Senin, 26 September 2016


Trembesi ninggal janji 
Dening: Meli Oktaviana

Dibandingne karo bir, hal sing paling nggawe uwong mabuk yaiku urip. Yen tak pikir ora suwi maneh aku bakalan pisah karo bojoku. Patang wulan iki rasane uripku kaya ana ing neraka. Kuwi kenyataan sing kudu tak trimo lan tak lakoni. Pancen ora bejo uripku iki.
Kaping pisan nalika simbok nglahirake anak ragil, lanang yaiku aku, Gusti Allah nyabut nyawane simbok. Bapakku bingung kudu susah apa bungah. Sesasi anggone bapakku ngrawat aku, yooo jenenge bayi, luwe nangis, wareg nangis, ngantuk nangis, ngompol nangis, bengi nangis, awan nangis, isone yo mung nangis. Bapakku rakuat lan lekas wektu iku Bapakku banget pegel e marang aku. Emboh minggat nyandi nganti sak iki durung bali. Mengkono anggone budheku cerita.
Awale aku lan bojoku urip katon tentrem. Aku kenal bojoku dadi gadis sing nyenengke ati, apa maneh nalika aku nyawang lesung pipine pas mesem, Subhanallah, rasane adem kaya kudanan salju. “duh Gusti aku kangen wektu-wektu kaya mbiyen. Omong ora ana mandek e saka mburi jok pespa biruku nalika perjalanan menyang ngisor trembesi kang ana ing tengah alon-alon.” Emboh ana apane ngisor trembesi kui, aku ngrasa nyaman lungguhan sak awan utuh.  Aku isih kelingan banget,
 “dek sampean gelem dadi ibune calon anak-anakku mbesok?,”
 “purun mas, aku janji bakalan dadi ibu sing apik kanggo anak-anake dewe mbesok. insyaAllah aku saged dadi isti ingkang setia mas, susah bungah dilakoni bareng,”
Bojoku terah yo ayu katimbang bojone tonggo-tonggoku. Bojoku ketok ayu lan anggun nalika rambute lagi diore. Ambune wangi sing marai aku kepingin saben wektu lungguh jejer. Tapi sak iki kabeh mau wes berubah 100%. Sing ana saben ndino mung padu. Tembung-tembung kasar lan landhep ngalah-ngalahne landhep e graji. Masio aku lan bojoku tetep turu sak ranjang, tapi sakjane anatarane aku lan bojoku ana tembok gedhi kayata tembok raksasa Cina sing ngalangi nalika arep podo takon.
Umur pernikahanku wes sangang taun tapi yo durung diparingi momongan. Bojoku umure wes 35. Aku wedi yen apa sing kedaden marang simbokku bakal kadaden marang bojoku. Tapi jenenge keluarga kui gak sampurna yen ora nduwe anak. Emboh sampek kapan kesabaranku diuji.
Akhire wengi sing ora tak sangka kedaden. Aku mabuk lan penyanyi dangdut sing terkenal amarga ayune lan bentuk awake sing aduhai iku ngeterke aku mulih senajan aku ora kenal lan ora ndue hubungan opo-opo karo wonge. Aku ora sadar nalika bar ngombe banyu bir pirang-pirang botol. Nalika teko ngarep lawang omahku, bojoku ngerti yen aku diterne penyanyi dangdut mau banjur langsung mbanting kursi, meja, lan sak andane.
“Oooo….koyo ngene kelakuanmu mas? Opo iki walesanmu mergo aku raiso maringi keturunan?sak iki sampean wes beda mas beda,”
“awakmu kui salah paham dek, aku ora enek hubungan karo biduan sing ngeterke aku mulih mau,” sauranku kanthi ngogel.
“yen tak pikir-pikir aku wes rabetah mas, aku pengen pisah!,”
Ati iki rasane kaya disamber petir, maklap dyar maklap dyar, ajur. Bojoku langsung mlayu ninggalne omah.
Aku isih eleng banget pas e jam sewelah bengi tonggoku bengok-bengok
“bojomu…..bojomu….bojomu nggantung ning ngisor trembesi tengah alon-alon,”
kringet adem wiwit tumetes. Aku raiso ngucapke opo-opo. Kabeh mau urung sampe teko kene. Nalika jenazah e bojoku diotopsi, dhoktere ngendika yen bojoku keadaan meteng rong sasi. Ora nyana ora ngira, trembesi ninggal janji padahal kabeh mau mung perkoro salah paham. Uripku ajur muwur, mawut semrawut, bubrah. Pancen ora ana sing paling mbahagiakne lan sing paling nyedihne kajaba kenangan. Kepingin nangis yen kelingan kabeh mau. Tapi aku bersyukur amarga Gusti Ingkang Maha Agung nyiptaake kenangan.

1 komentar:

  1. Wow,cerkak sing lumayan isa gawe aku mrinding,gayamu bertutur uga enak diikuti,ayo nggawe crita sing akeh neh Mel!

    BalasHapus