Minggu, 06 November 2016


JUDUL : KASUNYATAN SING PAIT
Dening :Ananda E.P
Ing wayah wengi Fina mesam-mesem sumringah. Dheweke mandhelengi HP lagi dolanan Facebook. Cah wadon sing ayu kuwi tibak e di jaluki kekancan cah lanang sing bagus rupane. Jenenge Apip Mustofa. Tanpa mikir dawa Fina langsung ngonfrim Facebooke damar. Let 2 menit, Fina langsung diinbox Apip.
“Assalamu’alaikum” sapane mas apip. Raenek 1 menit fina mbales.
“Wa’alaikumsalam”
“Oleh kenalan ra cah ayu?” panyuwune apip.
“Pareng kok mas.” Jawabe fina.
“Sampean ki sek sekolah apa wis kerja?”
“Tasih sekolah mas, kelas 2 SMA. Lha sampean?”
“Aku kelas 3 SMA.” Wong 2 kuwi bales-balesan chat sampek wengi.
Sessuk e fina mbangkong merga mambengi inbokan karo apip sampek jam 00.00. tanpa adus fina langsung nggawe sragam, nggawe sepatu, nglebokne buku ning tas, banjur budal sekolah. Tanpa sarapan isuk lan pamit karo Simbok. Wog tuwane shila ning luar negeri kerja golek duwit kanggo fina. Dhewek e ning omah mung karo Simbok, pembantune.
Pelajaran kapisan diwiwiti, isuk kuwi pelajarane basa jawa. Nanging sing digawa fina malah buku pelajaran basa inggris. Akibate Fina dijejer ning ngarep tiang bendera ngasi ngaso kepisan. Kanca sebangkune alias sahabate Fina yaiku Ali, ngrasa yen kancane kuwi dina iki beda.
Pas wayahe ngaso Ali marani fina ning lapangan. Banjur cah 2 kui lelungguhan ning taman sekolah.
“fin, awakmu dina iki kesambet apa?”
“Aku? Aku apik-apik ae.”
“Tenane? Gak biasane lo awakmu ngene ki.”
“Tenan, aku apik-apik ae. Tapi dina iki aku lagi seneng banget.”
“Lho piye to, diukum kok malah seneng?”
“Iya, aku mambengi bar di add mas-mas sing bagus rupane. Jenenge Apip Mustofa. Atiku rasane pengen surak-surak bungah. Aku cah wadon sing beruntung banget ya.”
krungu ceritane Fina, Ali mung meneng ora iso omong apa-apa. Kawit kelas 1 SMA Ali nduwe rasa ning Fina. Nanging perasaane kuwi ora tau diungkapne. Ali mileh sahabatan karo Fina daripaada pacaran, amarga dheweke ben iso cedek karo Fina.
Sesok bengine Fina dijak ketemuan karo Mustofa alias apip. Cah 2 kuwi ketemuan ning taman Aloon-aloon. Fina teka disik lan ngenteni ning kursi cedek air mancur. Let dilut, enek cah lanang endek,ireng, rapatek ngganteng ya rapatek putih, mrongos pisan, nyedeki Fina.
“Dek Fina ta?”
“Iya lha sampean ki sapa?”
“Aku Apip dek.”
Fina kaget, bentuk e Apip anatarane ning poto karo asline beda banget. Raenek 30 menit Fina ngejak muleh. Dhewek e gela banget wis kesemsem karo praupane Apip.
Sesuk e Fina crita ning Ali.
“Li, aku getun banget.”
“Getun nyapo Fin?”
“Aku mambengi ketemuan karo mas Apip. Nanging praupane beda adoh karo ning poto. Karo awakmu isih ngganteng awak mu lo Li. Hahaha.”
“Masa to Fin, makane to aja gampang percaya karo DuMay. Gek terus saiki piye hubunganmu karo mas Apip?”
“Ya, aku wis gak hubungan meneh karo mas Apip. Merga slama iki aku gur diapusi tok.”
“Alhamdulillah berarti aku isih nduwe kesempatan kanggo ngucapne rasa tresnaku marang Fina.” Batine Ali.

Kamis, 06 Oktober 2016

OMAHE DIJALUK SING NDUWE

Dening : Indratama Chandra P. ( 17 )

Slamet koncoku, omahe sanding omahku.. Slamet pindah menyang perumahan uwes kawit tahun 2007, tapi sing di enggoni Slamet uduk omahe dewe, ananging omahe Mas Darso, Mas Darso iku sedulure Slamet sing saiki kerjo pelayaran neng Pulau Seribu..
                Tahun 2008 Slamet nikah karo Sri, sakbare nikah iki Slamet yo mbukak counter cilik-cilikan sing deweke rintis karo bojone,  gak suwi sak bare Slamet mbuka counter, Slamet banjur takok aku
“Mas, piye carane counterku rame?” karo nekuk wajahe
“Isek awalan biasane sepi Met, sing sabar wae lan ojo lali nyuwun rezeki marang Gusti” Jawabanku
                Saiki Slamet lan bojone sabendinone menyang mesjid, ngerjakne sholat berjamaah..
                Siji – siji warga perumahan podo moro menyang countere Slamet, enek bocah cilik, uwong enom, bapak-bapak, ibuk-ibuk. Countere Slamet saiki uwes sing tuku pulsa. Awale adol pulsa thok, suwi-suwi nambah, saiki adol pulsa karo aksesoris HP, saben dinone Countere Slamet soyo laris lan wajahe Slamet sing awale nekuk goro-goro gak enek sing tuku saiki banjur mesem ayem usahane wes lumayan payu..
                Slamet dolan menyang omahku
“Mas, seumpamane aku adol HP bekas karo softdrink ngono piye?”
“Iyo gakpopo Met, ide apik kui.. Saiki countermu rame sing tuku yo tak delok hehe..”
“Iyo Mas, Alhamdulillah.. aku mulih disik ya, bojoku mau masak ayam goreng..”
                Gak suwi, sesok enek mobil pick up lewat nggowo etalase gedi-gedi, aku penasaran sopo sing pesen etalase iki.. eh tibake Slamet sing pesen, aku banjur dolan menyang countere lan ndelok Slamet uwes tuku HP Bekas saitik lan softdrink 3 kerdus. Bocah cilik-cilik podo moro menyang countere Slamet amargo saiki gak bakulan pulsa lan aksesoris hp tok, tapi softdrink.. urip neng perumahan rasane emang panas banget, softdrink e Slamet laku keras, neng perumahan pas urung enek toko softdrink sing anyep anyep..
“Laris manis Met..”
“Iyo Mas, Alhamdulillah..”
                Saiki wes tahun 2015. Gak keroso semono suwene Slamet mbangun usaha counter karo bojone dewe, saiki counter e slamet wes gedi, nek diukur okeh banget perkembangane ketimbang 2009 mbiyen, Slamet saiki wes diparingi anak cacahe 2, lanang kabeh, sing pertama jenenge Nizar, sing keloro jenenge Ilham. Nizar saiki sekolah kelas  1 SD, Ilham isih umur 2bulan. Keluargane Slamet ketok ayem, usaha countere terus maju, rame terus. Lan uwes nduwe omah dewe neng sebelah omahku pas.
                2015 akhir, Mas Darso ngewenehi kabar menyang Slamet nek Mas Darso arep pension lan mulih menyang Ponorogo lan ngenggoni omah sing saiki dienggoni Slamet iku, Slamet kaget , bingung kepriye usaha counter sing dibangun kawit 2008 iku, sabendino Slamet gur ngalor ngidul gak jelas, Slamet ketara nek mikir banget soal iki, aku banjur marani Slamet
“ Met, gak usah bingung, nek omah kuwi dijaluk karo sing nduwe aku nyaranke countermu pindahen menyang omahmu dewe wae, ben ogak ngrepotne sing nduwe omah lan kowene..”
“Piye yo mas.. aku bingung, uwes suwe aku neng omah iki, counter iki sing bangun yo aku” jawabe Slamet
“Iyo Met aku paham piye bingungmu saiki, tapi kowe yo gak iso ngelarang amargo kuwi uduk omahmu dewe.”
“Iyo sih mas, yowes sesok tak usung-usung barang counter tak pindahe menyang omahku dewe, omah iki ben kosong wae..”
                Pak Darso mulih lan langsung manggon neng omah sing dienggoni Slamet lan bojone iku.

Bojone Slamet terus nangis, amargo usaha sing dibangun karo Slamet iku kudu pindah soko panggon awale. Lan sak banjure pindah counter, countere Slamet isek tetep rame. Alhamdulillah..

Selasa, 04 Oktober 2016

Wit Bringin

Dening : AFIF MAULANA UJIANTO
Jenengku Andi, aku kerjo ing salah sawijining perusahaan emas ing Papua. Aku asli soko Jowo. Ning kene aku manggon karo bojoku sing jenenge sarah. Sarah ora kerjo dheweke mung njaga omah lan masak. Aku karo sarah durung due anak, alhamdulillah bar 6 wulan nikah bojoku sarah hamil, atiku bebungah banget pas krungu bojo ku hamil. Aku karo sarah rutin 1 wulan pisan menyang dokter kangge mriksakne jabang bayiku.
Jam setengah enem isuk aku lan bojoku sarah menyang dokter kandungan kangge mriksa ake jabang bayiku. Antriane ora okeh dadi aku iso langsung mlebu ora osah gae kartu antrian. Dokter ngomong yen anak ku sehat. Sak bare nek dokter aku karo sarah mampir ing omahe bude ing kota manukwari, sampek teko ngomah jam 10 bengi.
Tak bukak lawang omah alon alon, aku kuaget ngerti barang barng podo ceblok kabeh soko asale. Langsung wae aku mlayu nek kamar ku sing ono ning lantai loro. Tak bukak lemariku sing isine duit 100 JT bablas, sewengi utuh aku mikir pie carane ben duit 100JT kui mau iso mbalik. Amargi sesuk isuk arep tak setor nek BANK, soale duit iku mau duit kantor.
Sesuk e aku budhal menyang kantor kangge ngomong kalih Bozz yen duit setoran kantor ilang, digondhol maling. Bozz ku ngomong yen aku kudu nganti duit kui, soale iku wes nek njobo tanggung jawab kantor. Aku ngangguk tanda setuju sembari nelen idu, bar ko kantor tekan sore, wes wayae bali. Aku mlebu mobil lan manasi mobilku sembari nelpon bojoku. “Tuut tuut, Assalamualaikum dek, awakmu wes mangan?”, pitakon ku alus. “Waalaikum salam mas, aku wes mangan, iki mau aku bar delivery nek masakan padang. Sampean wes mangan durung. ? eh pie mau masalah duite ?” jawape istriku cepet banget. Jawabku alon alon “ngene dek, iki mau boss ngomong yen aku kudu ganti duit sing di ilang dik wingi, soale iku wes ning njobo kewenangan perusahaan, oke dek aku otw bali, tut tut tut” telpon tak pateni lan ndang bali nek ngomah. Amargi ora mood, aku nyetir mobil ugal ugalan, aku ora sadar yen ning mburiku enek sing numpang, klambine putih, gede, lan wajahe medeni. Sontak aku kaget lan mbengok,
“Pergi, pergi”. Dheweke malah guya guyu ora jelas. Bar kui dheweke ilang mbuh nyandi parane. Bar kui langsung  aku mengo nek nagrep, enek uwit beringin gedi jarak 5 meter soko mobilku, aku kaget, setir tak enggokne ora iso, tak rem ternyata rem e blong.
Bantere mobilku 140km/jam langsung nabrak wit bringin ning sebelahe kuburan kui mau. Brukk dar boom. Bar kejadian kui aku ora eling opo opo. Allahamdulillah aku ora luka parah, mung titik gores ing kepala, bahu karo lengenku amargi kenek pecahan koco. Untung wae aku ora mati omongku nek njero ati. Aku langsung metu soko njero mobil banjur golek bantuan, nek tkp ora enk wong liwat blas, sepi lan peteng dhedhet. Mung lampu darurat mobilku tok salah sawijining penerangank. Bar kui aku keturon.
Aku keturon meh 3 jam-an. Ana suara nyeluk aku, “Mas, Mas, tangi mas,” tibane suara pak polisi tak kiro nek suara medi. Langsung wae aku nyaut “Nggeh pak”. “Sampean sing kecelakaan iki mau ya mas?”, pitakone polisi sembari foto foto TKP. “Nggeh pak leres” jawabku. “Ayo mas sampean tak terne bali, mengko mobilmu ben di urusi anak buahku”,ajak e pak polisi “nggeh pak”, jawabku. Aku lan pak polisi mlebu mobil patroli.  “Sampean mung luka ringan to?”pitakone polisi meneh sambari nyetir mobil. “Nggeh pak kula mboten nopo nopo, namung radi ngantuk” jawabku maneh. Bar kui aku ngritakne kronologine kejadian iku mau neng pak polisi, dhewek e nyimak banget opo sing tak omongne .
Allhamdulillah, aku wes teko omah, aku lali yen kunci omah tak dekekne dasboard mobil. Aku njajal mlebu liwat lawang mburi ora iso, lewat jendela yo ora iso, enek pilihan terakhir yaiku turu ing teras njobo.  

REWANG

                                     Rewang
                       Dening Cecilya Silalahi

Terah kadang omongan kuwi luweh mblesahi tinimbang ladeng. Mula saka kuwi aku luweh seneng meneng menawa enek tanggaku sing rasan-rasan perkara kahanan omahku, aku yo berusaha supaya ora melu rerasan karo liyan. Aku terah ora seneng nangga, tapi lek ana tanggaku yasinan, kenduri, hajatan aku yo gelem rewang. Bah neng kana aku dijak rerasan kui beda urusane, paleng-paleng aku yo gur mesem utawa semaur yo utawa ora.
          Tanggal sepuluh sasi Besar iki tangga sandeng omahku pas mantu, bu Welas randa ditinggal mati bojone enem tahun kepungkur. Deweke lan keluargaku wes kaya dulur wae, masio aku lan bu welas seje pemikiran tapi ora dadi masalah. Yo kepriye ora beda, bu welas nyambut gawe bakul rujak petis ning ngarep omahe dadi sewayah-wayah jagongan lan rerasan liyan, dene aku mergawe ning kantor KUA cedek bale desa, menawa muleh saka kantor aku banjur mapak anakku Bagas sekolah terus aku leren sedela bar kuwi langsung nyandak gaweyan omah. Bu Welas kui sakjane iseh dulur adoh saka ibuke bojoku seng saiki wes kapundhut.
           Ora ana angin ora ana udan, aku ora eruh opo sebabe nyapo aku ora dikongkon rewang dening bu Welas. Aku kami thonthongen, banjur aku takon marang bojoku ae sapa ngerti bojoku diwelingi gek lali ora disampekne neng aku “Mas, njenengan opo gak diwelingi bu welas, menawa aku kon mrono?” takonku, “Ora ki dek, lho lha sampeyan opo ogak diweleng?” takone bojoku genti, “Yongalah maass,mas lek aku diwelingi nyapo yoan aku takon.” Sauranku rodok gemes. “Opo kira-kira Bu Welas lali yo dek?” bojoku balek takon maneh. “Lha gak ngerti mas”
           Tak enten-enteni bu Welas yo ora mara ning omahku. Arep teka wedi diarani cluthak, ora teka kok kaya ora patut men. “Wes dek ojo dipikir nemen-nemen, saiki sampeyan mrana wae pumpung minggu yoan, ora ketang ngetok karo nggawa gula sepuluh kilo neng centhongan kuwi. Mau wis tak tukokne neng surya muleh saka polres” Sarane bojoku.“Nggih mas, lek menurute sampeyan ngono aku manut wae, yowis aku budal disek mas” pamitku.
          Tekan kono aku langsung nggoleki bu welas tapi ora ketemu, akhire tak gletakne gulaku banjur aku nggabung karo barakane bu Karmi, bu Nini lan bu Reta seng lagi mbungkusi madu mangsa neng emperan omahe bu welas tapi wes kiyupan dening terop. “sugeng enjing ibu-ibu, mangga kula rencangi.” Tawaku marang  ibu-ibu kuwi mau. “Loh sampeyan ogak dines iki mau?” takonane bu Reta, “Libur ibu-ibu niki wau lak dintene Minggu.”. “Mbosanu libur ngono lagek ngetok, mbosanu dina biasa kaya-kaya pejabat, sok sibuk raeram” semaure bu karmi judes tapi lirih. “Uwes, uwes mangga pinarak bu.” Sumanggakane bu Nini. Aku meneng wae, ojo sampek semaur tinimbang marai rame, aku pilih mbisu karo bungkus-bungkus madu mangsa.
           Ora let suwi bu welas teka, aku banjur menyat saka bungkus-bungkus terus nyalami deweke “Bu niki sekedik sangking kula lan keluarga, sepurane sakniki kula badhe nyuwun pamit mawon badhe enten arisan Bhayangkari dhateng griyane Bu Romlah” ujarku karo nggawe alesan ben iso age-age muleh. “Loh, kok kesesa to bu, mangga ta pinarak rumiyen.” Saure bu Welas. “Inggih, mangke kula mriki maleh bu.” Hoalah lek ngoten njenengan rantos sekedap.” Tibake bu Welas nggawane aku jajan becekan. Pas aku arep muleh aku krungu wong muni “Heleh kur ngge patut-patut ae.” “Halah bene, gaweyan mbungkusi madu mangsa e mletre kabeh ngono kok giaya.” “Kuwi mono oleh mas Tegar bejo banget, wes ganteng, polisi, sabar, ora neka-neka sisan.” Krungu suara rena-rena ngana kuwi aku panggah milih meneng lan kudu isa maklumi yen manungsa kuwi trah ya nggone wong luput.
          Tekan omah aku lagi cerita ning bojoku masalah omongane ibu-ibu mau, lek aku ora cerita aku arep mbagi susahku karo sapa meneh, krungu kuwi tanggepane bojoku ya kaya biasane “Sing sabar dek, ngene iki jenenge wong urep, rena-rena.”. “Iyo bener rena-rena mas, tapi saurane sampeyan seng ogak rena-rena” sauranku karo nglempiti klambine bagas. “Yowis, saiki piye ben amrih atimu bungah dek?” takone mas Tegar. “Menawa aku ngerti lakyo tak lakoni to mas ben atiku ora kemrungsung ngene iki.”. “Yowis saiki ngene, engko mulih saka arisan Bhayangkari lak jam setengah 3 sore ta? Engko sampeyan aja langsung muleh, engko tak papak sisan aku ngeterne bagas. Mobilmu titipno daleme bu Romlah disek, bar kuwi sampeyan numpak mobilku terus awakedewe nonton film sing anyar kuwi lo dek, apa ta judule kok kelalen aku.” Semayane bojoku. “Rudi Habibie mas? Apa Koala kumal? Apa Single?” takonku semangat. “Sak senengmu wae dek, aku manut sampeyan. Cocok to karo ideku?” takone bojoku karo mringas-mringis. Atiku bungah banget, aku kudu akeh bersyukur marang gusti, iyo bener tanggaku terah lambene pada nggambleh, tapi bojo lan anakku wes cukup ngisi dina-dinaku.

Senin, 03 Oktober 2016

Layang sing Daktunggu

Dening : Diana Ayu Octaviya (12)


Wis ana setahun iki Bojoku riwa-riwi tumekan ngendi-ngendi nganti sak ambane tanah jawa iki uga melu ditekani kanggo nglamar kerja, nanging ora ana sing menehi pegawean marang bojoku. Lha mung nggawe ijasah lulusan SMA, apa ana pegawean sing mbutuhake ijasah SMA ing jaman saiki. Sing sarjana (S1) wae akeh sing dadi pengangguran, lha kok iki malah nggur lulusan SMA.
            “ Kepriye Pak, anggonmu nglamar kerja iki mau ? “ pitakonku marang Bojoku
        “ Ya kaya biasane bu, bu. Dudu rejekine “ jawabane bojoku sinambi nyruput kopi sing lagi dakgawe.
          “ Gek Kepriye Pak, Danu saiki wis kelas 6 SD dilut engkas ya gek SMP, mesti ya ngetokake ragad maneh “ wangsulanku sinambi mbesengut marang bojoku
         “ Iya Bu, iki Bapak ya ngusahakake golek pegawean, sampeyan dongakne wae muga-muga Bapak sesuk oleh pegawean. Tambah ayu Buk, anggonmu mbesengut ngunu kuwi “ jawabane bojoku sing lagi nenangake atiku.
         “ Halah Bapak iki kok ya sik nggombal ta. Amin Pak, muga-muga sesuk Bapak oleh pegaweyan. “ jawabanku sinambi mesem marang bojoku
Dina iki mau, dina sing daktunggu-tunggu kabar saka bojoku amarga dina iki terakhir e bojoku nglamar kerjo ing tanah jawa. Nek saumpama ditolak maneh, kepeksa bojoku arep golek pagawean ing negara liya.
            “ Bu….. Bu……. Bu…… “ swarane bojoku
Krungu swarane Bojoku celuk-celuk, ati iki tansah ndredheg, awak iki wis gobyos dhisik uga arep ngrungokake kabar sing daktunggu kawit esuk mau.
           “ Ana apa Pak ? kepriye lamaran kerjamu ? ditrima apa ora? “ pitakonku sing lagi penasaran
        “ Siji-siji wae ta pitakonmu kuwi. Alhamdulillah Bu, Aku ketrima kerja ing Jawa Tengah, PT Maju Jaya. Ning perusahaan ban, Bu “ wangsulane bojoku
         “ Alhamdulillah Pak, pandongane awake dhewe kawit mbiyen uga dijabah dening Gusti Allah ing dina iki. Kapan Pak mulaine kerja ?“  mbalik anggonku pitakon
          “ Insyaallah sesuk Bu, “  wangsulane sinambi ndelehake tas ning meja
         “ Lhah, cepet banget ta Pak, Alhamdulillah iso ndang kerja “ wangsulanku
         “ Iya Bu, nanging kerjaku ning Sulawesi Selatan Bu, “ wangsulane bojoku
       “ Lha kok ning kono ta Pak, maleh adoh ngunu, jare dekmau ning Jawa Tengah? “ pitakonku maneh
            “ Sing ning Jawa Tengah iku kantore Bu, perusahaane ning Sulawesi kono. Lan sesuk isuk wis budhal rana parane Bu, Piye menurutmu Bu ? “ pitakone bojoku sinambi nyawang aku
            “ Ibu, manut Bapak wae, nek Bapak srek ya ora masalah pak. Wis pokok e terserah Bapak wae lah, endi penak e. lha trus manggone  bapak ning ngendi ? “  pitakonku
            “ iya Bu, ning Sulawesi wae lah Bu, ketimbang kerjo ning negara liya, angur ning negarane dhewe . Masalah panggonan wis diurusi dening direkture Bu. Iki engko dakurus tabungan bakal sampeyan lan Danu Bu, dadi njukuk dhuwit e lewat Bank “  wangsulane bojoku
Seneng opo ora yen krungu kabar iki mau. Aku seneng yen bojoku wis oleh pegawean nanging aku ora lila yen bojoku arep mangkat ning Sulawesi. Bingung rakaru-karuan sing dakrasakake saiki.
Saka sisih wetan lamet-lamet sunaring srengenge wis jumedhul. Saka pucuk godhong katon tumetesing embun katrajang sunaring srengenge werna kuning kang nengsemake ati. Ketambahan kluruke pitik lansaka awang-awang ketawis ana manuk kang menclok ing dhuwur wit randhu. Koper, tas,  lsp uga wis dicepakake ing ngarep omah. Isuk iki terakhire aku ndelok praupane bojoku lan uga anakku sing kawit mau nangis misek-misek amarga weruh bapakke arep tindak adoh. Eluh iki wis ora bisa diempet maneh, siji-siji eluh iki netes ing pipi saya suwe saya deres.
Wis ana 5 sasi iki anggone bojoku kerja ing Sulawesi Selatan. Nanging dheweke durung ngewenehi aku kabar tumekan saiki. Pancen Bojoku lan Aku ora nduwe Telepon ojo meneh HP, desaku iki trah ya desa sing adoh karo kuthane. Sinyal wae ora ana amarga kuwi wong-wong ing desaku bodo ora ndue HP paling ya mung siji loro sing ndue. Dadi ben Aku bisa komunikasi marang bojoku carane ya mung lewat Layang. Layang sing dakkirim kawit dekwingi kok ya ora ana balesan dening bojoku.
Ati iki tansah gelisah, semrawut lan awak iki rasane adhem panas ngenteni layang sing dikirim bojoku. Apa dheweke wis lali marang aku?, Apa layang sing dakkirim urung teka kana?, Apa bojoku lagi sibuk anggone nyambut gawe saengga ora ana wektu kanggo mbales layangku iki? Kabeh pitakonan ing batin kuwi ngebeki pikaranku, tambah mumet sirahku.
Saben isuk, awan , sore aku wis siap-siap jumeneng ing ngarep plataran omah kanggo ngenteni Pak Pos liwat, nanging nganti 5 dina kepungkur iki ora ana Pak Pos mandheg ing ngarep omah lan wis 5 layang sing isine padha uga ya ora ana balesan blas marang bojoku. Kepekso sisuk isuk aku budhal menyang kantor Pos ndelok layang sing dakkirim wis teko ning alamate bojoku apa durung.
Srengenge wis mulai sumunar madangi cakrawala sing maune peteng ndedhet. Godhong-godhong teles karo embun. Wit-witan obah diembus angin esuk sing atis. Suasana sing maune peteng saiki padhang lan katon seger. Padha karo semangatku ngeterake Danu sekolah sabanjure karo menyang Kantor Pos sing jarake 20 km saka omahku, ngenani masalahku kawit wingi. Banjur wis teka ing Kantor Pos, langsung wae daktekokake ing salah sawijine pegawai (bagian customer service). Alamat sing ditujukake ya wis bener, ora ana salah apa-apa lan wis teka ing tujuan 3 dina kepungkur iki, nanging kok ya ora ana balesan. Biasane bojoku nek uwis dikirimi layang uga ndang cepet-cepet dibales.
       “ Maaf mbak, apa ada seseorang yang dari Sulawesi mengirimkan surat untuk tujuan jalan Margapura no. 32 B , Desa Nglayang, Ngrayun, Ponorogo ?” pitakonku marang pegawai kuwi
          “ Sebentar Bu, saya lihat dulu “ wansulane pegawai kuwi sinambi ngothak-ngathik komputere.
Wis 5 menit, nanging pegawaine iku tansah sibuk nggolekki data sing dakkarepake. Dhadha iki katon seseg lan ndredheg banjur pegawaine wis mandheg anggone ngothak-ngathik komputere lan kaya wis nemokake data iku.
              “ Bagaimana Mbak ? “ pitakonku sing lagi penasaran
            “ Memang ada yang mengirimkan surat dari Sulawesi ke desanya Ibu, tapi ini bukan alamat rumah Ibu “ wangsulane pegawai iku
         “ Maaf mbak, itu Sulawesi bagian mana ? alamatnya dimana mbak? Yang dituju di alamat mana mbak ? pengirimnya dari siapa mbak ? “ pitakon-pitakonku iki sing ngebekki pikiranku
“ Dari Bapak Sarmono, Alamatnya Jalan Lheuksumawe, Makassar, Sulawesi Selatan kepada Ibu Suhartini , Jalan Argapura No. 32 B Desa Ngrayun, Ponorogo. Wangsulane pegawai kuwi kanthi sabar
Biyungalahh,, lha iki pancen bener layang saka bojoku. Wis adhem tenan ati iki krungu wangsulane pegawai kantor Pos iku mau. Layang sing daktunggu meh seminggu iki jebule kliru alamat, sing dituju malah ing omahe tanggaku. Yungalah, pak, pak, wis pirang-pirang taun manggon ing ngomah iki kok ya durung apal jenenge dalan ning omahe dhewe… kemekel tenan guyuku ing batin iki.



MAK DEG MAK TRATAP



Dening M.febri Hariadi

              Saiki aku wes jaka . Wus ana ati kang bisa angrasa , wus ana manah kang bisa ngerti , wus ana pangrasa kang bisa njamah tresna . Iya tresna , salah sawiining rasa kang ora bisa di jlentrehake , salah sawijining rasa kang ora bisa dijelasne maring lathi , ananging ana ati kang luwih mangerti . Tresna kuwi isa agawe udan sajroning ati , isa uga agawe pelangi ing salubere pipi . Lumrah wae yeng ana wong lara ati , kathah eluh e kang kasuntak saka pipi ananging larane , retak e, pecah e krasa ing ati . Lan ugi lumrah wae yen ana wong bebungah ati , geguyune , sumringah e kapancar saka sakjerone jiwa , lan luruh ing lumakune raga .
               Sejatosipun tiyang gesang punika amung wewayange gusti , sejatosipun tresna sampun ana sing ngatur . Manungsa satemene amung kantun nglakoni apa wae kang di ginariske . Tresna wus diatur gusti , jodoh uga wus ana ing tangane gusti . Ananging apa aku bakal ngenteni jodoh kang ana tangane gusti ? , ora aku bakal gawe cara apa bae supaya ditemokake jodohku , sigarane atiku kanthi usahaku , amarga aku ngerti yen tresna iku pancen butuh pangorbanan .
               Satitik wae aturku panemuku omong babagan tresna , kepriye rasane anandhang tresna . Kanggo dieling-eling yen tresna iku butuh pangorbanan .
               Iya bener banget yen saiki aku wus jaka , wes meh rong dekade anggonku urip ing ndunya , 19 tahun umurku , SMA sekolahku . Aku sekolah ing salah sawijinng sekolah ing kuthaku , SMA 3 jenenge . Masa SMA iki temen kang banget ora isa dilalekke . Ana rasa kang beda nalika nyawang wong wadon , ati iki kaya-kaya wus isa milih endi-endi sing pengen dakduweni . Ananging aku ngerti rasa-rasa iki durung sampurna , yen wong gaul ngarani cinta monyet jenenge . ati iki tresna kae , uga tresna kae , iya pancen apa iki kemau sing diarani cinta monyet . Emboh lah aku ora isa mikir ati iki kok bisa gampang wae tresna marang wong liya .
                 Saiki aku duwe setitik rasa marang sawijining bocah wadon , pancen bener yen dheweke kui ayu , saka mancung irung e , nanggal sepisan alis e , pasangan idep e , lan saka praupane , kaya-kaya laler wae kplese yen mencok , Elsa jenenge . Beda sekolah karo aku , dheweke sekolah ing SMEA , masio beda sekolah kaya-kaya aku nyawang dheweke ing endi-endi panggonan , mung dheweke sing ana pikiranku , tapi lathi iki ora wani ngomong .
                Ana sawijining bengi , dumadakan dheweke sms aku , kenangapa dheweke sms aku , nuli tak takoni ,”tumben awakmu sms aku?’’,”iya” jawab e dheweke . “Awakmu saiki apa lagi dhewean?’’ jawabku kanthi langsung , “iya pancen aku dhewe !” , walah ati ndredek jedub jedar oleh sma kaya mangkana , dasar aku gampang dregek marang bocah wadon , nganti bingung kepriye maneh anggonku jawab. Pratanda apa iki gusti oleh sms saka Elsa . Nanging aku kudu sabar , ora kena kesusu anggonku tindak . Anggonku kepengin nduweni dheweke rina klawan wengi tansah kaantu-antu kaimpi-impi, gegadhanganku isa tak pek dadi bojo .
                Dina saya dina kaliwat , aku karo dheweke sya cedek wae liwat sms . Aku ngerti yen Elsa kui bocah apik-apik ogak ngapusinan , dadine terus bae tak lanjut hubungan iki . “ Mas ayo pisan-pisan metu !’’, pamjaluke ,”ayo wae , ananging kapan?”. Biyuh bungahku buncah rakaruan maca ukara saka Elsa mangkana kui mau , kawit mbiyen anggonku pengen metu bareng arep kaleksanan , ati iki karep banget ibarate gunung wus ora bisa kanggo mbendung .
                 Anggonku sekolah saya-saya semangat amarga iku mau. Anggonku mlaku menyang kelas entheng wae amarga rasa ati lagi seneng . Ing satengahe laku ku ujug-ujug sak klebat lumangkahku malih alon , aku kaya nyawang widadari , aku mbalik mlaku mundur . Tibake ana bocah wadon sing ayu jian neng sekolahku , opo iki sing diarani cinta pandangan pertama . Aku ya bingung iki ati kok bisa molak-malik kaya simbok goreng tela , wingi aku tresna kae , saiki tresna iki , sesok embuh tresna sapa maneh , pancen bener cinta monyet iki .
                 Bali maneh marang bocah iki mau , tak cedeki dheweke , masio dada sesek ngajak wegah , masio ati omong aja amarga wus ana Elsa ing sajrone ati , nanging lakune raga tan ora bisa tak kendalekake, sida  tak parani dheweke , tak salami , tak cekel tangan e suwi , “Dhek jenengmy sapa?’’ adem panas aku ndemok tangane , “aku juwita mas! ‘’, alus jawabe marang aku . Makcles rasane ati krungu dheweke jawab . Isin , seneng , mendem , dadi siji rasane , jatuh cinta berjuta rasanya . ‘’Mas sampean kelas pundi kok ujug-ujug kenalan karo aku , aku iki isek jomblo lo mas , ojo-ojo sampean tresna karo aku’’ baiyuh unine karo endhel ndrodok keder aku krungu ucape, ‘’aku kelas 3 neng kene kok dik , halah omong opo we ki ‘’ jawabku kanthi gobyos kembloh . Garagara ketemuan iki atiku koyo ilang di colong juwita kabeh .  Gara-gara iki uga rasa ku menyang Elsa ilang keplas ngono wae .
                      Dina minggu isuk Elsa bali maneh sms aku ,”ayo mas dolan menyang taman kota !’’ , atiku wes kadong kecantol marang juwita , sms e Elsa ora tak bales , Elsa bola-bali sms nanging gak tak bales babar blas , sitik crita aku pengen ngilang saka Elsa , aku pengen fokus marang juwita .
                      Dina Senin aku sekolah tak temoni maneh Juwita , saiki aku malah luwih kepingin ngajak juwita dolan tinimbang karo Elsa . aku mlaku menyang kelas e juwita , “ dhek kingko bengi ayo dolan golek mangan!” penjalukku , “ayo mas , tak tunggu neng restoran etan alun-alun ya mas, aku mengko dewean lo” jawabe dheweke . Wuih atiku seneng bianget krungu jawab e sing gelem lan pengakuan e yen dheweke iseh dewe . Motor tak kumbah tak serbeti gilap kanggo anggonku metu nemoni juwita , bengine aku macak kanthi pacakanku paling ngganteng , klambiku sing paling anyar , dompet wes tak iseni duwit , awak tak semprot minyak wangi , kabeh wes siap , aku siap budal menyang restoran . Aku budal gawa ati sing seneng banget , kaya ndunya aku dewe sing duwe . Aku teko restoran , helm tak cepot tak sawang menyang jero restoran amarga juwita kanda wus ngenteni . Nanging DHEEGGG TRAATTAAP !! , ceblok helmku ambruk motorku , sesek dadaku , byar jedar, Juwita karo wong lanang liya lagi dulang dulangan . Jebule sumpahe jebule sumpahe ra bisa digugu , apa iki karma ? .

KANG ORA TAK DUGA



Dening : Vivi Nur Afifah
Sumilire angin iki tansah gawe atiku bungah lan sumringah. Ati iki rasane adem ayem tentrem krungu kabar yen ibuku bakal bali saka luar negri, tapi  kabar iku sek durung pasti amarga ibu nambah cuti maneh. Ati sing wis ayem bungah maleh keranta-ranta lan neteske eluh ning pipi. Aku wis pirang-pirang taun di tinggal ibu menyang negarane uwong. Saka aku iseh umur patang taun ngasi tumekan saiki aku wis kelas 2 SMA. Iku wis sui banget, sampek aku wis lali wajahe ibuku kaya apa ngirim poto utawa ngirim surat wae gak tau belas siji wae. Kepingin rasane oleh kasih sayang pelukan saka ibu amarga kadang aku yo iri karo kanca-kancaku sing budal sekolah lan mulih sekolah di peluk cium lan dikandani semangat sekolahe. Ananging ekonomi sing pas-pasan gawe mangan wae yo pas-pasan banjur kahanan iki sing marak’ake ibu kudu kerja ing negarane uwong. Ning omah aku amung karo bapak. Susah seneng tak lakoni karo bapak, bapak amung kerja serabutan. Dodolan gedang dodolan koran tak lakoni kanthi iklas ati. Di ilok-ilokne uwong aku wis ra peduli sing penting aku iso mangan karo bapak wae ati iki wis seneng.
Emboh nyapo ibu kui wis ra peduli lan ora gelem ngirimi duwit sitik wae kanggo anak lan bojone. Anake ya mung aku tapi belas ra tau ngurusi aku kanthi bapak sing dadi ibu ku. Aku sabar sabar lan sabar kanthi sabarku wis ora ketulungan.
“Bapak, sakjane ibu ki kapan to baline pak aku wis kangen marang ibu aku yo kepingin iso di peluk cium ibu kaya liyane pak..”
“Ibu ki mesti mulih, tapi emboh kapan mulihe ditunggu maneh wae kabar baline piye, sing sabar ya ndhuk cah ayu..” sumaure bapak karo rada mbrebes.
“Enggeh bapak, aku bakal nunggu baline ibu bakal tak tunggu aku wis kangen ibu.”
“Bapak yo kangen marang ibu, mugo-mugo ibumu ning kono sehat-sehat wae..”
Banjur aku ngomong kangen kui, rasane aku pengen mati aku wis ora ana guna urip ning donyo iki, sakjane aku iki sik nduwe ibu ananging ibuku wis ora gelem ngurusi aku. Aku salah opo sampek-sampek ibu kandung ku dewe kaya wong jahat sing nlantarake anake dewe. Aku wis arep bunuh diri amarga kangen ku marang ibuku wis ora iso tak pungkiri. Ananging yen aku mati saiki bapak bakal luwih susah lan urip dewe keranta-ranta lan kudu nyukupi sandhang pangane dewe. Kabar ibu mulih iku mesti omongane bapak sing kepingin nyenengke aku ben aku ora nangis wae koyo wong gendeng. Aku wis patut yen dilokne wong gendeng amarga gendeng mendhem kangen marang ibuku dewe.
Kabar ibu mulih sampek wis patang ulan mung angin liwat emboh parane nyandi. Mabur kanginan digondol angen-angen sing mabur rono mabur rene kaya ati iki sing rasane ra karu-karuan bentuke. Aku nyobo telpon ibu ananging nomere wis ora aktif, isone ya mung telpon, hp wae ya sik senteran urung iso tuku hp sing iso di geser geser di sentuh aplikasine. Iki anamung hp jadul kang sabendino tak tunggu kabar mulihe ibu.
Karo tak sambi dodolan gedang aku nyobo nglirik hp senteran ku iki, hp sing rumangsaku wis apik banget kui. Aku mandek ing ngisor wit ringin karo mangan gedang. Tak sawang bocah-bocah sing nasibe luwih apik tinimbang aku sing mlayu-mlayu digodak ibuke.
“Wis laris dhik dodolane..”                                                           
“Dereng,eh bapak, bapak kok ya ning kene bapak mau pora ning omah..”
“Sampean gak ngerti dhik, bapak kerja dadi tukang rosok dhik, bapak ngeneki amarga bapak wis bingung kerja apa, mesakne  sampean dhik mbendina ora sekolah anamung kerja dodolan gedang kadang yo dodol koran bapak ora tega, bapak nyuwun ngapura..”
Krungu kaya ngono mau padha tangisan ing ngisor wit ringin kui. Urip amung akeh cobo lan pait e urip ra tau mandhek ing tengah-tengahe keluarga iki. Aku karo bapak anamung nduwe rasa sabar kang akeh banget. Yen ora nduwe rasa sabar kui ambyarr atiku gumebyar mati bunuh diri amarga wis ora kuat.
Banjur kui aku lan bapak ora ngarep-ngarep ibu mulih. Percuma yen di arep-arep mulihe, ibu yo ora bakal peduli lan wis nglalek’ake keluarga kecile sing atine saben dina mangan sabar. Allah bakal ngrungak’ake pandongane bapak lan pandongaku sing dongak’ake ibu ing adoh kono.
Sampek-sampek aku wis ora kelingan belas marang ibuku wis seminggu iki aku lan bapak wis lali lan ora ngeleng-ngeleng ibu. Ibu sing biasane tak tangisi saben dina saben wengi. Tapi atiku kroso ora penak kaya ana pikiran sing semrawut sing nggawe aku kudu nangis lan ngelus-ngelus poto ibu jaman biyen sing ana ing ruang tamu.
“Dhik, dhik dhik bukak pintune..”suara kang banter ana ing njaba
“Nggeh pak wonten napa?”
“Dhik,bapakmu ana ngendi iki enek kabar yen ibumu tibake wis ninggal suwi ing luar negri. Iki aku oleh kabar saka mbak ana tanggane adhewe sing kerja ing kono ibumu ninggal mergo sakit jantung. Wong kono gak gelem ngabari perkoro emboh nyapo dhik..”
Krungu kabar kui aku nangis mbengok-mbengok wis rakuat.”Pak.. bapak ibuk ninggal bapak ibu ninggalne adhewe bapak.. bapak ibu tego pak bapak..”
Aku nangis njerit-njerit dadaku sesek wes adem panas ngerti bapak ora sumaur bengokanku amarga di pundhut ing Maha Kuasa ninggalke aku. Bapak ninggal keadaan sujud pas solat. Astagfirloh hal’adzim rasane atiku wis ora kenek di tata. Ibuku sing tak angen-angen sing tak kangeni tibake ninggal wis suwi ing negarane uwong, saiki bapak sing nunggu-nunggu baline ibu yo ninggal. Uripku ajur wes ora karu-karuan. Aku wis ora nduwe sapa-sapa. Aku dewe, aku ngopeni awak ku dhewe lan golek sandang pangan dhewe tanpo bapak lan ibu ku. Ibu ora mulih ing omah ananging ibu mulih omahe Allah. Banjur bapak melu ibu mulih ing omahe Allah. Rasa kangenku marang bapak ibu tak titipne ing kerlip lintang ing saben wayah bengi.