minggu, 18 September 2016


Ayo padha gladhen nulis Basa Jawa bebarengan. Ana blog iki, kelas IPA 6 Smaga Ponorogo Indhonesiya bakal ndudohake kabisane nulis cerkak.
Sugeng maos, Luur!




Mbak Randha
Dening : M. Febri Hariadi (19)


            Senen sing aneh. Sedina iki akeh banget sing kedadeyan ora kaya lumrahe. Wiwit kucing ujug-ujug mlebu lewat cendhela, banjur nyakar pipiku, nganti dhuwitku ilang pas wayah arep mbayar neng kantin. Jan isin tenan aku. Raiku kaya diklenthek. Aku nglamun nywang njaba kelas. Wit trembesi kaya ngece aku.
           "Febri, Feb....," ana swara empuk kang keprungu ana kupingku. Daksawang, jebul Mbake bakul kantin panggonku njajan mau.
           "Dalem, Mbak. Enek apa Mbak kok nganti tekan kelasku ki?," pitakonku marang Mbake kuwi. Jujur aku durung ngerti jenenge. Nanging saka critane kanca-kancaku, Mbake kuwi lagi we ditinggal mati bojone. Gampangane dheweke kuwi randha.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar