Kamis, 29 September 2016

Sepurane Kang Mas

Dening : Al-Rhiza Fadila Rohmatika

           Kabar mulih anake bakal gawe bungah atine Pak Kusdi. Pirang-pirang tahun wes ora tau ketemu anake. Merga anake siji-siji ne iku kerja ing luar Kota kang adoh saka omahe Pak Kusdi lan bojone. Priyono, jeneng anake Pak Kusdi kuwi. Priyono ancen bocah kang meneng lan ora akeh polah. Iso kabuktekake yen ana dangdutan ing Desa omahe, dheweke ora melu-melu joged kaya kanca-kanca liyane. Dheweke malah anteng lungguh ing salah sijining kursi lan amung nyawang saka kadohan. Priyono termasuke wong kang seneng karo hal sing enek sangkutanne karo kamasyarakatan. Tuladhane yaiku Priyono seneng banget melu kerja bakti ugi melu yasinan Desa wayah dheweke isih sekolah SLTA ing Ponorogo. Kabar lulus saka SLTA dheweke langsung melu daftar sekolah bareng kancane. Bejo lan nasibe emang mulya amarga dheweke langsung ketrima ing sekolah lanjutanne. Beda karo kancane, kang kudu melu pirang-pirang tes. Lulus saka sekolahe iku, Priyono langsung oleh kerja saka perusahaan gedi ing Jakarta. Priyono ngrasa seneng banget.
            Sakdurunge budhal menyang Jakarta, Priyono sungkem marang Ibu ne nganti netes eluhe. Asline Ibu ne iku ora tego yen kudu pisah adoh saka anak siji-sijine iku. Amarga ngerti yen Jakarta iku Kota Metropolitan. Kutha kang rame kang akeh kelicikan. Nanging kudu piye maneh yen iki wes tuntutan uripe. Lirih-lirih Pak Kusdi ngelus rambute anake.
“Nak,kowe bocah lanang. Kowe kudu iso golek panguripan dhewe. Eling donya iki bakale bakal larang. Larang sak kabeh e..”
“Inggih Bapak. Kula usaha piyambak, kula bakal nyenengake keluarga.”
“Lee.. Ngati-ngati anakku” Ibuke ngendika.
            Pak Kusdi lan bojo ne ngeterne Priyono nganti teka pelataran omah. Kang wis ana mobil Pajero ireng plat B. Mobil iku tibake uwes dadi mobile Priyono sing diwenehi bose. Sangkek pinter e dheweke wis oleh mobil ugi asrama kanggo dheweke urip ing Jakarta. Mobil Pajero kui lirih-lirih ninggalake omah cilik minimalis iku.
            Teka Jakarta, Priyono langsung diterne ing Hotel bintang lima. Kang wis ditunggu para kanca kerjane mbesok. Jamuanne bener-bener kaya wong kang terhormat. Sangkek senenge Priyono lali ora ngabari Ibune kang sakdurunge uwis dipesen yen wis teka Jakarta, Priyono kudu menehi kabar marang wong tuwa. Ananging Priyono lali marang pesen e Ibune. Sakwise sampe klumpukan kasebut Priyono bukak HP kang wis ana 17 panggilan kang ora diangkat. Priyono ugi cepet-cepet telfon marang Ibune.
“Hallooo…Leee piye kabarmu Le…Byuuh Byuuhh…Leeee”  Ibune ngendhika lewat telfon.
“Sepurane Buk..Kula wau mboten sempet amargi kula langsung enten klumpukan rencang kerja.”
“Yoaalahh Lee. Buke karo Pake ngenteni kabarmu Lee..”
“Kula sehat selamet Ibuk. Sampun rumiyin nggih Buk. Kula badhe menyang asrama. Nyiapake proker damel mbenjing. “
            Priyono langsung menyang asrama. Leren nglurusake boyokke. Sesuk e Priyono langsung oleh perintah nglekasi nyambut gawe ing perusahaan gedi iku. Ndilalah dina kapisan dheweke kerja, Priyono kecanthol karo bocah manis menis-menis asal saka Tangerang. Kang padha lagi oleh sedino dheweke kerja. Jenenge Raya, perawan ayu manis esemme. Lirih-lirih Priyono nyedeki Raya.
             Sakwise genep 2 taun Priyono nyambut gawe ing perusahaan kasebut. Dheweke wis iso tuku omah gedi ing Jakarta. Kanthi rasa bungah dheweke menehi kabar marang wong tuwa ne yen dheweke lagi wae tuku omah gawe duwit e Priyono dhewe. Priyono uga cerita marang Ibune yen Priyono tresna marang kanca kerja ne. Ibune amung guyu sakwise Priyono cerita yen dheweke tresna marang Raya.
            Ngrasa suwi banget rasane Priyono mendhem rasa seneng marang Raya. Priyono ngejak Raya metu dolan ing salah siji panggon kang menurute Priyono iku romantis. Priyono bingung kathon pucet amargi lagek pisanan Priyono muni tresna marang uwong kang bener-bener gawe atine trep manteb karo atine. Akhire Priyono ngomong tresna lan ngajak tunangan perawan ayu kuwi. Ndilalah bocah ayu kuwi ya seneng karo Priyono.
            Priyono lan Raya akhire podho ngenalne marang wong tuwa ne kabeh. Lan tibake langsung oleh restu, amarga Priyono lan Raya iku bocah kang apik lan sopan banget. Wong loro kui banjur nemtokake tanggal tunangan. Sakurunge kuwi Raya bingung banget amarga dheweke nyiapne kabeh keperluan kanggo tunangan.

            Tanggal enem belas Juli rong ewu nembelas akhire Priyono lan Raya tunangan kang wis disakseni marang Bapak Ibuk e Raya lan Priyono. Keluarga kuwi banjur lingguh ana ing meja makan kang wis dicepaki sega goreng, sega merah, ayam bakar, iwak gurami, lan jamuan kang enak-enak. Ing tengah-tengah Raya tanpa mikir muni "Sepurane Kang Mas" kanthi netes eluh e. Kabeh ngrasa bingung, lan juk juk Raya langsung ceblok saka kursi. Beelaaaakkk…Raya semaput,irunge metu getih, tanganne putih pucet, lambene metu getih. Kabeh bingung kudu piye. Akhire Priyono langsung mbopong Raya menyang rumah sakit. Byaaaaarrrrrr… teka rumah sakit didemok nadi ne wis ora enek, jantunge ora dagdigdug, irunge wes ora ngetokne napas. Priyono nangis ugi mbengok-mbengok. Bapak e Raya nyedeki Priyono kanthi ngelus rambut lirih-lirih, Bapak e ngendhika yen Raya kuwi ngidap leukemia kang wis stadium dhuwur. Dheweke ora kuat ora percaya yen koyo ngene nasibe. Tresna marang bocah ayu kang bar ing pucukke dina.

1 komentar: