Dening
: Farin Natasya Panjaitan/15/XII IPA 6
Sari wis kepingin banget duwe hape Android kaya
kanca-kancane, amarga hapene ya mung senteran. Sak jane Sari biyen ya tau
ngeyel jaluk hape Android marang wong tuwane, tapi malah dinesoni amarga bapak ibuke
ya kerjane mung petani ing desane.
“Kowe ki ya, jane pengen sekolah apa nuruti jaman? Aja sok
dadi cah sugih, aja macak dadi cah duwe dhuwit, deloken bapak ibukmu kerjane ya
mung neng panasan, bayarane gak sepira.”
“La piye ta Pak, aku ya isin, hapeku kok ya mung senteran Pak, Pak.”
“Senteran ora senteran padha wae. Padha-padha kenek
diengge sms, telpon, asline lak kuwi sing penting, uduk internet ngono kae sing marai ora eling marang wektu.”
“Ya sakjane aku ngerti Pak, namung aku janji tenan Pak, aku
bakalan isa mbagi wektu anggonku dolanan hape lan sinau pak.”
“Ya wis kepriye maneh, lakoni apa enek e kuwi sik wae, lek gelem nyelengi dhuwit, mangkat, tukuo dhewe, Nduk. Bapak kalih Ibuk gak mudeng masalah ngono kuwi.”
“Ya wis kepriye maneh, lakoni apa enek e kuwi sik wae, lek gelem nyelengi dhuwit, mangkat, tukuo dhewe, Nduk. Bapak kalih Ibuk gak mudeng masalah ngono kuwi.”
“Ya Pak, sepurane nggih Pak..”
Ing sawijining dina Sari tuku hape anyar. Pas
seneng-senenge ngutik hapene sing anyar, Sari ya ndang ngunduh social media
sing digandrungi kanca-kancane saiki. Saiki Sari duwe akun facebook anyar. Ora
luwih seminggunan, kancane kok ya wis akeh tenan. Ana jeneng akun facebook
“Yudha Mangun Kusuma”, ya trah isa diakoni bagus banget pangrupane. Akeh ing
kronologine sing nulis kangge Yudha “TFL mas ganteng..” “TFC yaa..” “Kenalin ya
mas, namaku Shinta.” Jan ra gelem kalah, Sari ya nulis ing dindinge Yudha “TFC
mas Yudha Mangun Kusuma.”
Dina minggu isuk, Sari atine kaya ditutuki palu, banter
banget rasane. Tibake, Yudha ngirim pesan ing inbox facebooke.
“Cah Ayu”
“Nggih Mas?”
“Oleh
kenalan gak, Cah Ayu?”
“Nggih
purun ta Mas, Mas. Jenengku Sari Muriyati, Mas Ganteng..”
“Jik
sekolah, Dhik?”
“Wah
ya isih Mas, isih kelas 3 SMP, hehe. La Mas e kelas pinten?”
“Aku
kelas 2 SMA, Dhik.”
“Wes
duwe pacar ta, Dhik? Sajake awakmu wis duwe dik, ayune jan eram kok. Hehe”
“Pacar
apa ta Mas, aku jomblo terus kat biyen, wong ya rupaku gak ayu-ayu nemen, sapa
ta yonan sing gelem karo aku”
“Hehe
la lek mas Yudha purun pripun?”
“Masyaallah
mass, aja ngono ta”
Chatan
sampek bengi ra enek leren e. Sesuke ya ngono, chatan ya ra enek lerene karo
Yudha, atine rasane beda karo ing bocah liyane. Rasane dheweke seneng banget
marang Yudha lan Yudha barang isa ngewehi perhatian banget kayata ing pacar dewe.
“Dhik
Sari”
“Nggih Masss.”
“Gak
sekolah ta, Dhik Sari?”
“Sekolah Mas, iki aku isih jam istirahat Mas, la Mas Yudha apa ora sekolah kok e facebookan?”
“Mas
Yudha ya sekolah Dhik, iki diwulang, tapi aku ngantuk kelet-kelet mripatku, ya
tak tinggal facebookan wae, Dhik”
“Kok
ngono ta Mas, Mas. Gak pareng lo”
“Hehe
pisan-pisane dik dik. Dik lek menawa mengko balik sekolah ketemuan kepriye? Aku
kepingin delok sliramu sing ayu dik.”
“Hmm.
Nggih Mas, ten pundi enake?”
“Taman
Sukowati wae ya Dhik”
“Oke Mas”
Pas
balik sekolah, Sari seneng banget atine bakale ya ketemu wong lanang kang bagus
banget rupane. Pangarepe ya ditembak ing Taman Sukowati karo gawa kembang. “Ya
ampun iki ngimpi apa ta Ya Allahh” (batine Sari)
Sari nunggu ing Taman Sukowati wis 10 menitan. Ora suwi saka kono, ana cah lanang
elek, iring, cilik, rambute ngepank, dicat warna warni, gawe seragam lungset
banget, jan kaya ora diopeni bapak ibuke.
Kaget
banget atine, tibake wong kuwi nyedeki Sari.
“Dhik
Sari ya?”
“Mas
Yudha ta?”
“Hehe
iya Dhik. Wah pancen ayu tenan ya Dhik awakmu tibake.”
“Mas,
pangapurane nggih, aku ra isa suwi-suwi. Aku ditelpon bapakku dikongkon mulih
saiki amarga ana acara.”
Sari
ndang mlayu wae saka TKP kana. Sari ra nyangka, tibake Yudha kuwi elek banget. Dipikir
bocahe ganteng, putih, dhuwur, rambute ireng, rapi, pacakane genah kaya ing
photo profile. “Amit-amit jabang bayikk. Ngerti ngene aku angur gak duwe hape
Android. Bener jare bapak, asline internetan marai ora weling marang wektu. Berarti
aku ngenteki wektuku sing kudune tak engge sinau persiapan UN tak gasak
entek-entekan mung diengge chatan marang Yudha. Aku nyesel banget, gek ya rupaku
wis biasa wae, gak ayu-ayu nemen. Barang ngerti sosial media kelakuanku kok saya gak
genah. NgePLEKan marang wong lanangan sing gak dikenal kok ya aku gelem-gelem
wae, padahal ya ora ngerti asline kaya piye. Jan tenan, apesss rek uripku” (batine
Sari).